+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 25 Februari 2024, Minggu Pra-Paskah II

Purwaning Dumadi 17:1-7, 15-16; Jabur 22:23-31; Rum 4:13-25;
Markus 8:31-38

PRACAYAMU AJA KENDHO

“Lan pracayane ora dadi kendho, sanadyan ngraosake

 yen sarirane wus lungse…” (Rum 4:19)

Salah satunggaling tokoh Alkitab ingkang dipunakeni dening tigang agami monotheisme (Kristen, Islam lan Yahudi) inggih punika Rama Abraham. Tetiganipun ngakeni bilih Abraham punika ramanipun. Pancen mboten klentu awit Abraham satunggaling tiyang ingkang ngedab-edabi ing lampahing gesangipun langkung-langkung ing bab kapitadosanipun. Iman ingkang kawujudaken ing salebeting nglampahi timbalanipun Gusti Allah kanthi setya lan pambangun turut ingkang ageng ing gesangipun.

Gusti Allah sampun paring pangandika bilih Abraham badhe dados ramanipun kathah bangsa lan tedhak turunipun cacahipun tanpa wilangan. Senadyan mujudaken punika mokal awit sacara kamanungsan, yuswanipun sampun sepuh lan Sara garwanipun sampun lungse ing wanci (Ay. 19) Nanging kawontenan lan gesang ingkang dipunlampahi mboten njalari kapitadosanipun Abraham kendho. Punapa ingkang njalari kapitadosanipun mboten kendho? Wangsulanipun saged kapanggihaken ing ayat 18 “…kumandel kanthi pangajeng-ajeng..” ; lan ing ayat 20 “…ngugemi prasetyane Gusti Allah, tanpa mangu-mangu…”

Pitados kinanthenan pangajeng-ajeng lan ngugemi prasetyanipun Gusti tanpa mangu-mangu, punika ingkang kita betahaken ugi ing salebeting nglampahi gesang peparingipun. Awit gesang kita punika kadosdene Rama Abaraham, tinimbalan dening Gusti, nglampahi timbalanipun ngantos ing tanah prasetyan langgeng. Sadinten-dinten ingkang kita lampahi ugi mboten gampil, wonten mangsanipun kita ngadhapi tantanganing iman lan karibedaning gesang. Kita sami kadosdene manungsa sanesipun ing jagad punika, mboten kalis ing perkawis. Ananging ingkang mbedakaken  kita kaliyan sesami ingkang dereng tepang kaliyan Gusti inggih punika kita nggadhahi piandhel kinanthenan pangajeng-ajeng tumrap prasetyanipun Gusti ingkang langgeng. Pramila “pracayamu aja kendho” awit Gusti mesthi badhe mitulungi. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ