+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

.Jemuwah, 28 Juli 2023 Minggu Limrah XII

Purwaning Dumadi 29:9-14;  Jabur 105:1-11,45b; L. Para Rasul 7:44-53

AJA MANGKOTAKE ATI

Heh, tiyang ingkang sami wangkot lan ikutan ing manah sarta ing kuping, sampeyan tansah sami nglawan Sang Roh Suci, sami kados leluhur sampeyan, inggih makaten ugi sampeyan sadaya (Lelakone Para Rasul 7:51)

Wonten satunggaling bapak ingkang saestu tresna dhateng putranipun. Piyambakipun tansah mbudidaya saged nyekapi kabetahaning putranipun, nggulawenthah kanthi sih katresnan, memulang ing bab kasaenan lan kayekten. Nanging emanipun putra punika mboten saged ningali kasaenan lan katresnan bapakipun. Piyambakipun asring damel tatu panggalihipun bapak. Piayambakipun mangkotaken manah lan mboten mirengaken piwulang saking bapakipun. Tartemtu ingkang bapak lajeng menggalih kadospundi caranipun supados saged nyadaraken putranipun.

Gegambaran putra kalawau kadosdene gegambaranipun umat Israel. Nalika Stefanus wawan pangandikan wonten ing sangajenging Mahkamah Agami, Stefanus njlentrehaken bab wangkoting manahipun umat Israel. Sanajan sampun kawilujengaken dening Gusti Allah, nanging umat Israel nampik PanjenenganIpun. Malah damel sesembahan pedhet mas, lan misungsungaken pisungsung dhateng brahala. Mirsani wangkoting manahipun umat Israel, tumunten  Gusti Allah paring paukuman , bangsa Israel kabucal ing Babel. Wonten ing tanah Babel, Gusti Allah memulang umat Israel supados mangertos dhateng sih katresnanipun Gusti Allah. Kanthi mekaten, umat Israel mboten malih mangkotaken manahipun temahan saged ngraosaken agenging katresnanipun Gusti Allah.

Punapa kita nate mangkotaken manah? Punapa kita rumaos ewed lan awrat nampi piwulangipun Gusti Allah? Sumangga, sami mbudidaya sampun ngantos kita mangkotaken manah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah. Patrap mangkotaken manah badhe nebihaken kita saking kawilujengan. Lan cetha patrap menika damel pitunanipun piyambak. Punapa kita kalebet tiyang ingkang wangkot ing manah? Mboten purun nampi piwulang saha pitedah saking Gusti Allah?  Kita kedah ngrumaosi bilih gesang kita tansah karimat dening Gusti Allah, mila sampun ngantos wangkot lan nampik sih katresnanipun Gusti Allah. Tetepa pitados lan setya tuhu ngetut wingking Gusti Yesus ing kayektenIpun.  I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ