+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 21 Februari 2024 Minggu Pra Paskah I

Wulang Bebasan 30:1-9; Jabur 77; Matius 4:1-11

PANGANDIKANE IKU TAMENG

“Kabeh sabdane Gusti Allah iku murni, Gusti Allah iku dadi

 tetamenge sakehe wong kang ngayom marang Panjenengane.”

 (Wulang Bebasan 30:5)

Frances J. Crosby punika satunggaling panyerat kidung (hymne) ingkang kawentar. Cacahipun kidung ingkang kaanggit ngantos 8000 kidung, ngantos samangke taksih kita kidungaken. Crosby wuta nalika taksih alit, ananging Gusti ngagem piyambakipun dados berkah kangge tiyang kathah lumantar seratan puisi lan syair lagunipun. Saben-saben sakderengipun ndamel seratan, piyambakipun dedonga dhumateng Gusti lan maos pangandikanipun Gusti. Pangandikanipun punika dados sumber ingkang ageng ing gesangipun dadosa nalika nyerat kekidungan punapadene nalika nglampahi gesangipun ingkang mboten gampil.

Piandel ingkang kados mekaten punika ingkang ugi kapanggihaken ing gesang lan kapitadosanipun Agur bin Yake saking Masa. Sakderengipun Agur saged matur “sabdane Gusti Allah iku murni, Gusti Allah iku dadi tetamenge sakehe wong kang ngayom marang Panjenengane”, piyambakipun ngrumaosi minangka tiyang ingkang bodho, mboten kadunungan ing budi, ugi mboten nyinau bab kawicaksanan”. Ananging saksampunipun ngrumaosi agenging pakaryan lan panguwaosipun Gusti Allah, piyambakipun ngakeni bilih sedaya pinangkanipun saking sabdanipun Gusti ingkang murni lan dados tetameng tumrap tiyang ingkang purun ngayom dhateng Panjenenganipun.

Pangakenipun Agur punika dados pangenget dhateng kita sedaya, nalika kita taksih ngendelaken diri pribadi, nindakaken punapa kemawon namung miturut nalar lan kamanungsan kita, kita boten badhe mangertos dayaning Sabdanipun Gusti tumrap gesang kita. Kamangka Gusti Yesus nalika kagodha dening si iblis, Panjenenganipun mimpang saking panggodha awit pangandikanipun: “Ana tulisan mangkene: Uripe manungsa iku ora mung saka roti bae, nanging saka sakabehing sabda kan miyos saka ing lesaning Allah” . Mila kita kedah tansah ngayom ing pangandikanipun Gusti, awit punika tamenging gesang kita. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ