Dhaniel 3:1-30; Jabur 135; I Yokanan 2:3-11 KAPITADOSAN JATI “…nanging saupami boten, gusti kawula sami karsaa nguningani, bilih kawula sami boten badhe memuja dhateng dewanipun gusti kawula, saha boten badhe nyembah reca kencana ingkang kaadegaken dening gusti kawula punika” (Dhaniel 3: 18) Pawon murub! Sinten ingkang boten purun memuja dhateng dewaning Prabu Nebukadnezar saha boten nyembah reca kencananipun, badhe kacemplungaken dhateng pawon murub! Wondene Sadrakh, Mesakh, lan Abednego, boten purun nindakaken sedaya wau! Tetiganipun lajeng kalebetaken ing pawon murub! Elokipun, Sadrakh, Mesakh, lan Abednego boten ngraosaken benter lan ugi boten ketaton! Puji Gusti, Panjenenganipun kepareng mitulungi tetiganipun satemah uwal saking cilaka awit kacemplungaken pawon murub wau! Ingkang narik manah, Sadrakh, Mesakh saha Abednego negesaken kapitadosanipun dhumateng Gusti kanthi pangucap ingkang elok! Sinaosa Gusti boten mitulungi, tetiganipun tetep boten badhe memuja dewanipun sang Prabu saha boten badhe nyembah reca kencananipun. Punika minangka wujuding kapitadosan jati ingkang tulus lan tuhu. Sanes kapitadosan ingkang nggadahi pamrih lan asipat ‘transaksional.’ Dipun tulungi utawi boten, tetiganipun tetep namung badhe atur sembah pangabekti dhumateng Gusti Allah! Mendahnea elokipun! Pangucapipun tiyang tetiga wau estu ndhodhog manah kita sami minangka tiyang pitados supados nggadahi kapitadosan jati, wonten ing sedaya kawontenan, dalah menawi kita saweg ngadhepi ancamaning bebaya. Punika wujuding raos katresnan ingkang sayektos dhumateng Gusti. Bilih pejah gesang ndherek Gusti Yesus! Raos katresnan ingkang tulus lan boten nggadahi etang-etangan kaliyan Gusti. Boten ‘transaksional!” Kita lajeng kemutan pangandikanipun Gusti ing Mateus 10: 39: “Sing sapa ngeman nyawane, bakal kelangan nyawane, lan sing sapa kelangan nyawane marga saka Aku, iku bakal nampeni nyawane.” I *OHPN
Ahad, 7 April 2024 Minggu Paskah II (Pethak)
Lelakone Para Rasul 4:32-35; Jabur 133; 1 Yokanan 1:1-2:2;Yokanan 20:19-31 SANGKUL SINANGKUL “…Sabab ora ana wong siji-sijia ing panunggalane kang kekurangan, amarga kabeh wong kang duwe palemahan utawa omah, iku padha diedol, pepayone digawa diladekake marang ing ngarsane para rasul, banjur diedum-edum marang saben wong, manut kabutuhane.” (Lelakone Para Rasul 4: 34-35) Gesangipun pasamuwan ingkang wiwitan punika saestu endah lan elok. Pasamuwan wiwitan punika tansah nindakan “3B“ inggih punika ‘belajar’, ‘bersekutu’ saha ‘berbagi.’ Pasamuwan nggadahi adreng anggenipun sami sinau babagan sabdanipun Gusti lumantar piwulangipun para rasul. Pasamuwan ugi sengkut anggenipun sami manunggal kanthi guyub ing kempalan pangibadah sesarengan. Lan pasamuwan ugi remen andum katresnan satunggal lan satunggalipun satemah sedaya sami kacekapan sacara kajasmanen. Kanthi mekaten, pasamuwan boten namung nggayuh indhaking kapitadosan ananging ugi sami ngrengkuh ing pasedherekan. Tuladha saking pasamuwan wiwitan punika njurung kita sami supados mujudaken gesang sangkul-sinangkul, boten namung ing tata lair lan ing pangucap kemawon. Sumangga kita titipriksa kanthi wening. Asring sanget ing satengahing pangibadah, tiyang sugih jejeran lenggahipun kaliyan tiyang ingkang kesrakat. Tiyang sugih wau nggadahi raja brana saha kathah akses informasi dalah ekonomi. Wondene jejeripun wau kosokwangsulipun. Tiyang kekalih wau ngidung sesarengan ananging cengkah kawontenanipun ing gesang. Pramila, mendah elokipun menawi kita sami mbudidaya supados wonten program ingkang munpangati, ingkang mujudaken sesambetaning antar warganing pasamuwan (channeling). Tiyang sugih saged mbabar katresnan, wondene tiyang ingkang kirang mampu saged ngraosaken berkah lumantar paringanipun akses saking sedherek sapatunggilan wau. Sumangga kita sami gumregah mujudaken pasedherekan jati ingkang sangkul-sinangkul ing satengahing pasamuwan. Gusti mberkahi! I *OHPN
Setu, 6 April 2024 Minggu Paskah I (Pethak)
Dhaniel 2:24-49; Jabur 133; Yokanan 12:44-50 BERKAH TUMRAP ING PASEDHEREKAN “Awit iya ana ing kono Pangeran Yehuwah anggone ndhawuhake berkah lan urip nganti ing salawase.” (Jabur 133: 3b) Wonten satunggal prekawis ingkang ngeramaken ing waosan kita. Gusti Allah remen nalika mirsani kita sami saestu rumaket ing pasedherekan, wonten ing satengahing brayat mekaten ugi ing satengah pasamuwan. Mendahnea menawi ing antawisipun bapa, biyung, lare dalah sedaya peranganing brayat mujudaken gesang bebrayatan ingkang rukun lan guyub. Pasedherekan punika estu endah lan elok sarta nengsemaken penggalihipun Gusti Allah. Pramila Gusti badhe mbabar berkah lumintu ing satengahing brayat. Punapa punika awujud berkah sacara karohanen, mekaten ugi berkah sacara kajasmanen. Pasedherekan ingkang rumaket ing satengahing pasamuwan kawujudaken kanthi sesambetan ingkang semanak, ingkang boten mbedak-mbedakaken suku, umur dalah status sosial. Punika minangka pasedherekan sejati ingkang tanpa mbeda-mbedakaken. Kanthi mekaten, Gusti Allah badhe ndhawuhaken berkah kangge warganing pasamuwan. Punapa punika berkah awujud kapitadosan ingkang sangsaya kandel, sesambetaning umat ingkang sangsaya raket, mekaten ugi berkah mirunggan miturut kabetahanipun piyambak-piyambak. Boten namung ing satengahing gesang bebrayan saha ing pasamuwan kemawon. Kita sami ugi kadhawuhan mujudaken pasedherekan ing satengahing masyarakat. Kita sami kabereg supados manjing ajur ajer ing satengahing masyarakat kanthi tetembungan, sikep saha tumindak ingkang prayogi. Kasagedna kita sami grapyak lan semanak dhateng sesami ing lingkungan kita. Gusti Allah badhe ngrumentahaken berkah tentrem rahayu ing satengahing gesang bebrayan ageng ing masyarakat. Sedaya punika minangka timbalan kangge kita sami, dados pelopor anggen kita sami badhe mujudaken pasedherekan ingkang elok lan endah ing papan pundi kemawon. Gusti mberkahi! I *OHPN
Jemuwah, 5 April 2024 Minggu Paskah I
Daniel 2:1-23; Jabur 133; Lelakone Para Rasul 4:23-31 DAYANING PANDONGA “Nalika padha ndedonga iku, panggonane kumpulan banjur horeg, sarta kabeh kapenuhan ing Roh Suci, tuwin tumuli padha martakake pangandikaning Allah kalawan kendel” (Lelakone Para Rasul 4:31) Minangka tiyang Kristen, panjenengan punapa ngraosaken ajinipun pandonga? Pandonga punika nelakaken kapitadosan lan sesambetan kita kaliyan Gusti Allah. Pandonga punika kedah kaunjukaken kanthi saestu. Ndedonga punika sampun ngantos namung katindakaken minangka rutinitas utawi formalitas kemawon. Awit punika nedahaken bilih pandonga kita namung lamis. Pandonga ingkang lamis punika temtunipun badhe muspra, boten wonten ginanipun. Sumangga sinau ndedonga kadosdene para rasulipun Gusti ing waosan dinten punika. Nalika ngadhepi pepalang lan kaprihatosan, para pitados punika sami sesambat dhumateng Gusti. Sadaya ndedonga sesarengan kanthi manah ingkang tulus lan ngener dhumateng Gusti. Pandonga punika dipun unjukaken kanthi saestu, mila Sang Roh Suci kepareng makarya ing satengahing para pitados. Pakaryanipun Sang Roh Suci punika sanes namung ndadosaken papan anggenipun sami kempalan punika horeg. Sang Roh Suci makarya paring kakendelan ing manahipun para rasul lan para pitados. Kanthi mekaten, sadaya tansah martosaken Injil kanthi kendel, boten giris dhateng ancaman lan pepalang. Pandonga ingkang dipun unjukaken kanthi saestu punika dados daya kekiyataning para pitados anggenipun ngadhepi rupi-rupi pepalang ing gesang. Pandonga punika boten ngrampungaken prekawis ing gesang. Ananging kanthi ndedonga, Sang Roh Suci makarya ing manah lan gesang kita, mitulungi kita satemah saged ngadhepi lan ngrampungaken prekawis-prekawis punika. Pramila para sadherek, sumanga tansah ndedonga kanthi tulus lan gumolonging manah supados saged ngraosaken lan mbuktekaken dayaning pandonga punika. |*ER
Kemis, 4 April 2024 Minggu Paskah I
Dhaniel 1:1-21; Jabur 133; Lelakone Para Rasul 2:42-47 SETYA LAN MITUHU “Dhaniel niyate ora bakal najisake awak nganggo omben-omben saka kedhaton.” (Dhaniel 1:8a) Wong wadon jaman saiki akeh sing nglakoni diet, rekane kepengen awake langsing. Ning kasunyatane, akeh sing ngrasakake nek diet kuwe angel dilakoni. Pancen wong sing diet kuwi kudu disiplin njaga pola makan, istirahat karo olah raga. Tumrap wong sing nglakoni diet akeh godhane, panganan utawa omben-omben sing enak. Tumrap wong Yahudi ana sawetara panganan lan omben-omben sing kudu disirik namung ora amarga diet. Bab kuwi kanggo netepi dhawuhe Gusti supaya njaga kasucening urip minangka umat kagungane Gusti Allah. Nalika wong Yahudi kabuwang ing negari Babil, Prabu Nebukadnezar paring dhawuh supaya golet nom-noman saka golongan bangsawane bangsa Yahudi, supaya kasiapake dadi para abdine Raja. Ing antarane kuwi nom-noman kang karan Dhanel, Hananya, Misael lan Azarya. Nom-noman sing kapiji kuwi kudu diwulang werna-werna bab pamarentahan lan kawasisan liyane. Kajaba iku, sakabehe kudu diparingi dhaharan lan anggur kayadene unjukane Sang Prabu. Bab kuwi katindakna supaya awake padha sehat bregas. Tumrap Dhanel, bab kuwi ora trep karo atine. Dhaniel kuwi wong enom sing mituhu marang Allahe, mula ora gelem najisake awake karo panganan lan omben-omben kuwi. Dhaniel lan kanca-kancane nyuwun supaya ulih mung mangan sayur-sayuran lan wedhang putih bae. Gusti Allah mitulungi para abdine kang setya lumantar Aspenas, panggedhene para pagawe, satemah Dhanel lan kanca-kancane ora najisake awake. Kasetyane Dhaniel marang Gusti Allah kuwi dadi conto tumrape wong pracaya ing jaman saiki. Wong pracaya ora kepareng madha rupa karo jagad utawa kompromi karo jagad. Wong pracaya kudu setya lan mituhu marang Gusti. Sanadyan angel lan akeh pepalange, Gusti Allah mesti mitulungi kayadene Panjenengane mitulungi Dhaniel. |*ER
PENAHBISAN, EMERITASI, DAN PERAYAAN ULANG TAHUN KE-5 GKJ TAWANGSARI SUKOHARJO
GKJ Tawangsari mengukir sejarah pada sore hari di tanggal 1 April 2024 dengan diselenggarakannya Penahbisan Pendeta ke II atas diri Vik.Yosua Setiya Budi, S.Fil dan Emeritasi Pdt. Sapta Kumara Andaru Indra Hartoko, S.Th yang bersamaan dengan perayaan hari jadi GKJ Tawangsari yang ke 5. Acara yang dilangsungkan di gedung gereja Pepanthan Pundungrejo berlangsung sederhana namung tetap penuh makna. Hadir pula dalam acara ini unsur pemerintahan seperti perangkat desa Semutan, Forkopincam Tawangsari, dan perwakilan dari pemerintahan kabupaten Sukoharjo. Rangkaian peribadatan diisi dengan pemotongan tumpeng sebagai peringatan hari jadi GKJ Tawangsari. Pemotongan tumpeng menjadi sebuah penanda ucapan syukur jemaat GKJ Tawangsari atas penyertaan Tuhan dalam kehidupan bergereja selama ini. Acara dilanjutkan dengan penahbisan pendeta, emeritasi, dan berlanjut kepada acara ramah-tamah. Pdt.Yosua Setiya Budi dalam kotbah sulungnya “Gembalakanlah Domba-dombaKu” menyampaikan tentang panggilan gereja terkhusus seorang pendeta untuk menjadi gembala bagi para domba kepunyaan Allah. Tanggung jawab ini harus dilaksanakan dengan sepenuh hati mengingat bahwa domba-domba ini adalah kepunyaan Allah, dan gereja hanya sebatas menerima mandat untuk memelihara mereka dan menghadirkan damai sejahtera atas dunia ini. GKJ Tawangsari diharapkan juga dapat melihat panggilan untuk menggembalakan ini bukan hanya sebatas bagi sesama jemaat Kristen, akan tetapi seluruh ciptaan untuk menuju kepada pemulihan keutuhan ciptaan dalam terang kasih Tuhan. Pdt.Em. SKA Indra Hartoko dalam sambutannya menyampaikan ucapan syukur atas gelar emeritus yang kini diterima. Pdt.Em. Indra dan keluarga merasakan dukungan dari semua pihak, terkhusus dari jemaat GKJ Tawangsari yang telah berproses bersama. Ketua Majelis GKJ Tawangsari dalam sambutannya menyampaikan bahwa meskipun Pdt.Em.SKA Indra sudah tidak lagi duduk dalam struktur kemajelisan, akan tetapi tetap menjadi bagian dari GKJ Tawangsari. Rangkaian acara diakhiri dengan ramah tamah bersama tamu undangan dan warga sekitar gereja yang bersamaan dengan waktu berbuka puasa. Hiburan kesenian dari warga GKJ Tawangsari menambah semarak dan sukacita. Selamat melayani bagi Pdt.Yosua Setiya Budi, dan selamat memasuki masa emeritus bagi Pdt.Em.Indra. Tuhan memberkati pelayanan kita.
Rebo, 3 April 2024 Minggu Paskah I
Mustikaning Kidung 3:1-11; Jabur 118:1-2, 14-24; Markus 16:1-8 LUMANTAR PARA SAKABAT “…Sawuse iku Yesus piyambak lumantar para sakabat martakake saka wetan nganti tekan kulon pawarta kang suci lan kang ora bakal kena kasirnakake, bab pawartaning karahayo kang langgeng” (Markus 16:8) Kidung Pasamuwan Jawi angka 439, kapratelakaken kekidungan ingkang endah, suraosipun: Ing jagad kang peteng krana dosa, kathah tyang kang nggresula Karana panandhang samya nggresah miwah semplah ing manah Sumangga Gusti, ngagem kawula … Nalika kita ngrepekaken kekidungn punika, lajeng matur “Sumangga Gusti, ngagem kawula”, punapa saestu kita sumadya dipun agem dening Gusti? Lumantar waosan Injil dinen punika, mliginipun aya 8, kita kaengeaken malih dhateng timbalan minangka para pendherekipun Gusti. Gusti Yesus nimbali para sakabatipun lan para pitados ndherek makarya mbabaraken kawilujengan. Pranyata ing waosan kita, Gusti Yesus lumantar para sakabatipun mbabarken saking wetan dumugi kilen pawartos ingkang suci bab karahayon ingkang langgeng. Ing jaman samangke, ayahan martosaken kawilujengan punika dados tanggel jawab kita sami minangka para pendherekipun Gusti Yesus. Mila, boten cekap manawi kita namung ngrepekaken kekidungan ingkang endah kados ing nginggi punika. Punapa ingkang kita kidungaken punika kedah kita cakaken ing gesang padintenan. Kadospundi kita sami purun nyaosaken gesang sawetahipun dipu agem dening Gusti kangge nindakaken punapa ingkang dados karsanipun. Dados pirantos punika tegesipun purun manut, mbangun turut sakarsane Gusti Allah. Manawi kita taksih nengenaken pamanggih lan pepenginan piyambak, ateges dereng saestu sumadya dipun agem dados pirantosipun Gusti. Sumangga sami martosaken Injil Suci. Kanthi mekaten, Gusti Yesus piyambak lumantar kita martosaken karahayon ingkang langgeng amrih kawilujenganing jagad. |*ER
Slasa, 2 April 2024 Minggu Paskah I
Purwaning Dumadi 1:20-2:4a; Jabur 118:1-2, 14-24; I Korinta 15:50-58 KANGELANMU MESTHI ORA MUSPRA “Mulane para sadulurku kang kinasih, kowe padha dibakuh, ditanpa gingsir, lan tansah disregep anggonmu nglakoni ayahane Gusti! Awit kowe paha sumurup, yen ana ing patunggilaning Gusti, Kangelanmu mesthi ora muspra” (I Korinta 15:58) Tembung muspra kuwi tegese tanpa guna utawa tanpa tanja. Iba gelane manawa wis nyambut gawe kanthi temen ananging ora ana kasile. Kangelan lan pambudidaya mau dadine bisa kaanggep muspra. Contone, neng pekarangane tanggaku ana wit nangka sabrang utawa sirsak. Nganthi suwe anggone tanggaku kuwi ngenteni kapanane bisa metik kasile, nanging anane mung gela awit saben-saben kembang ora bisa dadi woh. Sidane, wit nangka sabrang kuwi ditegor amarga kaanggep tanpa guna. Mangkono uga bab urip kita. Urip iku ora gampang, nanging butuhake pambudidaya. Wiwit lair nganthi diwasa kepara tuwa, mbutuhake perjuangan. Urip iku akeh rekasane. Mulane eman-eman manawa urip sing wis direwangi rekasa kuwi orang bisa ngasilake apa-apa. Gusti Allah anggone nitahake manungsa kuwi supaya bisa netepi timbalane, yaiku ngupadi urip sing apik, ora mung kanggo awake dhewe ananging uga kanggo titah liyane. Ing babagan urip karohanen, manungsa uga ngarep-arep kasile, yaiku kaslametan lan urip kang langgeng. Rasul Paulus nandesake, piandel lan pangarep-arep ing Sang Kristus Yesus iku yekti ora muspra. Awit Gusti Allah kepareng maringi kaunggulan saka ing pati dhateng para kagungane. Mulane, anggone kita pracaya ing Gusti Yesus iku kudu bakuh, ditanpa gingsir, lan sregep nglakoni ayahan saka ing Gusti. Bab nglakoni ayahan saka ing Gusti kuwi mesthine ya ora gampang, akeh pepalange. Namung bae, tetep kudu dilakoni kanthi tumemen, aja gampang bosen, aja gampang mutung, aja gampang semplah. Rasul Paulus dhewe wis mbuktekake sejatine, ana ing patunggilane Gusti iku kangelan kita mesthi ora muspra. |*ER
Senen, 1 April 2024 Minggu Paskah I
Purwaning Dumadi 1:1-19; Jabur 118:1-2, 14-24; I Korinta 15:35-49 KAWUNGOKAKE ING KAMULYAN “Mangkono uga mungguh bakal tangine wong mati. Kang kasebar iku nandhang karusakan, kang katangekake iku sinandhangan kalanggengan” (I Korinta 15:10) Sepira ta suwene urip neng donya iki? Jarene mung kaya mampir ngombe. Urip neng donya iki mung sawetara bae. Sanadyan mung sawetara ora ateges ora ana ajine. Mula, sanadyan sawetara mesthine tetep dilampahi kanthi prayoga, kanthi tanggung jawab awit urip sing sawetara iki uga peparinge Gusti Allah. Purwaning Dumadi 1:1-19 nelakake Gusti Allah nitahake donya lan saisine. Apa kang dititahake dening Gusti kuwi apik lan prayoga, sanadyan sipate ora langgeng. Apa kang dititahake dening Gusti iku sejatine dadya paseksi bab panguwaos lan sih kadarmane Gusti. Kajaba alam donya lan urip kang ora langgeng iki, Gusti Allah uga nyawisake alam kalanggengan. Apa kang ana ing donya iki bisa rusak lan sirna, ananging apa kang ana ing alam kalanggengan kuwi asipat langgeng. Rasul Paulus nerangake bab kepriye kahanane wong-wong sing katangikake ing pungkasaning jaman. Bab kuwi wigati katerangna amarga ana wong-wong sing ora ngandel bab tangine wong mati. Bab tangine wong mati digambarake kayadene wit-witan kang katandur ing lemah. Wujude wit kang thukul kuwi mesthi beda karo wujude winih sing ditandur. Mangkono uga bab tangine wong mati, ora manganggo badan kadonyan maneh ananging badan kaswargan. Kamulyane badan kaswargan iku beda karo kamulyane badan kadonyan. Kayadene Sang Kristus, Panjenengane nglampahi seda ing sajroning kanisthan, ananging kawongakake ing sajroning kamulyan. Piwucal bab tangine raga lan urip langgeng iku ngatag wong sing urip neng alam donya supaya ora sembrana uripe. Kudu tansah kumandel ing Gusti lan netepi apa kang dikersakake dening Gusti. Sanadyan urip neng donya iki mung sawetara ananging kudu dilampahi kanthi prayoga kagem kaluhurane Gusti. |*ER
Ahad, 31 Maret 2024 Dinten Paskah
L. Para Rasul 10:34-43; Jabur 118:1-2, 14-24; I Korinta 15:1-11;Yokanan 20:1-18 GESANG ING SIH RAHMATING ALLAH “Nanging marga saka sih-rahmate Gusti Allah, aku dadi kaya ing sadadiku saiki iki, lan sih-rahmat kang kaparingake marang aku iku ora muspra. Sabab, aku wus nglakoni pagawean luwih akeh katimbang karo kancaku kabeh; mung bae dudu aku, nanging sih-rahmate Gusti Allah kang nunggil kalawan aku” (I Korinta 15:10) Endahing gesang punika yen sadaya tiyang sami ngupados lan pitados ing pakaryan Dalem Gusti. Sadaya sami nindakaken kasaenan midherek panuntunipun Allah. Gesangipun sansaya wuwuh ing seserepan lan sarupining panindak becik, ngupadi kasaenan lan karaharjaning gesang sesarengan. Sadaya sami misungsungaken gesangipun kagem kaluhuranipun Gusti. Rasul Paul paring paseksi bilih anggenipun nampeni lan nuhoni karsanipun Gusti punika jumbuh kaliyan sih-rahmat ingkang katampi saking Gusti. Awit mungguh ingkang dipun tindakaken jumbuh kaliyan sih rahmat ingkang tinampi ing gesangipun. Awit saking punika gesangipun namung kagem Gusti. Rasul Paul ngraosaken bilih ajining gesangipun inggih kawiwitan nalikanipun katimbalan Gusti minangka panderekipun, kangge nindakaken babaring tentrem rahayu dhateng sagunging titah. Anggenipun nimbali piyambakipun kadosdene lare ingkang kalairaken dereng wancinipun lair, inggih supados nindakaken jejibahaning sih-rahmatipun Sang Kristus. Sadaya ayahaning tentrem rahayu katampi kanthi sawetahing gesangipun. Punapa ta sebabipun punika katindakaken? Awit sih-rahmatipun Gusti Yesus Kristus. Sesakit, pepalang lan panandhang ing gesang mboten dipun galih. Was sumelanging batos lan karingkihan ingkang wonten badhe kagantosan raosing manunggil, raosing ayem tentrem. Sadaya mboten saged kagambaraken kathi gegambaraning kamanungsan punika. Ingkang saged ngraosaken inggih dhiri ingkang pitados ing pakaryanipun lan panuntunipun Sang Kristus. Amin. |*AK

