P. Dumadi 22:1-19; Jabur 105:1-11, 37-45; Ibrani 11:1-3, 13-19 YEHOVAH JIREH GUSTI KANG BAKAL NYADHIYANI “…Mungguh cempe kang bakal kagawe kurban obaran iku Gusti Allah piyambak kang bakal nyadhiyani,…” (Purwaning Dumadi 22:8) Rama Abraham kasuwun dening Gusti nindakaken perkawis ingkang awrat lan mokal katindakaken dening para tiyang sepuh, inggih punika ngorbanaken Ishak putranipun. Putra ontang-anting ingkang kaantu-antu ngantos yuswanipun Rama Abraham ngancik 100 taon. Kanthi kebak ing pambangun turut, Rama Abraham nyawisaken sedaya ingkang kedah katindakaken. Rama Abraham, Ishak lan para abdinipun sami mlampah nilar tendhanipun tumuju ing satunggaling redi ing tlatah Moria, ing panggenan ingkang kangge ngurbanaken Ishak, putranipun. Nalika Ishak paring pitakenan dhateng ramanipun: “Lah punika latu lan kajengipun sampun wonten, nanging cempe ingkang kadamel kurban obaran wonten pundi?” Abraham alandhesan iman dhumateng Gusti paring wangsulan: “Gusti kang bakal nyadhiyani (Yehovah Jireh)”. Ngantos dumugi ing papan ingkang katemtokaken, Abraham nindakaken dhawuhipun Gusti tanpa suwala lan ajrih punapa malih kebak pamangu. Rama Abraham tumuli yasa misbyah, anakipun dipuntaleni, lajeng katumpangaken ing misbyah. Nalika Rama Abraham mulung astanipun ngasta lading karsa nyembelih kang putra, ing ngriku lumantar Malaekat, Gusti Allah ndangu lan nyegah Abraham mejahi putranipun. Gusti Allah mirsani agenging bukti pambangun turut lan imanipun Abraham. Gusti Allah saestu nyadhiyani wedhus gembel lanang minangka kurbanipun. Sikap ingkang mbangun turut dhumateng Gusti punika ingkang perlu kita wujudaken ing gesanging kapitadosan. Kita sregep ngibadah, nindaki kempalan pandonga, pancen kedah kita lampahi minangka pasinaoning iman; nanging menawi kalamangsanipun Gusti ngersakaken ingkang aji ing gesang kita, kita kedah sumadya lan mbangun turut, awit Gusti kang bakal nyadhiyani. |*IAS
Ahad, 24 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah VI/Minggu Palmarum
Jabur 118:1-2, 19-29; Markus 11:1-11 SETYA NINDAKAKEN DHAWUHIPUN “Paduka punika Allah kawula, Paduka badhe kawula caosi pamuji sokur, dhuh Allah kawula, Paduka badhe kawula luhuraken. Padha saosa pamuji sokur marang Sang Yehuwah, awit Panjenengane iku sae! Ujer sih-susetyane iku kanggo ing salawase.” (Jabur 118:28-29) Kasetyan punika satunggaling perkawis ingkang luhur lan wigati. Tanpa kasetyan gesang punika boten saged tentrem, boten badhe wonten raosing pasedherekan. Ingkang wonten namung kapentinganing pribadi. Ingkang kiyat saged nindhes sesaminipun kangge kamaremaning dhirinipun. Boten wonten kaadilan lan karaharjaning gesang. Juru Masmur mratelakaken anggenipun kepingin dhateng kaleresanipun Gusti Allah. Wonten ing kayektenipun Gusti Allah punika sagedipun nelakaken raosing pamatur nuwun. Inggih awit ing kayektenipun punika kababar prasetyanipun Gusti Allah ingkang boten nate ewah gingsir. Gusti Allah boten nyelaki prasetyanipun ananging malah tansah dipun kekahaken lumantar para abdinipun. Gesang ingkang tansah kumandel lan kanthi kakendelan marek sowan ing Ngarsa Dalem Gusti. Sadaya katindakaken awit saking pitedahipun lan karsanipun Gusti Allah pribadi. Supados Gusti tansah paring kabegjan lan karaharjan, malah nyatosakaken gesang ing pangandel wetah ing ngarsanipun. Juru Masmur ngatag supados samia ngunjukaken sagunging pamuji sokur. Inggih awit saestu Gusti Allah punika minangka tuking tentrem rahayu raharjaning gesang. Estu kasetyanipun saged dipun tingali, dipun raosaken ing gesang punika. Sampun ngatos ing gesang punika kecalan kasetyan. Makatena ugi pitadosa bilih Gusti Allah punika Maha setya lan kasetyanipun punika saestu boten badhe ewah gingsir ing gesanging para tatahipun, punapa malih dhateng tiyang ingkang tansah setya dhumateng Gusti. Ingkang tansah kumandel dhateng pakaryanipun Gusti ing gesang punika. Bilih pakaryanipun endah, nglejaraken manah. Tansah ugi sumanggema nampi pakaryaning Gusti ing gesang punika, Gusti tansah nunggil ing gesanging umat kang pitados. Amin. |*AK
Senen, 26 Februari 2024, Minggu Pra-Paskah II
Purwaning Dumadi 21:1-7; Jabur 105:1-11, 37-45; Ibrani 1:8-12 SEJATINE GUSTI NGGATEKAKE “Kacarita Sang Yehuwah nuweni marang ibu Sara, kaya kang wus dipangandikakake lan Sang Yehuwah karsa nandukake marang ibu Sara kaya kang wus diprasetyakake?” (Purwaning Dumadi 21:1) Wonten satunggaling pepanggihan ing pasamuwan, Narasumber acara punika paring pandangon: “Sinten ingkang ngantos sakmenika panyuwunanipun dhateng Gusti dereng dipunsembadani?” Satunggaling peserta atur wangsulan, “kula!, kula sampun dedonga lan nyeyuwun dhateng Gusti watawis 10 tahun kepengker ananging ngantos sakmenika dereng nampi wangsulan” Narasumber punika taken malih: “lajeng sikap panjenengan kadospundi dhumateng Gusti?” Peserta wangsulan: “kula nggih tetep nyuwun dhateng Gusti, mbokbilih mangke menawi Gusti sampun nemtokaken wekdalipun badhe maringi wangsulan dhumateng kula”. Sinten ingkang mangertos bilih Gusti Allah badhe nyembadani panyuwun kita? Mboten wonten ingkang sami mangertos, mila kalanipun wonten ingkang lajeng kendho, loyo lan mbokbilih ngundhamana dhumateng Gusti, awit panyuwunipun dereng kasembadan. Sarai nedahaken sikap ingkang mekaten, piyambakipun boten pitados, gumujeng lan ngremehaken awit mokal menawi sampun sepuh lan gabug badhe saged mbobot. Punapa malih wiwit nampi wartos ingkang sepisanan ngantos Sarai pinanggih wawrat mboten wekdal ingkang celak. Ananging nyatanipun Gusti nyembadani prasetyanipun, “Ibu Sarai nggarbini sarta mbabar putra kakung….ing waktu kang wus ditetepake, cocok karo pangandikaning Allah marang panjenengane” (PD 21:2) Ing wekdal ingkang katemtokaken dening Panjenenganipun, sanes wekdal kula, sanes wekdalipun bapak lan ibu, ananging wekdalipun Gusti. Punika ingkang kedah kita jinggleng sesarengan supados kanthi mekaten kita tansah pitados lan mantep bilih Gusti badhe tansah nyembadani ing wekdalipun ingkang sampun katemtokaken. Nalika wekdalipun sampun pinesthi kita badhe mengartos bilih “sejatine Gusti nggatekake”. |*IAS
GKJ Limpung Sambut Pendeta Baru: Pdt. Meika Aditya Nugraha
GKJ Limpung Sambut Pendeta Baru: Pdt. Meika Aditya Nugraha Limpung, – Pada hari Jumat, 23 Februari 2024, GKJ Limpung menyelenggarakan Ibadah Penahbisan Pendeta ke-2 atas diri Vikaris Meika Aditya Nugraha, S.Pd.K. Ibadah ini dipimpin oleh Pdt. Em. Toto Pramono dan dihadiri oleh sekitar 20 pendeta yang turut melayankan berkat dengan simbol tumpang tangan. Tema yang diusung dalam khotbah sulung Pdt. Meika Aditya Nugraha, S.Pd.K adalah “Menghidupi Panggilan Untuk Bersatu Karena Kristus” dengan dasar bacaan alkitab dari Efesus 2:11-22. Beliau mengajak jemaat untuk hidup dalam persatuan, bukan perseteruan, serta mendasarkan kehidupan dalam panggilan dipulihkan dan memulihkan. Penahbisan Pdt. Meika merupakan penantian panjang bagi GKJ Limpung setelah Pdt. Toto Pramono memasuki masa Emiritasi pada 22 Oktober 2019. Selama masa transisi, GKJ Limpung dikonsuleni oleh Pdt. Dwi Argo Mursito dari GKJ Pekalongan. Pdt. Bernadus Meymoriardi Eksilimawan selaku Visitator Bapelsin XXIX GKJ dalam sambutannya menekankan pentingnya membangun komunikasi yang baik antara Penatua, Diaken, Pendeta, Pendeta Emiritus, dan warga jemaat. Si Kece pulang kampung sambil berburu.Ciee…GKJ Limpung punya pendeta baru! Dengan penahbisan Pdt. Meika Aditya Nugraha, S.Pd.K, GKJ Limpung membuka babak baru dalam pelayanannya. Jemaat menyambut penuh sukacita dan antusiasme atas kedatangan gembala baru mereka.
Sidang LVI GKJ Klasis Gunung Kidul: Semangat Kebersamaan dan Pemulihan Ciptaan
Sidang LVI Gereja-Gereja Kristen Jawa (GKJ) Klasis Gunung Kidul telah dilaksanakan pada hari Sabtu, 24 Februari 2024 bertempat di GKJ Logandeng sekaligus sebagai gereja penghimpun. Sidang diawali dengan Ibadah Pembukaan oleh Majelis GKJ Logandeng dan Pnt. Wening sebagai pembawa Firman. Adapun tema yang diambil adalah; “GKJ Melangkah Bersama Dengan Semangat Kebersamaan dan Pemulihan Ciptaan”. Utusan dari 13 gereja di lingkup GKJ Klasis Gunung Kidul: GKJ Baran, GKJ Bejiharjo, GKJ Kemadang, GKJ Logandeng, GKJ Paliyan, GKJ Panggang, GKJ Pugeran, GKJ Sabda Adi Semanu, GKJ Semanu Baru, GKJ Susukan, GKJ Watusigar, GKJ Wiladeg dan GKJ Wonosari, semua hadir dengan semangat persidangan. Bupati Gunung Kidul H. Sunaryanta dalam sambutannya mengajak Gereja-gereja di lingkungan Kabupaten Gudung Kidul untuk mendukung program pemerintah terutama dalam peningkatan indeks pembangunan dengan memaksimalkan SDM yang ada. Selesai memberikan sambutan Bupati Gunung Kidul memukul gong sebanyak 5 kali sebagai tanda dibukannya persidangan. Pdt. Andono Pawoko selaku visitator sinode dalam sambutannya selain menyampaikan beberapa informasi penting dari sinode juga secara khusus menyampaikan terimakasih kepada Klasis Gunung Kidul terutama GKJ Pugeran yang telah mengijinkan pendetanya untuk melalukan pelayanan yang lebih luas, sebagai sekretaris Bapelsin XXIX Sidang berjalan baik dan lancar dengan Pimpinan Sidang LVI Gereja-Gereja Kristen Jawa (GKJ) Klasis Gunung Kidul sebagai berikut:Ketua I : Pnt. Sutotok SudarujianKetua II : Pdt. Yusak SumardikoSekretari I : Pnt. SudjatmokoSekretaris II : Pnt. Suryo Suhartono Setelah membahas tuntas materi persidangan, sidang ditutup tepat pk.17.15 wib dengan Ibadah Penutupan yang dipimpin oleh Pdt. Yusak Sumardiko. Sekaligus dalam Ibadah penutupan dilaksanakan pelerehan bapelklas dan bawasklas LV dan peneguhan bapelklas dan bawasklas LVI.
Ahad, 25 Februari 2024, Minggu Pra-Paskah II
Purwaning Dumadi 17:1-7, 15-16; Jabur 22:23-31; Rum 4:13-25;Markus 8:31-38 PRACAYAMU AJA KENDHO “Lan pracayane ora dadi kendho, sanadyan ngraosake yen sarirane wus lungse…” (Rum 4:19) Salah satunggaling tokoh Alkitab ingkang dipunakeni dening tigang agami monotheisme (Kristen, Islam lan Yahudi) inggih punika Rama Abraham. Tetiganipun ngakeni bilih Abraham punika ramanipun. Pancen mboten klentu awit Abraham satunggaling tiyang ingkang ngedab-edabi ing lampahing gesangipun langkung-langkung ing bab kapitadosanipun. Iman ingkang kawujudaken ing salebeting nglampahi timbalanipun Gusti Allah kanthi setya lan pambangun turut ingkang ageng ing gesangipun. Gusti Allah sampun paring pangandika bilih Abraham badhe dados ramanipun kathah bangsa lan tedhak turunipun cacahipun tanpa wilangan. Senadyan mujudaken punika mokal awit sacara kamanungsan, yuswanipun sampun sepuh lan Sara garwanipun sampun lungse ing wanci (Ay. 19) Nanging kawontenan lan gesang ingkang dipunlampahi mboten njalari kapitadosanipun Abraham kendho. Punapa ingkang njalari kapitadosanipun mboten kendho? Wangsulanipun saged kapanggihaken ing ayat 18 “…kumandel kanthi pangajeng-ajeng..” ; lan ing ayat 20 “…ngugemi prasetyane Gusti Allah, tanpa mangu-mangu…” Pitados kinanthenan pangajeng-ajeng lan ngugemi prasetyanipun Gusti tanpa mangu-mangu, punika ingkang kita betahaken ugi ing salebeting nglampahi gesang peparingipun. Awit gesang kita punika kadosdene Rama Abaraham, tinimbalan dening Gusti, nglampahi timbalanipun ngantos ing tanah prasetyan langgeng. Sadinten-dinten ingkang kita lampahi ugi mboten gampil, wonten mangsanipun kita ngadhapi tantanganing iman lan karibedaning gesang. Kita sami kadosdene manungsa sanesipun ing jagad punika, mboten kalis ing perkawis. Ananging ingkang mbedakaken kita kaliyan sesami ingkang dereng tepang kaliyan Gusti inggih punika kita nggadhahi piandhel kinanthenan pangajeng-ajeng tumrap prasetyanipun Gusti ingkang langgeng. Pramila “pracayamu aja kendho” awit Gusti mesthi badhe mitulungi. |*IAS
Setu, 24 Februari 2024 Minggu Pra-Paskah I
Purwaning Dumadi 16:7-15; Jabur 22:23-31; Markus 8:27-30 PADUKA PUNIKA EL-ROI “….Paduka punika EL-Roi”, sabab pangunandikane : “aku ana ing kene rak wus ndeleng Panjenengane kang mirsani aku?” (Purwaning Dumadi 16:13) El-Roi satunggaling sebatan ingkang katujokaken dhateng Gusti Allah. El-Roi tegesipun Gusti mirsani. Elokipun, sebatan asmanipun Gusti Allah punika medal saking lesanipun batur pawestri ingkang pinangkanipun saking Mesir, tiyang ingkang sejatosipun mboten wonten sambetan kaliyan rancangan kawilujenganipun Allah, inggih punika ibu Hagar. Hagar punika baturipun ibu Sarai garwanipun bapa Abram (Abraham). Ibu Sarai utawi Sara maringaken Hagar dhateng Abraham supados Abraham enggal nggadahi turun. Ananging nalikanipun Hagar ngandhut lajeng ngremehaken bendaranipun punika, njalari Sara nindhes kanthi sanget dhateng ibu Hagar satemah lajeng minggat. Nalika keplajeng dumugi pasamunan, Gusti Allah mboten negakaken, mila lajeng ngutus Malaekatipun manggihi ibu Hagar lajeng paring pangandika supados Hagar wangsul lan tumungkul dhateng bendaranipun lan Gusti Allah badhe nggatosaken kasangsaranipun saha anak ingkang kinandhut ing tembenipun badhe kinanthi ugi dening Gusti. Lelampahan ingkang mekaten njalari Hagar, pawestri Mesir punika pitados dhateng Gusti lan ngucap Paduka punika El-Roi. Nelakaken dhumateng kita bilih Gusti Allah punika Allah ingkang welas asih lan kanugrahanipun kaparingaken dhateng sedaya tiyang, inggih sedaya tiyang ingkang pitados lan ngendelaken Panjenengipun. Menawi Panjenenganipun migatosaken sedaya tiyang, kenging punapa kita taksih mangu-mangu bab katresnanipun Gusti? Punapa malih kita ingkang sampun tinebus dening Sang Kristus ing kajeng salib? Kenging punapa iman kapitadosan kita gampil miyar-miyur nalika ngadhepi kasangsaraning gesang? |*IAS
Rekrutmen Calon Mahasiswa Teologi Asal GKJ 2024
Nomor : SK/2024/B7/SB704/206 Salatiga, 22 Februari 2024 Hal : Rekrutmen Mahasiswa Teologi Asal GKJ Yang Terhormat Segenap Majelis Gereja Kristen Jawa se Sinode GKJ di alamat masing-masing Salam dalam Kasih Tuhan Yesus Kristus, Dalam upaya mendapatkan calon mahasiswa teologi yang bersungguh-sungguh, berdedikasi, memiliki minat, dan komitmen untuk melayani Tuhan melalui jemaat-Nya, maka BAPELSIN XXIX GKJ kembali menyelenggarakan rekrutmen calon mahasiswa teologi asal GKJ yang berhak menerima bantuan beasiswa Sinode GKJ. Pada tahun ini Sinode GKJ akan memberikan bantuan beasiswa bagi mahasiswa baru yang akan studi di sekolah teologi yang didukung oleh Sinode GKJ. Tahapan rekrutmen Calon Mahasiswa Teologi Asal GKJ : Kualifikasi peserta rekrutmen: Syarat Administrasi : Demikian yang dapat kami sampaikan. Atas perhatiannya kami ucapkan terima kasih. Tuhan Memberkati kita.
Jemuwah, 23 Februari 2024 Minggu Pra Paskah I
Purwaning Dumadi 16:1-6; Jabur 22:23-31; Rum 4:1-12 RAHAYU “rahayu wong kang padha kaapura panerake, lan kang kaaling-alingan dosa-dosane; rahayu wong kang kaluputane ora kaetang dening Gusti Allah” (Rum 4:7,8) Panerak punika tegesipun nrajang, nyerang utawi nerak pranatan. Nalika tiyang sampun nerak pranatan tegesipun sampun nindakaken kalepatan lan nyimpang saking kayekten. Kekalihipun punika tumindak ingkang ndhatengaken dosa lan saben tiyang ingkang sampun kawengku ing dosa piyambakipun kedah saged uwal utawi ugi mbetahaken pangluwaran saking panguwaosipun dosa. Kawontenan ingkang mekaten temtu sanes perkawis ingkang mbingahaken, awit saben tiyang ingkang gesangipun kawengku ing dosa mboten badhe ngraosaken katentreman ing gesang. Mila Rasul Paulus ngandika “rahayu tiyang ingkang sami kaapunten panerakipun lan ingkang kaaling-alingan dosanipun, rahayu ingkang kalepatanipun sampun mboten kaeetang malih dening Gusti Allah.” Punika nedahaken dhateng kita, sejatiosipun mboten wonten kuwaos ing jagad punika ingkang saged paring pangapunten tumrap panerakipun manungsa. Mboten wonten kuwaos ingkang saged ngaling-alingi sedaya dosaning manusia kejawi saking panguwaosipun Gusti Allah. Awit saking menika, sumangga sami ngaturaken panuwun sokur, bingah-bingaha lan sukarenaa awit namung Gusti Allah ingkang sampun ngutus ingkang Putra milujengaken gesanging para tiyang pitados. Langkung saking punika samia langkung tegen anggen kita nindakaken timbalanipun Gusti ing gesanging pangibadah, peladosan punapadene ing lampahing gesang padintenan, awit kita sampun sinebat tiyang-tiyang ingkang nampi karahayon sejati saking Gusti Allah. I *IAS
Berita Duka Pdt. Emiritus Supriyo Laban
Berita Duka Pdt. Emiritus Supriyo Laban (GKJ MAGELANG) Meninggal dunia, Kamis 22 Februari 2023 Pukul 16.00 WIB Pemakaman Jumat 23 Februari pukul 10.00 WIB Badan pelaksana Sinode XXIX Gereja Kristen Jawa menghaturkan turut berbela sungkawa atas berpulangnya Pdt. Emiritus Suriyono Laban kiranya Tuhan memberikan kekuatan serta penghiburan bagi seluruh keluarga yang ditinggalkan.




