Pangentasan 2:23-24; Jabur 105:1-6, 23-26, 45b; Efesus 5:1-6
ELING JANJI
“Gusti Allah miyarsaake pasambate, banjur ngengeti praseyane
karo Rama Abrahan, Iskak, lan Yakub”
(Pangentasan 2:24)
Janji iku utang, kudu ditetepi, ora diblenjani. Janji, gampang diucapake angel dilkoni. Nyedhaki pemilu para pemimpin ngumbar janji, ndakik-ndakik, bareng wus kapilih, lali karo janjine dhewe. Calon panganten uga ngucap janji marang bakal bojone: arep urip suci bebarengan, bakal tansah tresna sajeroning bagas waras lan lara, kakurangan lan kaluberan, susah lan seneng nganti pati misahake, bareng wis omah-omah akeh sing lali janjine. Pejabat-pejabat kang wis ngucap janji bakal nyambut gawe kanthi jujur, nyatane akeh sing padha korupsi, ora eling marang janjine.
Gusti Allah, nate janji karo Abraham, Ishak lan Yakub, bakal ndadeake keturunane bangsa kang luhur. Sanadyan dalan tumuju dadi bangsa luhur iku abot ambah-ambahane, nanging ora dadi pepalang tumrape Gusti Allah kanggo mujudake janjine. Gusti iku ora bakal supe apa maneh blenjani janjine.
Kacarita bangsa Israel nalika isih ana ing Mesir, sawuse Yusuf seda, uripe rekasa, amarga padha didadekake batur (budak). Sambat ngaru-arune bangsa iku kapiyarsa dening Gusti, sarta banjur ngengeti prasetyane marang bapa leluhure Israel banjur ngutus nabi Musa kanggo ngentasake Israel saka ing tanah Mesir.
Gusti ora bakal blenjani janji, bakal nuntun lan berkahi saben wong pracaya. Wes samesthine wong pracaya uga padha ngugemi janjine nalika padha kabaptis utawa ngaku pracaya. Kasetyane Gusti marang janji uga dadi pepeling supaya padha setya marang saben janji kang nate kaucapake nalika padha nikah, tetapan kalenggahan, kampanye janji liyane ana ing urip padina. Eling marang janji iku orang mung eling marang unine janji nanging mujudake ana ing kasunyatan. |*SSS