+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 24 Februari 2024 Minggu Pra-Paskah I

Purwaning Dumadi 16:7-15; Jabur 22:23-31; Markus 8:27-30

PADUKA PUNIKA EL-ROI

“….Paduka punika EL-Roi”, sabab pangunandikane : “aku ana

ing kene rak wus ndeleng Panjenengane kang mirsani aku?”

(Purwaning Dumadi 16:13)

El-Roi satunggaling sebatan ingkang katujokaken dhateng Gusti Allah. El-Roi tegesipun Gusti mirsani. Elokipun, sebatan asmanipun Gusti Allah punika medal saking lesanipun batur pawestri ingkang pinangkanipun saking Mesir, tiyang ingkang sejatosipun mboten wonten sambetan kaliyan rancangan kawilujenganipun Allah, inggih punika ibu Hagar.

Hagar punika baturipun ibu Sarai garwanipun bapa Abram (Abraham). Ibu Sarai utawi Sara maringaken Hagar dhateng Abraham supados Abraham enggal nggadahi turun. Ananging nalikanipun Hagar ngandhut lajeng ngremehaken bendaranipun punika, njalari Sara nindhes kanthi sanget dhateng ibu Hagar satemah lajeng minggat.

Nalika keplajeng dumugi pasamunan, Gusti Allah mboten negakaken, mila lajeng ngutus Malaekatipun manggihi ibu Hagar lajeng paring pangandika supados Hagar wangsul lan tumungkul dhateng bendaranipun lan Gusti Allah badhe nggatosaken kasangsaranipun saha anak ingkang kinandhut ing tembenipun badhe kinanthi ugi dening Gusti.

Lelampahan ingkang mekaten njalari Hagar, pawestri Mesir punika pitados dhateng Gusti lan ngucap Paduka punika El-Roi. Nelakaken dhumateng kita bilih Gusti Allah punika Allah ingkang welas asih lan kanugrahanipun kaparingaken dhateng sedaya tiyang, inggih sedaya tiyang ingkang pitados lan ngendelaken Panjenengipun. Menawi Panjenenganipun migatosaken sedaya tiyang, kenging punapa kita taksih mangu-mangu bab katresnanipun Gusti? Punapa malih kita ingkang sampun tinebus dening Sang Kristus ing kajeng salib? Kenging punapa iman kapitadosan kita gampil miyar-miyur nalika ngadhepi kasangsaraning gesang? |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ