+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 29 Juli 2023 Minggu Limrah XII

Purwaning Dumadi 29:31-30:24; Jabur 105:1-11, 45b; Mateus 12:38-42

PITADOS TANPA NINGALI BUKTI

Nalika samana ana ahli Toret lan wong Farisi sawatara, kang padha matur:

“Guru, kula sami kepengin sumerep pratandha saking Panjenengan.

(Mateus 12:38)

Wonten ing padhatanipun gesang padintenan, kita asring mrangguli kathah pratandha, simbol-simbol ingkang paring sumerep dhateng tiyang. Ananging ugi kathah pratandha utawi simbul kalawau damel raos pamangu-mangunipun tiyang dhateng satunggaling kayekten. Ing satunggal sisih, tiyang asring  nuntut wontenipun bukti ingkang nyata supados saged pitados.

Waosan kita wekdal punika, nelakaken bilih Sang Kristus boten karsa paring pratandha sanesipun dhateng para tiyang Farisi kejawi namung pratandha ingkang sampun kaparingaken, inggih punika pratandha Nabi Yunus. Sanajan Sang Kristus tansah karsa midhangetaken saha paring wangsulan tumrap pepenginan-pepenginan sarta pandonga ingkang suci, Panjenenganipun mboten badhe karsa damel mareming hawa nepsu lan tumindhakipun ingkang awon. Pratandha kaparingaken tumrap tiyang ingkang mbetahaken kangge ngiyataken iman kapitadosipun. Kadosdene rama Abraham, nanging mboten badhe kaparingaken dhateng tiyang ingkang nuntut wontenipun pratanda kangge pados pawadan mboten pitados.

Gusti Yesus badhe paring pratandha ingkang beda saking sadaya pratandha ingkang sampun wonten saderengipun, inggih punika wungunipun Sang Kristus saking antawisipun tiyang pejah. Bab punika ingkang kasebat pratandha Nabi Yunus. Pratandha ingkang kaparingaken kangge ngyakinaken umat manungsa. Pratandha punika dados bukti bilih Sang Kristus punika Sang Mesih. Sabab kanthi pratandha punika, Panjenenganipun mratelakaken minangka Putranipun Gusti Allah piyambak.

Pitakenan tumrap kita, punapa kita ugi mangu-mangu dhateng sadaya pakaryanipun Sang Kristus? Panjenenganipun punika satunggaling pratandha ingkang tanpa wates, pinangkanipun saking Gusti Allah pribadi. Sumangga kita ngaturi papan panggenen kagem Panjenenganipun wonten gesang kita, minangka sih rahmat mirunggan kangge diri kita. I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ