Purwaning Dumadi 15:1-6, 12-18; Jabur 22:23-31; Rum 3:21-31 WEWATON PRACAYA “….Ora, nanging wewaton pracaya” (Rum 3:27) Tembung waton miturut Bausastra tegesipun pinggiraning amben (lincak); amben kina umumipun taksih wonten pinggiranipun; langkung-langkung amben ingkang kadamel saking kajeng utawi wesi. Pinggiran punika kaperlokaken kangge wates lan landhesan supados kasur-ipun mboten gampil dhawah lan risak. Menawi tembung waton punika dados tembung wewaton nggadahi teges pathokan, paugeran, pranatan. Ngengetaken dhateng kita bilih gesang punika umumipun mawi paugeran, pranatan supados gesang kita lumampah kanthi prayogi. Mekaten ugi tumrap umat kagunganipun Gusti, Rasul Paulus mratelaken bilih saben tiyang ingkang pitados dhateng Gusti sampun sami “kabeneraken” dening Gusti Allah. Tembung kabeneraken punika mratelakaken sih kamirahanipun Gusti ingkang tanpa winates dhateng umatipun. Kenging punapa Gusti Allah “mbeneraken” manungsa? Ayat 23 mratelakaken “marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah” lan srana Toret manungsa mboten saged uwal saking tumindaking dosa, mila Panjenenganipun rawuh manjalma manungsa lan manungsa ingkang dipuntresnani “….kabenerake kanthi lelahanan awit saka sih rahmate lumantar panebuse Sang Kristus Yesus.” (ay. 24). Menawi sewaunipun umat israel gesang kanthi pranatan Toret taksih dereng uwal saking paukumaning dosa; ananging saksampunipun Gusti Yesus rawuh lan nebus manungsa gesangipun sampun kamardikakaken lan gesang ing sih rahmatipun. Milanipun, Rasul Paulus ngengetaken: awit semanten ageng sih kadarmanipun Gusti Allah dhumateng umatipun, minangka atur panuwunipun, umat mboten kepareng ngendelaken kakiyataning manungsa malih ananging kedah gesang “wewaton pracaya”. Kadosdene ingkang sinerat ing Serat Rum 10:9 “Sebab, menawa sarana tutukmu kowe ngakoni yen Gusti Yesus iku Gusti, lan atimu pracaya yen Gusti Allah wus mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati, kowe bakal kapitulungan rahayu”. |*IAS
Rebo, 21 Februari 2024 Minggu Pra Paskah I
Wulang Bebasan 30:1-9; Jabur 77; Matius 4:1-11 PANGANDIKANE IKU TAMENG “Kabeh sabdane Gusti Allah iku murni, Gusti Allah iku dadi tetamenge sakehe wong kang ngayom marang Panjenengane.” (Wulang Bebasan 30:5) Frances J. Crosby punika satunggaling panyerat kidung (hymne) ingkang kawentar. Cacahipun kidung ingkang kaanggit ngantos 8000 kidung, ngantos samangke taksih kita kidungaken. Crosby wuta nalika taksih alit, ananging Gusti ngagem piyambakipun dados berkah kangge tiyang kathah lumantar seratan puisi lan syair lagunipun. Saben-saben sakderengipun ndamel seratan, piyambakipun dedonga dhumateng Gusti lan maos pangandikanipun Gusti. Pangandikanipun punika dados sumber ingkang ageng ing gesangipun dadosa nalika nyerat kekidungan punapadene nalika nglampahi gesangipun ingkang mboten gampil. Piandel ingkang kados mekaten punika ingkang ugi kapanggihaken ing gesang lan kapitadosanipun Agur bin Yake saking Masa. Sakderengipun Agur saged matur “sabdane Gusti Allah iku murni, Gusti Allah iku dadi tetamenge sakehe wong kang ngayom marang Panjenengane”, piyambakipun ngrumaosi minangka tiyang ingkang bodho, mboten kadunungan ing budi, ugi mboten nyinau bab kawicaksanan”. Ananging saksampunipun ngrumaosi agenging pakaryan lan panguwaosipun Gusti Allah, piyambakipun ngakeni bilih sedaya pinangkanipun saking sabdanipun Gusti ingkang murni lan dados tetameng tumrap tiyang ingkang purun ngayom dhateng Panjenenganipun. Pangakenipun Agur punika dados pangenget dhateng kita sedaya, nalika kita taksih ngendelaken diri pribadi, nindakaken punapa kemawon namung miturut nalar lan kamanungsan kita, kita boten badhe mangertos dayaning Sabdanipun Gusti tumrap gesang kita. Kamangka Gusti Yesus nalika kagodha dening si iblis, Panjenenganipun mimpang saking panggodha awit pangandikanipun: “Ana tulisan mangkene: Uripe manungsa iku ora mung saka roti bae, nanging saka sakabehing sabda kan miyos saka ing lesaning Allah” . Mila kita kedah tansah ngayom ing pangandikanipun Gusti, awit punika tamenging gesang kita. |*IAS
RENUNGAN SADHAR – Sabda Winedhar Maret 2024
RENUNGAN SADHARSabda Winedhar Maret 2024Mitra Saben Ari Marsudi Ati Tema: Wungunipun Gusti Nganyaraken Lan Mulihaken Gesang Diterbitkan Oleh:Yayasan Taman Pustaka Kristen Indonesia(Anggota IKAPI)Jl. dr. Wahidin Sudirohusodo No. 38A Yogyakarta 55222Telp./Fax.: (0274) 512449; HP/WA: 087838211445E-mail: penerbit@tamanpustakakristen.comWebsite: www.tamanpustakakristen.com Bekerjasama dengan:Sinode Gereja-gereja Kristen JawaJl. Dr. Sumardi No. 8 & 10 Salatiga 50711Rek: BritAmaBisnis 0081-000589-56-1 a/n Sinode GKJTelp: 0298.326684 Email: sinode@gkj.or.id WA Center: +62 856 4066 6663Website: www.sinodegkj.or.id Klik disini Untuk mengunduh Temukan Pengalaman baru Renugan Harian Sadhar didalam genggaman smartphone.Unduh Aplikasi Renungan Harian Sadhar di Playstore, dan nikmati pembacaan renungan harian di kanal youtube Sinode GKJ Pemesanan dan Informasi dapat menghubungi Sinode Gereja-gereja Kristen JawaJl. Dr. Sumardi No. 8 & 10 Salatiga 50711Telp: 0298.326684 Email: sinode@gkj.or.id WA Center: +62 856 4066 6663
Gumregah Bebarengan – Spirit Perayaan HUT Sinode GKJ ke 93
Salah satu isu yang menjadi perhatian Sinode GKJ dalam daur Sidang XXIX adalah permasalahan ekologis. Dalam rangkaian perayaan HUT Sinode GKJ ke 93 ini, klasis Salatiga Bagian Selatan selaku penghimpun menawarkan kemasan acara yang menarik. Dengan mengambil slogan “Gumregah Bebarengan”, diharapkan seluruh warga Sinode GKJ dapat memiliki kesadaran tentang pentingnya membuka mata terhadap fenomena-fenomena ekologis yang terjadi di dunia masa kini, sesuai dengan tema Sidang Sinode XXIX yaitu Melangkah Bersama Mewujudkan Pembaharuan dan Pemulihan Keutuhan Ciptaan. Pada hari Sabtu, 17 Februari 2024, para utusan klasis se-sinode sudah hadir di kawasan Salib Putih untuk mengikuti Forum Group Discussion (FGD) yang dibagi menjadi 3 tempat.FGD 1 membahas topik “Sampah, dari Masalah menjadi Anugerah”. FGD 2 membahas tentang optimalisasi tanah dan pekarangan. Adapun FGD 3 membahas tentang Berwirausaha secara produktif, modal minimal hasil maksimal.FGD berakhir serentak pada pukul 13.00 dan dilanjutkan dengan makan siang bersama sementara panitia menyiapkan untuk ibadah perayaan HUT. Pdt. Anugerah Kristian selaku sekretaris Bapelsin XXIX dalam sambutannya menekankan tentang pentingnya pertobatan ekologis bagi kehidupan bergereja di dalam Sinode GKJ. Gereja juga harus terlibat bersama-sama memulihkan keutuhan ciptaan di dalam terang kasih Tuhan. Ibadah berlangsung khidmat dengan nuansa Jawa yang kental. Pelayanan Sabda disampaikan secara unik melalui duet pementasan wayang yang dilakonkan oleh Bp. Amrih Gunarto dan tim serta Pdt.Sundoyo sebagai pembawa Firman. Pdt. Sundoyo menekankan tentang keegoisan manusia yang serakah dan ingin menguasai segalanya bahkan sampai mengorbankan alam semesta. Sekali lagi, pertobatan ekologis menjadi seruan untuk hadirnya pemulihan ciptaan di dalam terang kasih Tuhan. Turut serta hadir tamu undangan diantaranya rektor UKSW dan UKDW. Selamat ulang tahun Sinode Gereja-gereja Kristen Jawa Selamat Melangkah Bersama Mewujudkan Pembaharuan dan Pemulihan Keutuhan Ciptaan
Slasa, 20 Februari 2024 Minggu Pra-Paskah I
Ayub 5:8-27; Jabur 77; I Petrus 3:8-18a KATIMBALAN MUJEKNE SING BECIK “Aja males piala nganggo piala, ipat-ipat nganggo ipat-ipat. Malah padha mujèkna becik, merga iya mengkono kuwi maksudé enggonmu padha tinimbalan, supaya kowé padha kaberkahana.” (I Petrus 3: 9) Berkah iku peparing sihrahmate Gusti. Beda karo peparing bandha, dhuwit, utawa barang kadonyan liyane, berkah nalika diedum-edumake malah sangsaya babar, nyebar, nambah, lan dadi luwih gedhe lan akeh maneh. Dina iki kita nampa sabdane Gusti, supaya urip kita kaberkahan, kaya sing dadi timbalan kita ing patunggilan kaliyan Gusti Yesus Kristus, kita kadhawuhan supaya ora males ala karo tumindak sing ala, utawa ipat-ipat dibales ipat-ipat, nanging tansah mujekake sing becik. Njaga ati sing resik, kanthi tulus mujekake sing becik iki diarani lugu, kerep digeguyu amarga gampang diapusi dening wong liya sing duwe niyat ora becik. Bocah cilik kerep duwe sikep lugu nalika precaya marang wongtuwane. Lan ngadhepi bocah cilik sing lugu, sapa sing tegel menawa arep ngapusi lan gawe gela sarta tangise? Sapa sing bakal tumindak ala menawa kita mbeciki marang wong liya? Urip sing kaberkahan iku bisa wae diapusi dening wong liya, nanging nalika diapusi ora bakal ndadekne gela utawa nelangsa. Sing kudune getun iku wong sing ngapusi lan tumindak ala marang dheweke. Sabdane Gusti, menawa kita ngadhepi sangsara amarga tumindak becik, malah kita kasebut minangka wong begja, kaanggep pantes ndherek ngrasakake kasangsarane Gusti Yesus kang manggul salib lan seda kanggo nebus dosa-dosane manungsa. Wong sing binerkahan iku wus sinau masrahake uripe ing Astane Gusti kang kebak sih lan piwelas. Gusti Allah Hakim Kang Adil bakal ngakimi penggawene saben manungsa, siji lan sijine manut miturut patrape dhewe-dhewe. Ora ana sing bisa kadhelikake saka paningale Gusti Kang Maha Pirsa. Wiwit ing pengangen-angen, sumangga sakabehing pandonga sing kita lairake mung mujekake sing becik. Amin. |*YTP
Senen, 19 Februari 2024 Mingg Pra-Paskah I
Ayub 4:1-21; Jabur 77; Efesus 2:1-10 NGLAKONI PENGGAWE BECIK “Kita iki padha titahé Gusti Allah, kang nitahaké kita ana ing patunggilané Sang Kristus Yésus, supaya kita padha nglakoni penggawé becik, sing wis kacadhangaké kanggo kita.” (Efesus 2: 10) Nindakne penggawe becik iku saiki, aja semaya mengko-mengko. Apa maneh njaluk syarat: “Aku bakal tumindak becik menawa wong liya uga tumindak becik marang aku. Aku bakal nulungi menawa wis sugih. Aku bakal menehi menawa wis duwe akeh.” Wong sing semaya lan selak iku tegese ora nampa kahanane saiki kanthi bungah lan sokur. Menawa kita tumindak becik marang wong sing uga tumindak becik, apa bedane karo wong sing ora precaya? Bisa wae kita ora duwe bandha dhuwit lan kasugihan sing linuwih, nanging kita bisa tetulung ngrewangi lan nyantosakne pepadha sing lagi ing mbutuhake, srana apa sing wis kaparingake dening Gusti, lan wis dadi darbek kita. Apa maneh minangka titahe Gusti Allah ing patunggilan kaliyan Gusti Yesus Kristus, kita mung gari nglakoni penggawe becik kang wis kacadhangake dening Gusti kanggo kita. Ana sedulur sing crita, gela amarga nate nulungi wong liya, jebul sing nate ditulungi iku ora ngerti matur nuwun. Pancen bener, blas ora patut menawa menehi susu kok diwales nganggo upas. Nanging aja nganti kendho anggone tumindak becik, malah wong sing nyupatani didongakne slamet, wong sing mungsuhi disuwunake berkah. Tumindak becik marang wong sing tumindak ala iku medhot pepenginan males sing ala kanthi tumindak ala uga. Katresnan iku tetep mbeciki lan ngudi sing becik sanajan ora diregani saiki, amarga precaya menawa woh ing wekasane bakale becik uga. Luwih rahayu wong sing paweweh tinimbang sing nampa. Luwih begja sing tetulung tinimbang sing ditulungi. Gusti sumbering karahayon nitahake kita supaya nglakoni penggawe becik. Iku wus kacadhangake supaya kita tindakne, sawetahe urip kita. Amin. |*YTP
Ahad, 18 Februari 2024, Minggu Pra-Paskah I
Purwaning Dumadi 9:8-17; Jabur 25:1-10; I Petrus 3:18-22;Markus 1:9-15 IKI WAYAHE GUSTI NGADEGAKE KRATONE “Pangandikané: “Saiki wis wayahé Gusti Allah ngedegaké Kratoné. Padha mratobata, ninggala dosa-dosamu lan precayaa marang Injil.” (Markus 1: 15) Bangsa Yahudi ora rumangsa nduweni pemimpin nganti Nabi Yohanes Pembaptis rawuh. Wong-wong padha sowan lan nyuwun kabaptis minangka pratandha pamratobat. Nabi Yohanes lan Gusti Yesus martakake “Saiki wis wayahe Gusti Allah ngadegake Kratone”. Adege kratone Allah iku katalesake ing pamratobat, ninggal dosa-dosane, lan pracaya marang Injil. Injil yaiku kabar kabungahan bab pakaryan sihrahmate Gusti Allah kang paring pangapura dosa-dosa, lan urip langgeng minangka umat ing Kratone Allah kang rawuh. Sing kanggo dhasar ngawiti jaman anyar ing Kratone Allah kang rawuh iku pakaryan sihrahmate Gusti Allah kang nampani wong dosa sing mratobat. Iki lelawanan karo peprintahane raja-raja donya sing ngereh lan ngukum. Bangsa Afrika Selatan nalika Nelson Mandela dadi presiden ing tahun 1992 nganakne Komisi Kebenaran dan Rekonsiliasi (KKR). Saka peprintahan apartheid sing nindhes marang penduduk asli, ngalih peprintahan hasil pemilu sing demokratis. Marang sapa wae sing ngaku menawa nate tumindak salah, KKR bakal ngapura perkarane lan ora ngukum. Nanging sing selak bakal diusut lan diajokne ing pengadilan. Iki meh padha karo tatacara “restorative justice” (Peraturan Kejaksaan 15 tahun 2020) sing dicakne ing undang-undang kepolisian lan kejaksaan negara kita wiwit tahun 2020 kepungkur. Minggu iki bangsa Indonesia nindakne pemilu. Hasil etung-etungan cepet wis kita tampa, hasil resmi nunggu saka KPU. Miwiti peprintahan anyar, prayoga kita bisa sinau saka pangandikane Gusti Yesus. Sapa sing mratobat lan ninggal dosane bakal nampa pangapura, nanging sing wangkot bakal diukum. Mata ganti mata untu ganti untu ora bakal ana enteke. Mung sihpangapura sing kwasa nyantosakne bebarengan miwiti peprintahan anyar sing adil, bener, lan rahayu kayadene ing Kratone Allah. Amin. |*YTP
Setu, 17 Februari 2024 Minggu Transfigurasi
Mazmur 32, Mazmur 25:1-10, Matius 9:2-13 PENGETAN AMBAL WARSA SINODE GKJ “Ing kono ana wong lumpuh nggluntung ing peturon, digotong menyang ngarsané Gusti Yésus. Bareng pirsa pengandelé wong-wong mau banjur ngandika marang sing lumpuh: “Atimu sing tatag! Dosa-dosamu wis diapura.” (Matius 9: 2) Dina iki Ambal Warsa Sinode GKJ kaping 93 tahun. Adege pasamuwan ora liya amarga sihrahmate Gusti Allah, kang kersa nimbali, nunggilake, lan mbangun tata urip pasamuwan ing Sinode GKJ thuwuh santosa lan ngrembaka. Ing sejarah GKJ, Gusti mbangun pasamuwan ing tanah Jawa sing saiki madeg dadi Sinode GKJ lantaran pakaryan Zending Gereformeerde, liwat sekolah-sekolah lan rumah sakit utawa klinik Kristen. Akeh pasamuwan kawiwitan dening sadherek mantri guru lan perawat, kang lumrah kasebut golongan priyayi nalika ing jaman Landa. Kejaba iku Gusti uga makarya ngadegake pasamuwan lantaran pakaryane Kyai Sadhrach ing Karangjasa, Purworejo. Emane pasamuwan Kristen kang mardika saka Kyai Sadhrach iki amarga beda panemu disebratke dening greja Gereformeerd lan nggabung menyang greja kerasulan. Mugi binerkahan sakabehing pangenget, dhateng para abdine Gusti kang wus katimbalan lan kautus makarya leladi, kanggo mbangun pasamuwan kagungane Gusti ing Sinode GKJ. Wacan Injil ing dina iki pakaryane Gusti Yesus kang paring pangapura, lan marasake wong lumpuh banjur bisa ngadeg, tangi, lan mlaku mulih dhewe. Sawise iku Gusti Yesus nimbali Matius, pegawe pajeg sing dianggep ala dening masyarakat Yahudi supaya, “Melua Aku”. Wong lumpuh lan Matius si juru mupu beya sing disingkirke wong akeh nampa pakaryan sihrahmate Gusti kang nylametake. Adege greja mung amarga pakaryan sihrahmate Gusti kang paring pangapura. Pinujia Asmane Gusti kang paring pangapura lan nebus kita dadi umat kagungane Gusti. Ing pengetan 93 tahun GKJ, pawarta bab pangapura iki tetep dadi pawarta kang wigati kita wartakake lan kawujudake ing urip bebarengan satengahing bangsa. Sumangga sami apura ingapura, amarga Gusti wus ngapura kita. Amin. |*YTP
Jemuwah, 16 Februari 2024 Minggu Transfigurasi
Dhaniel 9:15-25a; Jabur 25:1-10; II Timoteuss 4:1-5 NGENDHALENI AWAKE DHEWE IKU URIP ING SAMADYA “Nanging kowé kudu padha ngendhalèni awakmu dhéwé ing sedhéngah kaanan, sing sabar ing sajroning kasangsaran. Injil wartakna, lan kabèh kuwajibanmu tindakna krana enggonmu dadi abdiné Gusti Allah” (II Timotius 4: 5) Bisa ngendhaleni awake dhewe ing sadhengah kaanan iku bisa katrangane nglakoni urip ing samadya. Samubarang kabeh iku ana wayahe, ora bisa nggege mangsa menawa durung wancine, ora bisa uga ngendha menawa wis kudu ngadhepi saiki. Yen kudu dilakoni iya dilakoni, yen ora kuwat iya pasrah lan njaluk tulung, yen rumangsa bisa iya aja kewanen, apa maneh nggampangke lan tumindak sembrono. Urip iki dilakoni kanthi eling, menawa samubarang kabeh iku owah-owah, ora ana sing langgeng. Dadi ora ngaya, malah sinau sabar ing sajroning sangsara. Rasul Paulus mituturi marang Timotius. Pengalaman leladi ing satengahing pasamuwan nemoni ana-ana wae wong sing ora gelem ngrungokake, nuruti nepsune, lan nglumpukake bala kanggo mungsuhi sedulur sing ora sakpanemu. Sinau supaya bisa ngendhaleni awake ing sadhengah kaanan iku butuh pracaya sing santosa, tumemen anggone sumarah, dudu karepe dhewe, nanging apa sing dadi kersane Gusti iku sing digoleki. Katimbalan dadi abdine Gusti Allah iku diwiwiti anggone sinau ngendhaleni dhiri, aja nganti nalika martakake Injil, uripe malah dadi sesandhungan amarga cengkah karo pawartane. Sing kerep gawe semplah iku nalika ana pengarep-arep sing ora bisa kelakon. Wis dharik-dharik anggone ngrancang lan nata, jebul batal. Nanging kosokbalene bisa uga amarga nampa kanugrahan gedhe kamangka atine durung sedya, malah ndadekne lelakon kayadene Petruk dadi ratu, kumenthus lan kemaki lali karo adeg satenane. Minangka abdine Gusti, sinau bisa ngendhaleni awake dhewe iku kudu ngesorake dhiri, tansah matur, “Sumangga kersanipun Gusti kelampahan ing gesang kawula”. Amin. |*YTP
Kemis, 15 Februari 2024 Minggu Transfigurasi
Dhaniel 9:1-14; Jabur 25:1-10; I Yokanan 1:3-10 NGAPUSI AWAKE DHEWE “Yèn kita muni ora duwé dosa, kita padha ngapusi awak kita dhéwé lan nyatané ora mengkono; ateges Gusti Allah ora dedalem ing ati kita” (I Yokanan 1: 8) Rasul Yohanes nyebut wong sing ngaku ora duwe dosa iku ngapusi awake dhewe. Nalika wong wis rumangsa bener, pinter, linuwih, lan ing ngarsane Gusti wis ora butuh apa-apa maneh amarga wis rumangsa bisa sakabehe, iku salah siji tandha anggone ngapusi awake dhewe. Kawitane dosa iku rumangsa wis bisa dhewe, ora ngakoni menawa sakabehing kabisan kapinteran lan darbek kita iku peparinge Gusti. Dadine adoh saka sumuyud ngestokake dhawuh kersane Gusti, nanging rumangsa wis kwasa ngrancang lan nata uripe dhewe. Wong mursid iku tansah bekti lan ngudi apa sing dadi kersane Gusti, supaya bisa kawujudake ing uripe. Ngabekti iku tumungkul lan ngesorake dhiri. Saben ndadar lan nitipriksa uripe ing ngarsane Gusti ndadekne pengaken lan panelangsa. Ngrumangsani menawa anggone urip mursid ngabekti lan ngestokake kersane Gusti iku isih ngemu cidra, durung wutuh, apa maneh sampurna. Ngesorake dhiri ngakoni dosa ing ngarsane Gusti ngawohake urip sing uga ngesorake dhiri marang pepadhane manungsa. Ngakoni dosa ora bakal tumindak ngakimi wong liya, nanging dadi tuladha anggone ngesorake dhiri ing panelangsa. Nulungi wong sing ngapusi awake dhewe iku angel banget, malah kepara ora isa. Lha wong awake dhewe wae diapusi, apa maneh wong liya! Kita bisa mrekarakne wong liya sing tumindak salah marang kita, nanging ora duwe kawenangan kanggo ngakimi dosane wong marang Gusti, lan ewuh menawa arep nyampuri urusane karo wong liya. Ing pengadilan, wong sing selak diganjar ukuman luwih abot. Gusti Allah Hakim kang Agung ing wancine bakal ngakimi, lan cilaka temen wong sing selak amarga kauncatan saka sihpalimirmane Gusti kang paring pangapura. Amin. |*YTP


