+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 18 September 2023 Minggu Limrah XX

Yusak 3:1-17; Jabur 77; Ibrani 11:23-29

SESUCI DHIRI

“Apadene Sang Senapati Yusak ngandika marang para umat:

“Padha sesucia, amarga sesuk Pangeran Yehuwah

bakal nindakake kaelokan ana ing tengahmu.” (Yusak 3:5)

Adhakanipun Barang ingkang reged punika manawi badhe dipun ginakaken kedah dipun resiki langkung rumiyin, amrih saged dipun ginakaken. Umpaminipun manawi badhe tilem kedahipun kasur punika dipun tebahi rumiyin, supados resik temah saged kaginakaken kangge ngaso kanthi sekeca. Mboten namung ngengingi barang utawi papan kemawon ingkang kedah dipun resiki,  ananging ugi ngengingi bab kawontenaning manah.

Manah ugi kedah dipun resiki, awit saking manah punika tuwuh pepenginan utawi motivasi ngengingi bab ingkang sae lan ingkang awon. Ngresiki manah punika tegesipun sesuci dhiri. Mila tujuanipun sesuci dhiri inggih punika mbucal sedaya pepengingan kadangingan ingkang tuwuh ing manah, ingkang mboten nyondhongi karsanipun Gusti. Saderengipun nyabrang bengawan Yarden, Yusak paring dhawuh dhateng para umat Israel supados sesuci dhiri, kagem cecawis anggenipun badhe nampi saha ngraosaken pakaryanipun Gusti. Umat kedah nucekaken dhirinipun kanthi mbucal pikajengan ingkang mboten dipun kersakaken dening Gusti. Ancas tujuanipun inggih punika supados umat nyawisaken manah ingkang resik lan ngener dhateng karsanipun Gusti. Sesuci dhiri saking bab ingkang saged dados pepalang ingkang mijil saking manah, supados umat mboten ngener dhateng kakiyatan kamanungsan, ananging ngener dhateng karsanipun  Gusti. Sesuci dhiri punika penting. Kita sadaya ugi kadhawuhan supados tansah sesuci dhiri. Nyingkiraken pikajeng ingkang awon, supados manah kita resik, supados gesang kita tansah ngener dhumateng karsanipun Allah.  Kita kedah tansah eling lan waspada, awit kathah bab ingkang saged damel manah kita reged. Sumangga ing saben wekdal lan kawontenan kita tansah sesuci dhiri. |*SEP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ