+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 15 September 2023 Minggu Limrah XIX

Pangentasan 14:1-18; Jabur 114; Lelakone Para Rasul 7:9-16

TIYANG INGKANG BINERKAHAN

Margi saking drengkinipun, para bapa leluhur kita wau lajeng nyade Yusuf dhateng Mesir, nanging Allah nunggil kaliyan penjenenganipun,

sarta dipun luwari saking sakathahing sangsaranipun saha

kaparingan sih rahmat tuwin kawicaksanan” (L. Para Rasul 7:9-10a)

Berkah punika pinangkanipun awit saking Gusti Allah. Ingkang kasebat berkah punika sanes ingkang namung wujud bandha lan kasugihan kemawon. Gusti mboten namung maringi berkah ingkang ketingal kajasmanen, ananging ugi berkah karohanen. Berkah punika ugi  ingkang saged dipun raosaken ing salabeting manah, kadosta panganthi saha pangrimatipun Gusti. Manawi kita saged ngraosaken panganthi saha pangrimatipun Gusti Allah ingkang tan kendhat wonten ing gesang menika, mila sejatosipun kita kasebat tiyang ingkang binerkahan.

Nalika Stefanus dipun dangu dening Imam Agung ngengingi pakaryan lan mukjijat ingkang dipun tindakaken, piyambakipun lajeng paring paseksi,  bilih punapa ingkang dipun tindakaken punika inggih karana kuwaosipun Gusti Allah, ingkang nunggil ing gesangipun. Stefanus saestu ngraosaken bilih piyambakipun menika dados tiyang ingkang binerkahan. Mboten namung Stefanus ingkang ngraosaken berkahipun Gusti, ananging wiwit saking Rama Abraham ngantos dumugi tedhak turunipun, Gusti Allah ugi kersa nelakaken berkahipun. Para leluhur punika ugi kasebat tiyang ingkang binerkahan. Yusuf kasebataken dados tiyang ingkang binerkahan. Sinaosa Yusuf dipun sade dening para sedherekipun, ananging Gusti Allah tansah nunggil wonten ing gesangipun. Piyambakipun dipun luwari saking sakathahing sangsaranipun. Kajawi punika Yusuf ugi ingangkat dados panguwaos ing negari Mesir.

Manawi kita dipun paringi kekiyatan lumampah ing gesang kita ngantos dumugi wekdal samangke, punika karana berkahipun Gusti. Langkung-langkung nalikanipun kita saged tetep kiyat ngadhepi kawontenan ingkang awrat wonten ing satengahing pageblug covid-19. Sinaosa kawontenanipun winates kita taksih saged makarya lan lelados. Manawi makaten menapa kita rumaos saha ngakeni bilih kita punika tiyang ingkang binerkahan? |*SEP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ