I Para Raja 6:1-4, 21-22; Jabur 84; I Korinta 3:10-23 AYEM ING PADALEMANING GUSTI ALLAH “Nyawa kawula rempu margi kangen dhateng plataranipun Pangeran Yehuwah, manah kaliyan raga kawula sami asumyak-sumyak tumuju dhumateng Gusti Allah ingkang gesang” (Jabur 84:3) Ana panemu yen menyang greja kuwi salah sawijining tanda kasetyan marang Gusti Allah. Tandha anggone wis manunggal karo Gusti lan karo pendhereke Gusti. Sabab peranganing badan kuwi ora bisa pinisahake siji lan sijine. Awit saka iku yen pinuju ora isa mangkat menyang greja kaya ana sing kurang, ana sing ilang ing peranganing uripe. Juru Masmur ngrasakake uripe rumangsa ayem lan tentren amarga uripe celak karo Gusti Allah. Nyawane kabingarake nalikane lumaku tumuju ing Padalemane Sang Yehuwah. Atine tansah asumyak-sumyak, sukarena. Kosok baline yen adoh saka Gusti, uripe tan ana daya. Juru Masmur mratelakake yen nyawane rempu kangen marang Padalemaning Allah. Juru Masmur tansah duweni pangarep-arep marang Gusti Allah. Sadengah apa wae kang tinemu lan kang dirasakake ing uripe kuwi tinemune mung ana ing Sang Yehuwah. Rasa kang kaya mangkono iku sing kudu kaudi lan kaantepake ing urip manembah marang Gusti Allah. Ati lan rasaning urip bakal ayem, ora bakal kemrungsung, ora bakal was sumelang, apa maneh tinemu wedi ing uripe, tamtu ora bakal ana. Panandhanging urip kuwi mung kaanggep prakara lumrah kang kasandhang. Kaya kang tinemu ing ukara; yen lelara, urip kebak pepalang uga nalikane nemahi panandhang, kaanggep lagi kadangir wae, lan sawuse iku uripe bakal lemu kaya tanduran kang mentas kadangir iku. Yen nyawang swasana ing jagad pancen kaya-kaya wis ora ana dalan lumaku maneh nanging yen tansah kumandel kaya Juru Masmur iku mesthi ayem lan tentrem, kebak panuwun marang Gusti. Lan mesti kapang, tansah kepingin, marek ing ngarsane Gusti minangka wujud katresnan, kasetyan, lan sokur karana berkahing Allah kang ora bisa kaetung gedhe pangajine. Amin. |*AK
Ahad, 3 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah III
Pangentasan 20:1-17; Jabur 19; I Korinta 1:18-25; Yokanan 2:13-22 KAWASISANING DONYA IKU KABODHOHAN “Wong-wong Yahudi tumuli nyela atur marang Gusti Yesus: Panjenengan saged damel mukjijat punapa ingkang saged Panjenengan ketingalaken dhateng kula sadaya, dene Panjenengan kok nindakaken pratingkah kados makaten?” (Yokanan 2:18) Kabodhohaning manungsa iku bab anggone kepingin dianggep pinunjul, diwawas luwih tinimbang liyane. Koskobaline, ora gelem ngakoni kaluwihaning liyan, wong liya malah kaanggep mungsuh, kaanggep saingan kang ngalang-alangi. Wong Yahudi uga rumangsa disaruwe dening Gusti Yesus, banjur pada genten nyaruwe Gusti Yesus lan malah nantang marang Gusti kanthi pitakon bab apa kang wus katindakake. Prakara iku ngemu teges bab apa kang wus dadi kauntungan kanggo wong Yahudi kang wus katindakake utawa diwenehake dening Gusti Yesus marang wong-wong iku. Ing panemune wong Yahudi, Gusti Yesus aja melu-melu bab prakara iku, sabab Panjenengane iku sapa ta; basa kasare ngono kuwi. Pancen kadang kala mangkono kang kadadean ing urip iki, yen wong kepingin melu ing bab apa wae ya kudu wis kaanggep dhisik ing panggonan kuwi lagi bisa digatekake panemune, yen ora mangkono tamtu babar blas ora bakal digagas, mbok benera pisan panemune. Sabab kawasisaning jagad iya sing diwawas apik dening jagad. Bab kang piguna tumrap pamikire utawa panemune jagad, cengkah karo pamawas utawa panemuning karohanen. Awit sing ana ing pikirane mung parkara kadonyan wae. Kaya prastawa ing Padaleman Suci iku. Awit saka iku lumakuning urip kudu nggunakake kawasisaning peparinge Gusti Allah, kang anjog ing tentren rahayu raharjaning urip, ora ngemungake bab panguripan kadonyan thok. Awit yen mangkono kuwi mesti kelangan katentreman lan karahayoning urip, malah iso sansaya ngelak lan ngorong terus sajege urip. Mara payo padha mikir kanthi ati kang ngener ing pakaryaning Allah lan pepadha, ora mung manut panemu lan kekarepan kita dhewe. Amin. |*AK
Setu, 2 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah II
Pangentasan 19:16-25; Jabur 19; Markus 9:2-8 MANGERTOSI KARSANIPUN GUSTI “Anggone matur mangkono iku, marga ora ngreti, apa kang kudu diaturake, saka anggone padha banget wedine. Banjur ana mega teka ngayomi, lan saka ing sajroning mega iku ana suwara kang kaprungu: Iki PutraningSun kang Sunkasihi, padha estokna dhawuhe.” (Markus 9:6-7) Manungsa punika nggadhahi raos penasaran. Asring penasaran bab punapa kemawon. Yen sansaya ditutupi, dialang-alangi, malah ndadekake sansaya penasaran lan sansaya kepingin mangerteni. Kadosta nalikane ana papan kang endah sing diunggah ing media sosial, saben tiyang kepingin ngerti ana ngendi papan kuwi lan yen bisa uga kepingin tekan papan kuwi. Utawa nalika ana kabar kang santer, kabeh iya kepingin ngerti raketan kabar kuwi embuh bener apa luput. Kepinginan mangerti bab samubarang kuwi becik wae lan uga sah-sah wae ananging perlu panaliten bab kabenerane yen kepingin dicritakake maneh marang wong liya. Aja malah ditambahi ukara maneh sing malah sansaya nambahi kuwur bubrahing kahanan lan panemu. Rasul Petrus matur marang Gusti Yesus bab ingkang tinemu ing batos lan kaaturake kanthi ati kang prayoga, awit iya saka anggone ora mangerti bab apa kang kudu diaturake marang Gusti, luwih saka kang dadi pangangen-angene. Dadi ature rasul Petrus dudu bab kang ngayawara nanging awit saka wedine maring kamulyaning Allah. Gusti Allah paring dhawuh bab kang wis dideleng yaiku bab Kamulyaning Gusti Yesus Kristus, supaya para sakabate padha ngestokake sadawuhe Gusti Yesus minangka Putraning Allah kang den kasihi. Dadi bab prakara kang kudu kaaturake marang sapa wae kudu kanthi pamawas kang bener apa maneh bab pakaryaning Allah kang tansah dirasakke ing saben dinane. Ora perlu ngomongake bab kang ngayawara nanging kudu bab kang nyata utawa bab kasunyatan sing dirungu, sing dideleng lan dilakoni. Dadi kabeh kudu trep karo karsaning Gusti. Amin |*AK
Jemuwah, 1 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah II
Pangentasan 19:9b-15; Jabur 19; Lelakone Para Rasul 7:30-40 KASAMPURNANING LAMPAH “Angger-anggere Sang Yehuwah iku sampurna, nyegerake nyawa…” (Jabur 19:7b) Nalika nindakaken ayahan utawi jejibahan, biasanipun wonten tatanan utawi aturan ingkang kedah dipun gatosaken. Contonipun wonten ing pawiyatan, wonten ing margi, wonten ing perusahaan, mesthi wonten paugeran lan tatanan ingkang kedah dipun tetepi. Nanging wonten tiyang ingkang nganggep paugeran punika minangka momotan. Juru masmur mratelakaken bilih angger-anggering Pangeran punika sampurna lan malah dados piranti ingkang migunani tumrap gesanging para tiyang ingkang setya nindakaken. Lan nedahaken bilih Gusti Allah boten nate nilaraken pakaryanipun sarta prajanji prasetyanipun boten nate ewah gingsir, kaadilanipun ugi tansah kababar sarta pangayomanipun lestari. Dados pranatan lan paugeranipun Gusti Allah punika kangge kasaenanipun para kagunganipun. Paugeraning gesang punika piguna tumrap dhiri pribadi lan sesami malah dados asmanipun Gusti kaluhuraken. Paugeran punika nuntun ing margi Dalem Gusti tumuju kasampurnaning gesang. Saged nggelar lan nggulung gesanging diri, nyagedaken naliti diri, lan ngantepaken pitados dhumateng Gusti. Dados paugeraning Pangeran punika boten dados nambahi momotan gesang, boten nambahi repot, lan ugi sanes pepalang anggenipun nggayuh gegayuhaning gesangipun lan dados margining berkahipun Gusti. Sadaya berkah punika awit saking Ngarsa Dalem Gusti Pribadya, mboten awit pakaryan ingkang kita tindakaken. Kita namung kepareng mbudidaya kanthi sakatoging gesang ananging ingkang kagungan purba wisesa inggih namung Gusti Allah. Nindakaken inggih dados wujud anggenipun ajrih asih dhumateng Gusti. Gesang sumuyud, sumedhe pasrahing diri sawetahipun dhateng Ngarsa Dalem Gusti. Jumbuh kaliyan prasetyanipun Gusti bilih punika badhe ndatengaken kaendahan ingkang nglangkuni mas murni lan legining madu sarta tansah ginanjar berkah ingkang nyegeraken nyawa. Amin |*AK
Kemis, 29 Februari 2024, Minggu Pra-Paskah II
Pangentasan 19:1-9a;Jabur 19; I Petrus 2:4-10 KEKASIH PINILIH “…manawa sira padha ngestokake dhawuhingSun klawan temen-temen sarta padha netepi prasetyaningSun, mesthi sira padha dadi kekasihingSun pinilih….” (Pangentasan 19:1-9a) Semah kita punika kekasih pinilih. Nalikanipun kita nggadahi kekasih pinilih temtu kita tansah budidaya nglairaken katresnan nglangkungi sanesipun. Punapa ingkang dados kewajiban mesthi badhe dipunlampahi kanthi bingah lan tanggel jawab. Sanadyan kalamangsanipun sesambetan ingkang kabangun wonten perkawis, ananging kita mesthi tansah mbudidaya supados saged sae lan pulih malih sesambetanipun. Kados mekaten ingkang sampun katedahaken dening Gusti Allah tumrap bangsa Israel ingkang sampun kapilih dados umatipun. Gusti Allah paring pratela “Sira wus padha ndeleng samubarang kang wus Suntandukake marang wong Mesir, sarta anggoningSun nggendhong sira ana ing swiwining manuk garudha Sunparakake marang ing ngarsaningSun”(ay. 4) Tegesipun Gusti Allah sampun nedahaken sih katresnanipun dhateng bangsa Israel, katresnanipun sampun gumelar ing gesangipun bangsa punika. Lumantar Nabi Musa, Gusti Allah paring pangluwaran saking tanah pangawulan Mesir, Gusti Allah tansah nuntun, Gusti Allah ugi kersa nyekapi kabetahanipun. Gusti Allah sampun langkung rumiyin nedahaken agenging katresnan lan kasetyanipun dhumateng bangsa Israel minangka kekasih pilihanipun Gusti. Mila Panjenenganipun ngersakaken supados bangsa Israel ingkang sampun nampi kanugrahan minangka kekasih pinilih saged nedahaken panampi lan mujudaken jejering kekasih ingkang pinilih ugi. Kanthi tansah mbangunturut dhateng Gusti, tansah purun ngestokaken dhawuhipun kanthi temen-temen lan netepi prasetyanipun Allah (ay. 5). Lajeng kadospundhi tumrap kita? Punapa kita sampun mujudaken patraping kekasihipun Gusti ingkang setya dhateng Panjenenganipun? Punapa kita kanthi temen-temen lan tansah purun netepi prasetyanipun Gusti Allah? |*IAS
Kemis, 29 Februari 2024, Minggu Pra-Paskah II
Pangentasan 19:1-9a;Jabur 19; I Petrus 2:4-10 KEKASIH PINILIH “…manawa sira padha ngestokake dhawuhingSun klawan temen-temen sarta padha netepi prasetyaningSun, mesthi sira padha dadi kekasihingSun pinilih….” (Pangentasan 19:1-9a) Semah kita punika kekasih pinilih. Nalikanipun kita nggadahi kekasih pinilih temtu kita tansah budidaya nglairaken katresnan nglangkungi sanesipun. Punapa ingkang dados kewajiban mesthi badhe dipunlampahi kanthi bingah lan tanggel jawab. Sanadyan kalamangsanipun sesambetan ingkang kabangun wonten perkawis, ananging kita mesthi tansah mbudidaya supados saged sae lan pulih malih sesambetanipun. Kados mekaten ingkang sampun katedahaken dening Gusti Allah tumrap bangsa Israel ingkang sampun kapilih dados umatipun. Gusti Allah paring pratela “Sira wus padha ndeleng samubarang kang wus Suntandukake marang wong Mesir, sarta anggoningSun nggendhong sira ana ing swiwining manuk garudha Sunparakake marang ing ngarsaningSun”(ay. 4) Tegesipun Gusti Allah sampun nedahaken sih katresnanipun dhateng bangsa Israel, katresnanipun sampun gumelar ing gesangipun bangsa punika. Lumantar Nabi Musa, Gusti Allah paring pangluwaran saking tanah pangawulan Mesir, Gusti Allah tansah nuntun, Gusti Allah ugi kersa nyekapi kabetahanipun. Gusti Allah sampun langkung rumiyin nedahaken agenging katresnan lan kasetyanipun dhumateng bangsa Israel minangka kekasih pilihanipun Gusti. Mila Panjenenganipun ngersakaken supados bangsa Israel ingkang sampun nampi kanugrahan minangka kekasih pinilih saged nedahaken panampi lan mujudaken jejering kekasih ingkang pinilih ugi. Kanthi tansah mbangunturut dhateng Gusti, tansah purun ngestokaken dhawuhipun kanthi temen-temen lan netepi prasetyanipun Allah (ay. 5). Lajeng kadospundhi tumrap kita? Punapa kita sampun mujudaken patraping kekasihipun Gusti ingkang setya dhateng Panjenenganipun? Punapa kita kanthi temen-temen lan tansah purun netepi prasetyanipun Gusti Allah? |*IAS
Rekrutmen Pandu Sidang Raya XVIII PGI 2024
Pendaftaran Pandu Sidang Raya XVIII PGI di Toraja, Sulawesi Selatan, telah dibuka ya sahabat oikoumene! Segera daftarkan diri kalian melalui link yang tersedia. Untuk informasi lebih lanjut silahkan menghubungi narahubung yang tertera diatas! Salam Oikumene! Terbuka bagi warga gereja berusia 18-35 tahun, dengan keterampilan atau keahlian sepertipengoperasian komputer, musik, fotografi, dll akan menjadi nilai tambah. Mendapat rekomendasi dari sinode/klasis, yang menyatakan kesediaan sinode pengutus untukmenanggung biaya transportasi pergi-pulang dari daerah asal ke Toraja, Sulawesi Selatan. Periode pendaftaran dibuka sampai 22 Maret 2024. Pembekalan dilaksanakan mulai bulan April2024 secara daring. Untuk informasi lebih lanjut, disilakan menghubungi Pdm. Rosiana Purnomo (Kepala BiroPemuda & Remaja PGI) melalui WhatsApp 0851-7203-4575 atau emailbiropemuda.pgi@gmail.com. #pgi#pandusidangrayapgi2024#sidangrayapgiXVIII
Mengenal Gereja Kristen Protestan Mentawai (GKPM) dan Mentawai.
Catatan keenam ini sebagai tambahan informasi diluar acara Sidang MPL PGI. Catatan tentang GKPM dan Mentawai menjadi penting karena alasan pemilihan tuan-puan Sidang MPL oleh MPH PGI. Semangat untuk hadir secara langsung di daerah 3 T (terdepan, terluar dan tertinggal) supaya pimpinan-pimpinan sinode-sinode se Indonesia dapat mencicipi, menghirup dan merasakan denyut nadi kehidupan gereja dan masyarakat yang dikunjungi. GKPM merupakan gereja yang sudah berusia lebih dari 140 tahun, yang dimulai dari peristiwa pembunuhan misionaris. Perjalanan panjang pelayanan tahun 1901 dari penginjil Jerman, HKBP dan BNKP. Sekarang ini GKPM dipimpin oleh Eporus Pdt. Binsar Parlindungan Sababalat, S.Th. GKPM memiliki jumlah warga jemaat sekitar 38.159 jiwa dari 8.722 Kepala Keluarga. Jumlah jemaat ada 164 di Tiga wilayah/Distrik (Distrik I PUS, DistrikII Pulau Sipora dan Distrik III Pulau Siberut)[1]. Kemiskinan adalah ungakapan yang paling menggambarkan kondisi jemaat GKPM, inilah ungkapan dari Eporus Pdt Binsar. Pendeta harus mengupayakan kecukupan kebutuhan hidupnya. Sambil tertunduk, sang Eporus menyampaikan bahwa banyak pendeta yang gajinya (menyebutkan angka yang saya membayangkan sekitar 60% UMR Yogyakarta). Inilah salah satu percakapan disela-sela diskusi di Panitia Pesan Sidang MPL PGI. Teman pendeta dari HKBP menyampaikan bahwa sudah ada keputusan di HKBP bahwa ada potongan gaji pendeta dalam rangka mendukung penggajian pendeta di GKPM. Dalam kondisi akses ke kota yang sulit, sumber daya alam yang melimpah dengan alam yang subur, belum bisa membuat masyarakat sejahetra. Pesembahan jemaat setiap minggu kurang lebih 150 – 250 ribu memberikan gambaran keterbatan keuangan jemaat dan sinode. Kondisi keuangan yang sangat terbatas ini membuat pelayanan sinodal menjadi sangat menantang. Sinode yang berada di kabupaten kepulauan dengan tiga pulau besar yaitu : Siberut, Sipora dan North Pagai. Kondisi kemiskinan ini berbanding lurus dengan pendidikan yang rendah. Kondisi yang demikian menjadi kerentanan khusus yang dimanfaatkan oleh para pihak untuk kepentingan mereka. Mantawai memiliki potensi alam dan keindahan alam yang luar biasa. Pantai dengan pasir putih dengan air yang sangat jernih, ombak laut yang bisa mengundang banyak wisatawan asing. Pariwisata memang mulai mengeliat, namun belum bisa mengangkat kesejahteraan warga lokal. Mentawai juga memiliki tanah yang subur dan mengasilkan sumber makanan yang alami dan nikmat. Selama sidang saya lebih memilik makan talas dari pada nasi. Talas Mentawai teras lebih legit dari Talas yang pernah makan. Talas dikombinasi dengan ikan laut kuah menjadi menu yang terus membuat kenangan pada Tuapeujat Kab. Mentawai. Kiranya Tuhan Yesus memberkati GKPM dan masyarakat Tuapeujat Kab. Mentawai. [1] sumber : https://pgi.or.id/wp-content/uploads/2023/09/Tata-Ibadah-HPII-dan-HPKD-2023.pdf
Pejumpaan dengan Sekjen WCC dan Beberapa Keputusan.
Cacatan kelima ini tertunda, baru dikerjakan setelah sampai di Yogykarta. Dalam acara Sidang MPL PGI, peserta dari gereja-gereja anggota WCC dikumpulkan di acara makan malam bersama dengan Pdt. Prof. Dr. Jerry Pillay. Dalam percakakapan yang santai, Pdt Jerry menyampaikan beberapa hal penting yang sedang menjadi perhatian Dewan Gereja Dunia (DGD). Pdt. Henriette T. Hutabarat Lebang menyampaikan bahwa tidak dibutuhkan penerjemah jika Pdt Jerry Pillay menyampaikan dengan tempo ucapan yang lambat. Pdt Jerry Pillay menggambarkan bahwa dunia ini sedang mengalami polycrisis dimana banyak sekali kebigungan, penderitaan yang disebabkan oleh banyak masalah berbeda yang terjadi pada saat yang sama sehingga memiliki efek yang sangat besar. Tema sidang WCC di Jerman adalah Christ’s Love Moves the World to Reconciliation and Unity. Kita sungguh menyadari bahwa kita disatukan oleh kasih Kristus dan kasih Kristus mempersatukan. Kasih yang akan menghasilakan damai sejahtera dan jalan yang harus dilalui untuk damai sejahtera adalah perilaku yang berkëadilân. Pdt Jerry Pillay juga mengharapkan gereja-gereja anggota WCC untuk terlibat secara aktif dalam gerakan-gerakan kebersamaan dan aktif dalam mempejuangkan hidup yang berkeadilan terhadap orang lain, alam dan tatanan sosial, ekonomi, politik. Beberapa hal penting dari Sekjen WCC juga menjadi bahan diskusi dalam Panitia Pesan Sidang MPL PGI than 2024. Saya kebetulan dimasukkan dalam Panitia Pesan Sidang, yang anggotanya terdiri dari : 1) Pdt. Dr. Mery Kolimon/PGIW NTT (Ketua). 2) Pdt. Dr. Arnold Apolos Abbas/Germita (Sekretaris). 3) Pdt. Dr. Deonal Sinaga/HKBP. 4) Pdt. Dr. Paul Ulrich Munte/GKPS. 5) Pdt. Sundoyo/GKJ. 6) Pdt. Robert Marwanto Simanjuntak (PGIW Sumatera Selatan). 7) Pdt. Binsar Parlindungan Sababalat (GKPM). 8) Pdt. Gomar Gultom (MPH-PGI/Ketua Umum). 8) Pdt. Suresj Tomaluweng (Kabiro PRB). 9) Juandi Gultom (Staf PGI). Dalam diskusi yang mendalam, panitia yang didampingi langsung oleh Pdt Gomar Gultom sebagai Ketum PGI telah berhasil merumuskan pesan sidang. Keputusan yang lain yang perlu ditindaklanjuti oleh Sinode GKJ, yaitu : 1) GKJ sebagai tuan-puan acara Alfa Camp PGI yang pelaksanaannya di bulan juni atar juli tahin 2024. 2) Buku yang berisi draf Pengakuan Bersama Iman Kristen (PBIK). Terkait dengan Alfa Camp akan menjadi kegiatan bersekala nasional, maka Bapelsin XXIX GKJ Bidang PWG menyiapkan segala sessuata untuk acara ini. Alfa Camp dikerjakan dengan bekerja sama dengan UKSW dan pelaksanaanya dilakukan di kompleks perkemahan d’Emmerick Salib Putih. Terkait dengan rumusan PBIK akan dilakukan uji publik oleh PGI. Dalam hal ini, Sinode GKJ memiliki Puskat yang bisa melakukan kajian atas PBIK dan dalam memberikan kontribusi pemikiran. Demikian kiranya catatan-catatan dari Sidang MPL PGI tahun 2024 di Mentawai, dapat menjadi tambahan informasi bagi pembaca.
Rebo, 28 Februari 2024, Minggu Pra-Paskah II
Yeremia 30:12-22; Jabur 105:1-11, 37-45; Yokanan 12:36-43 NGUSADANI MEMALANIRA “Amarga Ingsun bakal maluyakake sira, Ingsun bakal ngusadani memalanira, mangkono pangandikane Sang Yehuwah…” (Yeremia 30:17) Kadospundi raosipun, nalika mireng pangandika “Ingsun bakal ngusadani memalanira”? Temtunipun bungah sanget, punapa malih menawi sampun sawetawis dangunipun memala punika kita sanggi ing gesang. Raosipun kadosdene nalika kita ngelak sangat dumadakan wonten tiyang ingkang maringi ngombe, raosipun seger lan semangat malih. Kados mekaten punika ingkang karaosaken dening bangsa Israel nalika Gusti Allah ngengeti lan migatosaken malih gesangipun bangsa Israel. Bangsa ingkang nerak paugeran lan gesang ing tumindaking dosa awit nyingkur Gusti Allah. Gusti Allah ngagem Raja Babel inggih punika Nebukadnezar kangge nggecak lan mbesmi Yerusalem lan padelaman Suci. Raja Yehuda Zedekia sesarengan kaliyan rakyat Yehuda kabucal ing Babel. Ananging sinten ta Gusti Allahipun Israel lan Gusti Allah kita ugi ingkang badhe negakaken gesanging umat selaminipun? Gusti Allah kita sanadyan paring paukuman, nanging Panjenenganipun ugi luber ing katresnan. Nalika bangsa punika awrat ngraosaken memalanipun, Panjenenganipun badhe ngusadani supados saged pulih lan saras malih. Paukumanipun kadhawahaken mboten awit sengit lan getun milih bangsa punika. Ananging Panjenenganipun ngersakaken supados umat pilihanipun tansah gesang ing panuntunipun lan mbangun turut namung dhumateng Panjenenganipun. Pramila menawi sakpunika kita nembe kaabenajengaken kaliyan perkawis lan raosipun awrat, sampun ngantos kita lajeng semplah lan nilar Gusti. Awit Panjenenganipun mesthi badhe mulihaken kawontenan kita. Panjenenganipun badhe tansah ngusadani memala kita, kablebed lan kapulihaken. Ingkang baken, kita kedah sinau malih, mbokbilih Gusti Allah ngginakaken perkawis lan kasangsaraning gesang minangka sarana Panjenenganipun mulihaken kita lan mangsulaken kita dados umat kagunganipun ingkang sembada. |*IAS



