Purwaning Dumadi 15:1-6, 12-18; Jabur 22:23-31; Rum 3:21-31
WEWATON PRACAYA
“….Ora, nanging wewaton pracaya” (Rum 3:27)
Tembung waton miturut Bausastra tegesipun pinggiraning amben (lincak); amben kina umumipun taksih wonten pinggiranipun; langkung-langkung amben ingkang kadamel saking kajeng utawi wesi. Pinggiran punika kaperlokaken kangge wates lan landhesan supados kasur-ipun mboten gampil dhawah lan risak. Menawi tembung waton punika dados tembung wewaton nggadahi teges pathokan, paugeran, pranatan. Ngengetaken dhateng kita bilih gesang punika umumipun mawi paugeran, pranatan supados gesang kita lumampah kanthi prayogi.
Mekaten ugi tumrap umat kagunganipun Gusti, Rasul Paulus mratelaken bilih saben tiyang ingkang pitados dhateng Gusti sampun sami “kabeneraken” dening Gusti Allah. Tembung kabeneraken punika mratelakaken sih kamirahanipun Gusti ingkang tanpa winates dhateng umatipun. Kenging punapa Gusti Allah “mbeneraken” manungsa? Ayat 23 mratelakaken “marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah” lan srana Toret manungsa mboten saged uwal saking tumindaking dosa, mila Panjenenganipun rawuh manjalma manungsa lan manungsa ingkang dipuntresnani “….kabenerake kanthi lelahanan awit saka sih rahmate lumantar panebuse Sang Kristus Yesus.” (ay. 24).
Menawi sewaunipun umat israel gesang kanthi pranatan Toret taksih dereng uwal saking paukumaning dosa; ananging saksampunipun Gusti Yesus rawuh lan nebus manungsa gesangipun sampun kamardikakaken lan gesang ing sih rahmatipun.
Milanipun, Rasul Paulus ngengetaken: awit semanten ageng sih kadarmanipun Gusti Allah dhumateng umatipun, minangka atur panuwunipun, umat mboten kepareng ngendelaken kakiyataning manungsa malih ananging kedah gesang “wewaton pracaya”. Kadosdene ingkang sinerat ing Serat Rum 10:9 “Sebab, menawa sarana tutukmu kowe ngakoni yen Gusti Yesus iku Gusti, lan atimu pracaya yen Gusti Allah wus mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati, kowe bakal kapitulungan rahayu”. |*IAS