+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 17 September 2023 Minggu Limrah XX

Pangentasan 14:19-31; Jabur 114; Rum 14:1-12; Mateus 18:21-35

NGAPUNTENI KANTHI TRUSING ATI

“Samono uga Ramaku kang ana ing swarga iya bakal tumindak mangkono tumraping kowe, menawa kowe siji lan sijine ora gelem ngapura

marang kaluputane sadulurmu kanthi trusing ati.” (Mateus 18:35)

Piwucal bab ngapunteni punika sampun kita tampi wiwit kita taksih alit. Para tiyang sepuh punapa dene Bapak lan Ibu Guru asring mucal bab ngapunteni. Asring kita ningali bilih lare alit punika asring  gampil kerengan karana bab ingkang sepele, ananging ugi gampil anggenipun sami ngapunteni mila lajeng saged sareng-sareng dolanan malih. Saking ngriku kita mangertos bilih Lare alit punika adakanipun awis-awis ingkang rumaos gengsi kagem nyuwun pangapunten punapa dene ngapunteni.

Ngapunteni punika dados bab ingkang wigati tumrap gesanging manungsa. Kenging punapa? Inggih awit manungsa punika  asring damel kaluputan. Bab menika karana kawontenaning manungsa ingkang kebak ing karingkihan. Ngapunteni punika dados sarana kangge mulihaken sesambetan. Ngapunteni mboten namung kawedhar saking lathi ananging ugi kedah tuwuh saking manah. Ateges anggenipun ngapunteni punika boten lamis. Gusti Yesus paring pangandika dhateng Petrus ingkang nyuwun pirsa ngengingi bab kaping pinten anggenipun ngapunteni sadherek ingkang lepat. Gusti Yesus nelakaken bilih ngapunteni punika kaping pitung dasa ping pitu. Pangandikanipun Gusti punika ngemu suraos bilih ngapunteni punika kedahipun tanpa wates. Liripun bilih nalika manungsa punika taksih kaparingan wekdal nglajengaken gesang ing ngriku ugi manungsa kaatag supados ngapunteni.

Gusti Yesus paring gegambaran wontenipun abdi ingkang damel lepat, lajeng mboten purun sami ngapunteni. Saking gegambaran menika Gusti Yesus ngemutaken kados ingkang kaserat wonten ing ayat 35 supados sami ngapunteni kanthi trusing manah. Gusti kersa paring pangapunten dhateng kita sinaosa kita asring nindakaken kalepatan. Kita Dipun paringi pangapunten, karana Gusti nresnani saha kepareng mulihaken gesang kita. Tumraping tiyang ingkang nampi  pangapunten saking Gusti, kaatag supados purun nyaosi pangapunten dhateng sesaminipun  kanthi trusing manah. |*SEP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ