Purwaning Dumadi 16:1-6; Jabur 22:23-31; Rum 4:1-12
RAHAYU
“rahayu wong kang padha kaapura panerake, lan kang
kaaling-alingan dosa-dosane; rahayu wong kang kaluputane
ora kaetang dening Gusti Allah” (Rum 4:7,8)
Panerak punika tegesipun nrajang, nyerang utawi nerak pranatan. Nalika tiyang sampun nerak pranatan tegesipun sampun nindakaken kalepatan lan nyimpang saking kayekten. Kekalihipun punika tumindak ingkang ndhatengaken dosa lan saben tiyang ingkang sampun kawengku ing dosa piyambakipun kedah saged uwal utawi ugi mbetahaken pangluwaran saking panguwaosipun dosa. Kawontenan ingkang mekaten temtu sanes perkawis ingkang mbingahaken, awit saben tiyang ingkang gesangipun kawengku ing dosa mboten badhe ngraosaken katentreman ing gesang.
Mila Rasul Paulus ngandika “rahayu tiyang ingkang sami kaapunten panerakipun lan ingkang kaaling-alingan dosanipun, rahayu ingkang kalepatanipun sampun mboten kaeetang malih dening Gusti Allah.” Punika nedahaken dhateng kita, sejatiosipun mboten wonten kuwaos ing jagad punika ingkang saged paring pangapunten tumrap panerakipun manungsa. Mboten wonten kuwaos ingkang saged ngaling-alingi sedaya dosaning manusia kejawi saking panguwaosipun Gusti Allah.
Awit saking menika, sumangga sami ngaturaken panuwun sokur, bingah-bingaha lan sukarenaa awit namung Gusti Allah ingkang sampun ngutus ingkang Putra milujengaken gesanging para tiyang pitados. Langkung saking punika samia langkung tegen anggen kita nindakaken timbalanipun Gusti ing gesanging pangibadah, peladosan punapadene ing lampahing gesang padintenan, awit kita sampun sinebat tiyang-tiyang ingkang nampi karahayon sejati saking Gusti Allah. I *IAS