+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 31 Juli 2023 Minggu Limrah XIII

Purwaning Dumadi 30:25-36; Jabur 65:8-13; Yakobus 3:13-18

SUGIH ING KAYEKTEN

Sarta mungguh wohing kayekten iku kasebarake sajrone tata rukun

tumrap wong-wong kang olah tata rukun

 (Yakobus 3:18)

Manungsa punika mboten saged ngraosaken marem utawi mongkog namung awit saking barang darbe ingkang awujud kadonyan kemawon. Mekaten ugi jiwanipun manungsa mboten saged nggadhahi raos marem utawi mongkog awit dayaning klangenan sacara jasmani kemawon.  Kita temtunipun enget bilih manungsa katitahaken manut ing panguwaosipun Gusti Allah. Bab punika dumados awit karsanipun Gusti Allah, manungsa saged tetunggilan kaliyan Panjenenganipun. Mila dados kanugrahan ingkang ageng tumrap saben tiyang ingkang tansah tetunggilan Gusti Allah saha ngraosaken pangrehipun Sang Roh Suci.

Taksih kathah tiyang ingkang dereng sumanggem nindakaken bab karohanen, sabab tiyang punika taksih kapilut dening kadagingan lan kadonyan. Rumaos marem lan bombong dhateng dirinipun piyambak, sarta kabanda dening panguwaosing dosa. Ingkang nama dosa punika saestu mbebayani tumrap gesang kita. Tiyang sanes mboten saged mangertos bab punapa kemawon ingkang wonten ing manah kita. Punapa menika raos meri, mboten remen, cubriya, lan sapiturutipun. Awit saking punika mila roh kita mboten purun sesambetan kaliyan Rohing Allah, inggih punika Roh Suci lan kayekten. Sadaya tiyang pitados nggadhahi piandel bilih Roh Suci tansah makarya ing salebeting gesangipun, ananging namung sakedhik ingkang sumadya nyawisaken wekdal kangge mirengaken suwantenipun Gusti Allah lumantar  Sabdanipun.

Pramila sumangga kita tansah nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, supados lumantar panguwaosipun Sang Roh Suci, kita kaparingan kasagedan kangge ngupadi murih saged setya tuhu nindakaken dhawuhipun Gusti Allah, nggadahi kayektenipun Sang Kristus, mratelakaken katresnan, lan gesang kanthi rukun kaliyan sesami. I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ