+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 30 Juli 2023 Minggu Limrah XIII

Purwaning Dumadi 29:15-28;  Jabur 105:1-11, 45b; Rum 8:26-39;

Mateus 13:31-33, 44-52

DADOS TIYANG INGKANG UNGGUL

Nanging mungguhing bab iku mau kabeh, kita padha ngungkuli wong

kang padha menang, jalaran saka Panjenengane kang wus ngasihi kita.

(Rum 8:37)

Wonten ing bab tetandhingan, kawon punapadene unggul menika dados bab ingkang limrah. Nanging kawon utawi unggul ing salebeting gesang punika sanes satunggaling bab ingkang limrah. Ingkang kawon saged kemawon cuwa, kagelan, tumunten tiyang nekad nglalu mungkasi gesangipun piyambak. Surak-surak lan pakurmatan temtu kaparingaken dhumateng ingkang unggul, sanadyan ingkang unggul namung satunggal saha ingkang kawon langkung kathah. Kaunggulan ing babagan karohanen punika beda kaliyan kaunggulan ing babagan kajasmanen. Kaunggulan sacara rohani kaparingaken tumrap sadaya tiyang ingkang temen-temen pitados dhumateng Gusti Yesus. Mboten namung kangge tiyang satunggal punapadene tiyang kalih kemawon.

Waosan Kitab Suci wekdal punika mratelakaken: “Nanging mungguhing bab iku mau kabeh, kita padha ngungkuli wong kang padha menang, jalaran saka Panjenengane kang wus ngasihi kita” inggih namung awit saking Panjenenganipun ingkang sampun nresnani kita, saestu kita saged nglakungi tiyang ingkang unggul. Sadaya punika mboten amargi kaleresan kita saged unggul, ananging sampun mesthi kita unggul, lan punika dados jaminan ingkang kaparingaken kangge nggayuh bab ingkang pangaji, inggih punika gesang ingkang langgeng wonten ing kraton suwarga. Tiyang ingkang unggul punika mboten mawang yuswa utawi umur. Wiwitaning kaunggulan inggih punika patrap manah ingkang andhap asor kangge ngupadi lan nindakaken bab-bab ingkang prasaja kanthi temen lan eklas.

Sabdanipun Gusti Allah ing Mateus 13:49,50 mratelakaken: “Iya kaya mangkono kaanane besuk ing wekasaning jaman. Malaekat-malaekat bakal padha teka misahake para wong kang ala saka tengahe para wong mursid, padha kacemplungake ing pawon murub, ing kono kang tinemu panangis lan keroting untu”.  I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ