+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 14 September 2023 Minggu Limrah XIX

Pangentasan 13:17-22; Jabur 114; I Yokanan 3:11-16

GUSTI NUNTUN LAMPAH KITA

“Nanging Gusti Allah anggone ngirid bangsa iku dienggokake metu pasamunan saurute sagara Teberau. Wong Israel anggone padha budhal saka ing tanah Mesir, kalawan siyaga ing perang.”

(Pangentasan 13:18)

Kadya tiyang sepuh nuntun putranipun ingkang nembe saged mlampah, astanipun nggandheng lare wonten ing margi. Manawi marginipun wonten kendaran mesthi badhe ngendika “awas” lajeng dienggokaken dhateng papan ingkang aman, supados sampun ngantos lare menika cilaka. Inggih kados makaten anggenipun Gusti ngirid gesanging umat Israel. Nalika Prabu Pringon sampun nglilani  bangsa Israel sami medal saking Mesir. Bangsa Israel katuntun dening Gusti Allah mboten medal ing  negarinipun tiyang Filistin, ananging dienggokaken dhateng Pasamunan ing saurutipun seganten Teberau. Sejatosipun manawi medal wonten Filistin punika langkung celak. Sinaosa bangsa Israel kedah mlampah ing margi ingkang tebih, Gusti Allah tansah nuntun. Panuntunipun Gusti Allah ndayani umat saged mlampah. Siyang dalah ratri Gusti nelakaken panuntunipun srana maringaken tugu mega lan tugu geni. Tugu mega lan tugu geni mboten nate gumisir saking ngajengipun bangsa Israel. Gusti Allah mboten nuntun umatipun tumuju dhateng ing kacilakan ananging manggih ing karahayon.

Gusti nuntun lampah kita wonten ing sakuruting wekdal, papan lan kawontenan. Sinaosa kita manggihi lampah ingkang mboten gampil, rumpil, kawontenan sedhih lan kuciwa ingkang kita raosaken, sadaya punika badhe  gilir gumantos. Sampun ngantos kita kecalan pangajeng-ajeng. Gilir-gumantosing wekdal saha kawontenan mboten ateges Gusti negakaken. Gusti tansah nuntun kita sadaya. Panuntunipun tan kendhat. Wontena pundi purug kita, Gusti Allah tansah nganthi kita. Punapa kita saged kita ngraosaken panuntunipun Gusti Allah? Sumangga tansah pitados bilih Gusti Allah tansah mirsani kawontenan kita.  Nalikanipun kita dhawah, Gusti ingkang mitulungi, nalika kita sedhih, Gusti ingkang nglipur. Kadya tiyang sepuh ingkang tansah nggatosaken lampah saha polahing larenipun. Makaten ugi Gusti Allah tansah nggatosaken lan ngrimati gesang kita.|*SEP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ