+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 16 September 2023 Minggu Limrah XIX

Pangentasan 15:19-21; Jabur 114; Mateus 6:7-15

PAWESTRI INGKANG PINIJI

“Ibu Miryam tumuli ngidung mimpin para wong wadon mau, wiraose:

Padha ngidungna kagem Pangeran Yehuwah, awit linuwih kaluhurane,

jaran lan kang nunggangi padha dicegurake ing sagara.”

(Pangentasan 15:21)

Ing jaman samangke sampun kathah pawestri ingkang dados pemimpin. Sae punika wonten ing tataran pamarintahan, wonten ing pawiyatan, ing satengahing pasamuwan lan sanesipun. Indonesia ugi sampun nate dipun pimpin dening pawestri, inggih menika Ibu Megawati Soekarno Putri ; minangka Presiden Indonesia ingkang kaping gangsal. Emansipasi wanita sampun sumrambah wonten ing gesanging pasamuwan. Kajawi kathah Pandita estri ingkang kapiji dening Gusti Allah, ugi kathah Para pawestri ingkang pinilih dados Pinisepuh saha Diaken.

Nalika Musa piniji dados Nabi saha pemimpin, ing jaman semanten ugi sampun wonten Nabiah ingkang kapiji dening Gusti Allah,  inggih punika Ibu Miryam. Sampun cetha bilih wiwit jaman purwa golonganing pawestri ugi dipun agem dados sarana ngluhuraken Asmanipun Gusti Allah. Sasampunipun Bangsa Israel tinuntun dening Gusti Allah, nyabrang sagara Teberau, sadaya sami ngrepekaken kidung pamuji konjuk Gusti. Ibu Miryam minangka pemimpin, ngatag supados para umat ngidungaken kidung pamuji konjuk Gusti ingkang Mahaluhur, awit pakaryanipun ingkang ageng, ingkang sampun tumerah dhateng para umat. Wontenipun Nabiah nalika jaman semanten, nelakaken bilih Gusti Allah mboten mbenten-mbentenaken sadaya tiyang. Sinaosa ing jaman kala rumiyim menika nengenaken budaya patriarki, inggih ingkang dados pamimpin menika para kakung. Ananging  Gusti Allah kersa miji lan nimbali Ibu Miryam lelados dados pemimpin.

Gusti ngeparengaken sadaya tiyang sae menika jaler menapa dene estri kagem nindakaken peladosan lumantar talenta lan kasagedanipun. Kita sadaya dipun piji dening Gusti Allah minangka Pandherekipun, pramila sumangga kita ngginakaken wekdal makarya lan lelados kanthi tumemen. Mugi punapa ingkang kita tindakaken punika tansah ngluhuraken Asmanipun Gusti Allah. |*SEP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ