Bulan Katekese Liturgi Tahun 2023 Penghayatan Liturgi Kehidupan Sebagai tindak lanjut dari Seminar “Liturgi Kehidupan” yang dilakukan melalui Zoom Meeting pada 10 Oktober 2022 yang lalu, maka pada penghayatan Bulan Katekese Liturgi Tahun 2023 ini, Puskat melalui Bapelsin XXVIII GKJ mengajak gereja-gereja di lingkungan Sinode GKJ untuk menjadikan Bulan September 2023 ini sebagai ruang penghayatan praktik-praktik liturgi kehidupan dalam konteks masing-masing gereja. Selanjutnya, penghayatan tersebut dapat dibagi menjadi 2 (dua) kategori: Melalui semangat dan gerak bersama sebagai Gereja-Gereja Kristen Jawa dengan berbagai kekayaan konteksnya, semoga praktik-praktik liturgi kehidupan dapat terus tumbuh dan berkembang di tengah-tengah dunia, di mana masing-masing gereja kita dipanggil dan diutus. Kiranya Tuhan berkenan atas pelayanan kita. Bapelsin XXVIII GKJ Klik Disini untuk mengunduh —
PEPENKRIS 2023
Pedoman Pekan Pendidikan Kristen 2023 Laporan Kegiatan Pekan Pendidikan Kristen 2022
Senen, 31 Juli 2023 Minggu Limrah XIII
Purwaning Dumadi 30:25-36; Jabur 65:8-13; Yakobus 3:13-18 SUGIH ING KAYEKTEN “Sarta mungguh wohing kayekten iku kasebarake sajrone tata rukun tumrap wong-wong kang olah tata rukun” (Yakobus 3:18) Manungsa punika mboten saged ngraosaken marem utawi mongkog namung awit saking barang darbe ingkang awujud kadonyan kemawon. Mekaten ugi jiwanipun manungsa mboten saged nggadhahi raos marem utawi mongkog awit dayaning klangenan sacara jasmani kemawon. Kita temtunipun enget bilih manungsa katitahaken manut ing panguwaosipun Gusti Allah. Bab punika dumados awit karsanipun Gusti Allah, manungsa saged tetunggilan kaliyan Panjenenganipun. Mila dados kanugrahan ingkang ageng tumrap saben tiyang ingkang tansah tetunggilan Gusti Allah saha ngraosaken pangrehipun Sang Roh Suci. Taksih kathah tiyang ingkang dereng sumanggem nindakaken bab karohanen, sabab tiyang punika taksih kapilut dening kadagingan lan kadonyan. Rumaos marem lan bombong dhateng dirinipun piyambak, sarta kabanda dening panguwaosing dosa. Ingkang nama dosa punika saestu mbebayani tumrap gesang kita. Tiyang sanes mboten saged mangertos bab punapa kemawon ingkang wonten ing manah kita. Punapa menika raos meri, mboten remen, cubriya, lan sapiturutipun. Awit saking punika mila roh kita mboten purun sesambetan kaliyan Rohing Allah, inggih punika Roh Suci lan kayekten. Sadaya tiyang pitados nggadhahi piandel bilih Roh Suci tansah makarya ing salebeting gesangipun, ananging namung sakedhik ingkang sumadya nyawisaken wekdal kangge mirengaken suwantenipun Gusti Allah lumantar Sabdanipun. Pramila sumangga kita tansah nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, supados lumantar panguwaosipun Sang Roh Suci, kita kaparingan kasagedan kangge ngupadi murih saged setya tuhu nindakaken dhawuhipun Gusti Allah, nggadahi kayektenipun Sang Kristus, mratelakaken katresnan, lan gesang kanthi rukun kaliyan sesami. I*PS
Ahad, 30 Juli 2023 Minggu Limrah XIII
Purwaning Dumadi 29:15-28; Jabur 105:1-11, 45b; Rum 8:26-39; Mateus 13:31-33, 44-52 DADOS TIYANG INGKANG UNGGUL “Nanging mungguhing bab iku mau kabeh, kita padha ngungkuli wong kang padha menang, jalaran saka Panjenengane kang wus ngasihi kita.” (Rum 8:37) Wonten ing bab tetandhingan, kawon punapadene unggul menika dados bab ingkang limrah. Nanging kawon utawi unggul ing salebeting gesang punika sanes satunggaling bab ingkang limrah. Ingkang kawon saged kemawon cuwa, kagelan, tumunten tiyang nekad nglalu mungkasi gesangipun piyambak. Surak-surak lan pakurmatan temtu kaparingaken dhumateng ingkang unggul, sanadyan ingkang unggul namung satunggal saha ingkang kawon langkung kathah. Kaunggulan ing babagan karohanen punika beda kaliyan kaunggulan ing babagan kajasmanen. Kaunggulan sacara rohani kaparingaken tumrap sadaya tiyang ingkang temen-temen pitados dhumateng Gusti Yesus. Mboten namung kangge tiyang satunggal punapadene tiyang kalih kemawon. Waosan Kitab Suci wekdal punika mratelakaken: “Nanging mungguhing bab iku mau kabeh, kita padha ngungkuli wong kang padha menang, jalaran saka Panjenengane kang wus ngasihi kita” inggih namung awit saking Panjenenganipun ingkang sampun nresnani kita, saestu kita saged nglakungi tiyang ingkang unggul. Sadaya punika mboten amargi kaleresan kita saged unggul, ananging sampun mesthi kita unggul, lan punika dados jaminan ingkang kaparingaken kangge nggayuh bab ingkang pangaji, inggih punika gesang ingkang langgeng wonten ing kraton suwarga. Tiyang ingkang unggul punika mboten mawang yuswa utawi umur. Wiwitaning kaunggulan inggih punika patrap manah ingkang andhap asor kangge ngupadi lan nindakaken bab-bab ingkang prasaja kanthi temen lan eklas. Sabdanipun Gusti Allah ing Mateus 13:49,50 mratelakaken: “Iya kaya mangkono kaanane besuk ing wekasaning jaman. Malaekat-malaekat bakal padha teka misahake para wong kang ala saka tengahe para wong mursid, padha kacemplungake ing pawon murub, ing kono kang tinemu panangis lan keroting untu”. I*PS
Setu, 29 Juli 2023 Minggu Limrah XII
Purwaning Dumadi 29:31-30:24; Jabur 105:1-11, 45b; Mateus 12:38-42 PITADOS TANPA NINGALI BUKTI “Nalika samana ana ahli Toret lan wong Farisi sawatara, kang padha matur: “Guru, kula sami kepengin sumerep pratandha saking Panjenengan.” (Mateus 12:38) Wonten ing padhatanipun gesang padintenan, kita asring mrangguli kathah pratandha, simbol-simbol ingkang paring sumerep dhateng tiyang. Ananging ugi kathah pratandha utawi simbul kalawau damel raos pamangu-mangunipun tiyang dhateng satunggaling kayekten. Ing satunggal sisih, tiyang asring nuntut wontenipun bukti ingkang nyata supados saged pitados. Waosan kita wekdal punika, nelakaken bilih Sang Kristus boten karsa paring pratandha sanesipun dhateng para tiyang Farisi kejawi namung pratandha ingkang sampun kaparingaken, inggih punika pratandha Nabi Yunus. Sanajan Sang Kristus tansah karsa midhangetaken saha paring wangsulan tumrap pepenginan-pepenginan sarta pandonga ingkang suci, Panjenenganipun mboten badhe karsa damel mareming hawa nepsu lan tumindhakipun ingkang awon. Pratandha kaparingaken tumrap tiyang ingkang mbetahaken kangge ngiyataken iman kapitadosipun. Kadosdene rama Abraham, nanging mboten badhe kaparingaken dhateng tiyang ingkang nuntut wontenipun pratanda kangge pados pawadan mboten pitados. Gusti Yesus badhe paring pratandha ingkang beda saking sadaya pratandha ingkang sampun wonten saderengipun, inggih punika wungunipun Sang Kristus saking antawisipun tiyang pejah. Bab punika ingkang kasebat pratandha Nabi Yunus. Pratandha ingkang kaparingaken kangge ngyakinaken umat manungsa. Pratandha punika dados bukti bilih Sang Kristus punika Sang Mesih. Sabab kanthi pratandha punika, Panjenenganipun mratelakaken minangka Putranipun Gusti Allah piyambak. Pitakenan tumrap kita, punapa kita ugi mangu-mangu dhateng sadaya pakaryanipun Sang Kristus? Panjenenganipun punika satunggaling pratandha ingkang tanpa wates, pinangkanipun saking Gusti Allah pribadi. Sumangga kita ngaturi papan panggenen kagem Panjenenganipun wonten gesang kita, minangka sih rahmat mirunggan kangge diri kita. I*PS
.Jemuwah, 28 Juli 2023 Minggu Limrah XII
Purwaning Dumadi 29:9-14; Jabur 105:1-11,45b; L. Para Rasul 7:44-53 AJA MANGKOTAKE ATI “Heh, tiyang ingkang sami wangkot lan ikutan ing manah sarta ing kuping, sampeyan tansah sami nglawan Sang Roh Suci, sami kados leluhur sampeyan, inggih makaten ugi sampeyan sadaya” (Lelakone Para Rasul 7:51) Wonten satunggaling bapak ingkang saestu tresna dhateng putranipun. Piyambakipun tansah mbudidaya saged nyekapi kabetahaning putranipun, nggulawenthah kanthi sih katresnan, memulang ing bab kasaenan lan kayekten. Nanging emanipun putra punika mboten saged ningali kasaenan lan katresnan bapakipun. Piyambakipun asring damel tatu panggalihipun bapak. Piayambakipun mangkotaken manah lan mboten mirengaken piwulang saking bapakipun. Tartemtu ingkang bapak lajeng menggalih kadospundi caranipun supados saged nyadaraken putranipun. Gegambaran putra kalawau kadosdene gegambaranipun umat Israel. Nalika Stefanus wawan pangandikan wonten ing sangajenging Mahkamah Agami, Stefanus njlentrehaken bab wangkoting manahipun umat Israel. Sanajan sampun kawilujengaken dening Gusti Allah, nanging umat Israel nampik PanjenenganIpun. Malah damel sesembahan pedhet mas, lan misungsungaken pisungsung dhateng brahala. Mirsani wangkoting manahipun umat Israel, tumunten Gusti Allah paring paukuman , bangsa Israel kabucal ing Babel. Wonten ing tanah Babel, Gusti Allah memulang umat Israel supados mangertos dhateng sih katresnanipun Gusti Allah. Kanthi mekaten, umat Israel mboten malih mangkotaken manahipun temahan saged ngraosaken agenging katresnanipun Gusti Allah. Punapa kita nate mangkotaken manah? Punapa kita rumaos ewed lan awrat nampi piwulangipun Gusti Allah? Sumangga, sami mbudidaya sampun ngantos kita mangkotaken manah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah. Patrap mangkotaken manah badhe nebihaken kita saking kawilujengan. Lan cetha patrap menika damel pitunanipun piyambak. Punapa kita kalebet tiyang ingkang wangkot ing manah? Mboten purun nampi piwulang saha pitedah saking Gusti Allah? Kita kedah ngrumaosi bilih gesang kita tansah karimat dening Gusti Allah, mila sampun ngantos wangkot lan nampik sih katresnanipun Gusti Allah. Tetepa pitados lan setya tuhu ngetut wingking Gusti Yesus ing kayektenIpun. I*PS
Renungan Harian Sadhar Agustus 2023
Tema: Sumadya Mapagaken Wekdal Ingkang Badhe Kalampah Kaliyan Gusti Klik Disini Untuk Mengunduh Bahan Temukan Pengalaman baru Renugan Harian Sadhar didalam genggaman smartphone. unduh Aplikasi Renungan Harian Sadhar
Kemis, 27 Juli 2023 Minggu Limrah XII
Purwaning Dumadi 29:1-8; Jabur 105:1-11, 45b; I Korinta 4:14-20 NGUPADI GUSTI ALLAH “Padha ngupayaa marang Pangeran Yehuwah lan kasantosane, padha tansah ngupayaa wedanane!” (Jabur 105:4) Punapa kita kalebet tiyang ingkang ngupadi Gusti Allah? Punapa malah kosokwangsulipun kita dados tiyang ingkang kabanda ing salebeting mangsa kapengkur? Pengaken kita asring mratelakaken bilih kita punika tiyang ingkang ngupadi Gusti Allah, nanging sayektosipun kita asring kawengku dening dosa lan momotaning gesang ing mangsa kapengker. Gesang kita asring tanpa arah ingkang gumathok lan mboten nate nggayuh Gusti Allah. Wonten ing waosan kita samangke Sang Pamazmur mratelakaken: “Padha ngupayaa marang Pangeran Yehuwah lan kasantosane, padha tansah ngupayaa wedanane!” Ngupados Gusti Allah, punika minangka dhawuh, sanes pilihan. Mila kedah katindakaken, awit bab punika satunggaling kabetahan kita. Gesang tanpa Gusti Allah, badhe karaos kothong tanpa isi lan tanpa paedah. Gusti Allah punika dados sumbering berkah lan kasantosan tumrap gesangipun para tiyang pitados. Ngupados Gusti Allah punika dados pratandha ingkang mbedakaken antawisipun para suci ingkang sejatos lan manungsa kadonyan. Dene kasantosan saha wedananIpun Gusti Allah nelakaken pratelan ingkang kaagem dening Gusti Allah, kangge narik kawigatosanipun para tiyang pitados sumerep dhateng kawontenaning jagad ingkang kebak pepeteng. Sampun ngantos semplah lan nglokro anggenipun ngupadi Gusti Allah. Sanajan minangka manungsa kathah kekirangan, karingkihan dalah dosa duraka, sumangga tansah nggatosaken pitedahipun Gusti, temah saged nggayuh kasampurnaning gesang. Sumangga kita tansah ngupadi Gusti Allah lan kasantosanIpun saha tansah ngupadi wedananIpun, temahan kita pikantuk kekiyatan saking Gusti Allah kangge lumebet ing Kraton Suwarga. Rasul Paulus wonten ing seratipun I Korinta 4:20, nandhesaken mekaten: “Sabab kratone Gusti Allah iku ora awujud tembung, nanging wujud daya-kakuwatan”. I*PS
Rebo, 26 Juli 2023 Minggu Limrah XII
Purwaning Dumadi 35:16-29; Jabur 139:13-18; Mateus 12:15-21 ATUR PANUWUN DHUMATENG GUSTI ALLAH “Kawula ngucap ngucap sokur dhumateng Paduka margi elok ngebat-ebati kadadosan kawula. Pakaryan Paduka punika elok, nyawa kawula sanget anggenipun ngraosaken bab punika.” (Jabur 139:14) Mbok manawi kita nate menggalih bab mangsa kapengker ingkang sampun kelampahan, lan suraos: manawa bab sing wus kapungkur bisa diowahi, sajake urip iki luwih apik lan kepenak. Wonten ugi ing antawis kita ingkang nggadhahi pengangen-angen, penggalih bab mangsa ingkang badhe kalampahan: manawa bisa luwih dhisik ngreteni apa kang bakal kelakon, mesthine bisa cecawis supaya ora kena praharaning urip. Manawi kita ningali kalih pamawas bab ingkang sampun kapungkur lan bab ingkang badhe kalampah ingkang taksih kebak ing wadi, ndadosaken kita mangretosi bilih kawontenan kita punika sarwa winates sedayanipun. Ananging ing salebeting kawontenan ingkang sarwa winates, temtu kedah nggadhahi raos sokur dhumateng Gusti Allah. Juru Masmur paring piwucal supados kita tansah sinau nggadhahi raos bombong lan tansah coas sokur. Prabu Dawud nandhesaken bilih Gusti Allah punika tansah pirsa sadaya ingkang kalampahan ing gesanging umat manungsa. Kagem Prabu Dawud sadaya ingkang dados pakaryanipun Gusti Allah estu ngedap-edapi. Ing ayat nats kapratelakaken: “Kawula ngucap sokur dhumateng Paduka margi elok ngebat-ebati kadadosan kawula. Pakaryan Paduka punika elok, nyawa kawula sanget anggenipun ngraosaken bab punika”. Pangandika punika dados landhesan ingkang kiyat tumrap gesang kita kanthi raos punuwun sokur. Pakaryanipun Gusti Allah ingkang ngedap-edapi ngetingalaken panguwaosipun. Sadaya gesanging umat manungsa kawuningan dening Panjenenganipun. Kadospundi kawontenaning gesang kita ing mangsa ingkang badhe dhateng punika sampun kapirsanan dening Gusti Allah. Bab punika memulang dhateng kita sadaya, supados kita tansah nggadhahi pengajeng-ajeng lan mboten ajrih ngadhepi mangsa ingkang badhe dhateng kanthi piyandel ingkang kiyat dhateng Sang Kristus. Sumangga kita gayuh mangsa ingkang badhe dhateng kanthi atur panuwun lan nyuwun kakiyatan saha panuntunipun Roh Suci. I*PS
Slasa, 25 Juli 2023 Minggu Limrah XII
Purwaning Dumadi 33:1-17; Jabur 139:13-18; Galati 4:21-5:1 MARDIKA SAKING PANGAWULAN “Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikakake kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan pangawulan” (Galati 5:1) Tiyang Kristen minangka pandherekipun Sang Kristus punika kedah mujudaken patraping gesang ingkang jumbuh kaliyan piwucalipun Sang Kristus. Status kita punika cetha inggih punika para tiyang pitados. Awit saking punika, punapa gesang kita badhe sapikajengipun piyambak? Rasul Paulus nandhesaken bilih kita tiyang ingkang mardika, awit Sang Kristus sampun maringaken kamardikan tumrap kita. Serat Galati 5:1 mratelakaken: “Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikakake kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan pangawulan”. Gusti Yesus sampun ngurbanaken sariranipun piyambak kangge nebus manungsa saking panguwaosing dosa. Lumantar pangurbananipun kita kauwalaken pati. Kita sampun mboten dados abdining dosa malih. Pramila ayat nats kita cetha bilih kita katimbalan supados mardika. Mardika ateges uwal saking pangawulan, uwal saking sadaya tuntutan, mboten gumantung dhateng pihak sanes. Wonten ing tembung mardika wonten kalih pangertosan inggih punika mardika sacara hukum (de jure) lan mardika sacara nyata (de facto). Contonipun: negari Indoneia sacara de jure sampun mardika nalika tanggal 17 Agustus 1945, nanging sacara de facto (kasunyatanipun) masyarakat Indonesia dereng sawetahipun mardika, taksih kawengku sacara ekonomi, temah taksih wonten singgetan ing antawisipun tiyang sugih lan tiyang miskin. Ing babagan hukum dereng saged karaosaken kaadilan ingkang saestu adil. Nalika kita pitados dhumateng Gusti Yesus bilih Panjenenganipun Gusti Allah lan Juruwilujeng, sacara de jure kita sampun dipun mardikakaken saking pamengkuning dosa. Ananging sacara de fakto kita taksih asring tumindak dosa, nuruti hawa nepsu kadagingan, gesang manut ing pikajenengipun piyambak. Kadospundi gesang kita samangke, punapa status kita minangka para putraning Allah, tetebusanipun Sang Kristus, sampun ngewahi gesang kita tumuju ing kasaenan lan kabecikan? I*PS



