Yeremia 30:1-11a; Jabur 150; I Yokanan 3:10-16 LINUWAR SAKING KARIBEDAN “Adhuh, iba ta anggone nggegirisi dina iku, ora ana tandhinge; iku dina karubedan tumrap Yakub, nanging bakal linuwaran.” (Yeremia 30: 7) Nabi Yeremia nampi prasetyanipun Gusti Allah bilih Panjenenganipun badhe mulihaken kawontenanipun umat Israel ing tlatah Babel. Panjenenganipun badhe mangsulaken pra umat wau dhateng tlatah Kanaan, tlatah sucining bangsa Israel. Gusti Allah mirsani bilih kawontenanipun umat wau estu kesrakat lan sangsara. Kathah tiyang jaler ingkang nandhang sakit padharanipun kadosdene sesakiting tiyang estri ingkang badhe nglairaken bayinipun. Kawontenaning umat pancen mrihatosaken. Dinten-dinten ingkang kelampahan pancen awrat, ngggirisi, kados boten wonten pengajeng-ajeng malih. Punika pancen dados karibedan saha panandhanging umat ing tlatah pambuwangan. Ananging Gusti Allah boten negakkaken lan nilar umat. Panjenenganipun badhe ngluwari saking sedaya kawontenan wau saha mitulungi para umat. Kadosdene Gusti ngluwari umat saking panindhesing bangsa Mesir kala semanten, mekaten ugi Panjenenganipun ugi badhe ngluwari umat saking pambuwangan ing Babel! Mbok menawi kita sami saweg nandhang karibedan saha dinten-dinten ingkang nggegirisi, kebak ing kasisahan. Kita sami ngraosaken kangelan, saha kecalan pengajeng-ajeng. Punapa punika bab sesambetan ing brayat, bab ekonomi, bab sekolah para lare, bab sesakit, bab kecalan tiyang ingkang kita tresnani lan bab-bab sanesipun. Lumantar pangandikanipun Gusti samangke, mugi kita kaparingan kekiyatan satemah saged ikhlas nglampahi dinten-dinten salajengipun saha pitados bilih Gusti badhe ngluwari saking sedaya prekawising gesang. Dinten-dinten ingkang nggegirisi badhe kagantos dening dinten-dinten ingkang nengsemaken lan ngeramaken. I *OHPN
Ahad, 14 April 2024 Minggu Paskah III (Pethak)
Lelakone Para Rasul 3:12-19; Jabur 4; 1 Yokanan 3:1-7; Lukas 24:36b-48 MARTOSAKEN PAMRATOBATING GESANG “Awit saking punika sami kula aturi enget saha sami mratobata, supados dosa panjenengan kaapunten…” (Lelakone Para Rasul 3: 19) Nalika Pentakosta, Sang Roh Suci maringi kesagedan satemah para Rasul wantun martosaken pamratobat dhateng tiyang kathah ingkang rumiyin ndherek moyoki Sang Kristus supados kasalibaken. Rasul Petrus ndhodhog manahipun pra tiyang wau supados mratobat satemah kaparingan pangapunten saking Gusti. Rasul Petrus nindakaken timbalan suci inggih punika martosaken pamratobat dhateng tiyang katah supados sami kawilujengaken. Patuladhanipun rasul Petrus wau mesthinipun mbereg manah ktia sami supados wantun martosaken pamratobating gesang. Kita sami ugi katuntun dening Sang Roh Suci ing manah kita. Emanipun, kathah tiyang pitados ingkang boten wantun nindalaken timbalan punika awit maneka warni pawadan. Wonten ingkang boten wantun awit tiyang ingkang badhe dipun sowani punika kanca kenthel. Piyambakipun lajeng kuwatos menawi sesambetanipun kaliyan kancanipun wau mangke dados risak. Wonten ingkang boten wantun awit kuwatos piyambakipun dipun tampik. Wonten ingkang nggadhahi pemanggih bilih ayahan wau kedahipun dipun tindakaken dening para pradhataning pasamuwan kemawon. Lan taksih kathah pawadan sanesipun. Gesangipun tiyang pitados punika kedahipun tumuju dhateng timbalanipun Gusti lan nindakaken kanthi sayektos. Punapa kemawon risikonipun, kita tatag ngestokaken dhawuhipun Gusti: mbabar kabar kabingahan saha pamratobating gesang. Kadosdene Gusti Yesus nate muwun awit saking durakaning Yerusalem, mekaten ugi kedahipun manah kita rumaos trenyuh lan kebak ing welas asih nalika nyumerepi kawontenaning sesami kita ingkang mbetahaken pitulungan sacara karohanen.I *OHPN
Setu, 13 April 2024 Minggu Paskah II (Pethak)
Lelakone Para Rasul 3:1-10; Jabur 4; Lukas 22:24-30 PITULUNGAN INGKANG TREP “Nanging Rasul Petrus nuli ngandika: “Emas lan salaka aku ora duwe, nanging kang aku duwe, kowe dakwenehi: Atas asmane Gusti Yesus Kristus saka ing Nazaret, lumakua!” (Lelakone Para Rasul 3: 6) Punapa ingkang wigatos saking cariyos ing nginggil? Pancen elok nalika tiyang ingkang lumpuh saged lumampah malih awit pakaryanipun Gusti Yesus lumantar rasul Petrus. Ananging ingkang prayogi kita sinau inggih punika rasul Petrus maringi punapa ingkang paling dipun betahaken dening tiyang wau. Boten namung peparing awujud raja brana kados dene ingkang asring dipun paringaken dening tiyang-tiyang ingkang sami nglangkungi gapuraning Pedaleman Suci. Punika mucal dumateng kita sami supados pener lan trep anggen kita paring pitulung dhateng tiyang sanes. Saupaminipun nalika kita badhe nulungi satunggaling brayat ingkang griyanipun karendhem toya amargi kenging bena lan kapeksa sami minggah ing gendheng. Ingkang dipun betahaken sanes yatra, beras utawi mie instan awit pirantosing olah-olah sami risak awit saking bena. Pramila ingkang paling dipun betahaken inggih punika sekul saklawuhipun ingkang dipun bungkus utawi tetedhan sanesipun. Mekaten ugi, brayat wau sami mbetahaken kemul saha obat nyamuk supados saged ngaso sinambi nenggo suruting toya. Malah menawi wonten, ingkang dipun betahaken punika prau kangge ngungsi dateng panggenan sanes ingkang langkung prayogi. Sumangga kita sami nitipriksa gesang kita kanthi premati. Punapa sampun pener anggen kita paring pitulung? Utawi malah asring boten trep? Sumangga kita sami sinau supados saged paring pitulungan, jumbuh kaliyan punapa ingkang dados kabetahanipun sesami, sanes namung pepinginanipun kemawon. Roh Suci mugi mitulungi kita sami. I *OHPN
Jemuwah, 12 April 2024 Minggu Paskah II (Pethak)
Daniel 10:2-19; Jabur 4; I Yokanan 2:26-28 PISUNGSUNG SEJATI “Padha nyaosna kurban kang bener, sarta kumandela marang Sang Yehuwah” (Jabur 4: 6) Ing waosan kita samangke, kasebat bab ‘kurban’ lan ‘kumandel.’ Babagan kurban utawi pisungsung kurban punika pancen prekawis ingkang wigatos ing satengahing pangibadah umat. Saos kurban punika wujuding pangabekti ing ngarsanipun Gusti, wujuding katresnan dhumateng Gusti. Ananging juru Mazmur ngemutaken supados pra umat ugi nindakekaken gesang ingkang mursid lan saleh ing gesang sapadintenan. Gesang ingkang boten moyoki sesami nanging nresnani sesami. Punika minangka wujuding kurban ingkang sejatos, inggih punika misungsungaken gesang suci wonten ngarsanipun Gusti. Pangatagipun juru Mazmur punika mucal dhateng kita sami bilih atur pisungsung kita ing pangibadah kedah kinanthenan pisungsunging gesang kita ingkang suci. Boten namung ing tata lair nanging ugi ing tata batos. Boten namung ing satengahing pangibadah ananging ugi sauruting gesang kita sapadintenan. Juru Masmur ugi ngemutaken pra umat supados kumandel dhumateng Gusti ing salebeting karupekaning gesang. “Kumandela marang Sang Yehuwah!” Anggen kita ngibadah dalah atur pisungsung kedah kalandhesan kumandel dhumateng Gusti. Bilih Gusti minangka tuking berkah saha pitulunganing gesang. Bilih Gusti ingkang badhe nyekapi sedaya kabetahaning gesang kita. Bilih Gusti ingkang badhe ngluwari kita saking sedaya karibedan. Kanthi mekaten, pangibadah kita mijil saking raosing kapitadosan ingkang sayektos, sanes saking manah ingkang mangu-mangu, miyar-miyur lan kelap-kelip! Pisungsung jati punika mijil saking manah ingkang tulus, manah ingkang kandel ing kumandel, sarta gesang ingkang suci lumantar pangucap, asikep saha tumindak ingkang prayogi, jumbuh kaliyan kersanipun Gusti. I *OHPN
Kemis, 11 April 2024 Minggu Paskah II (Pethak)
Daniel 9:1-19; Jabur 4; I Yokanan 2:18-25 NGOLAH RAOSING BATOS “Nepsua nanging aja nganti gawe dosa, mosika sajroning atimu ana ing paturon, nanging tetepa meneng” (Jabur 4: 5) Nalika ningali kawontenan ingkang boten ngremenaken, ing manahipun manungsa saged tuwuh maneka warni raos. Punapa punika raos sedhih, raos kuwatos, raos kuciwa, mekaten ugi raos nepsu. Punika prekawis ingkang limrah, ingkang dipun adhepi sedaya tiyang. Juru Mazmur mangertosi bilih raos nepsu punika tuwuh nalika wonten prekawis ingkang boten laras kaliyan ingkang dipun kajengaken. Limrah ugi menawi mijil sewu setunggal pangucap ingkang mratelakaken nepsuning manah kita dhateng tiyang sanes utawi tumrap kahanan ingkang kita adhepi. Ananging juru Mazmur ngemutaken umat Israel supados sampun ngantos dhawah ing tumindak dosa. Saged ugi ngucapaken tembung-tembuing ingkang nggambaraken raosing kuciwa ananging wonten ing patileman kemawon. Sampun ngantos tumindak klentu ananging prayoginipun tetep mendel kemawon, boten nandukaken piwales dhateng tiyang ingkang sampun damel kuciwa manah kita. Sedaya punika negesaken bilih kita sami kadhawuhan supados saged ngendhaleni diri lan lathi kita. Punika wujuding kadiwasanipun diri minangka abdinipun Gusti. Kita sami kadhawuhan supados boten males tumindakipun tiyang sanes. Kita pasrahaken dhumateng Gusti supados Gusti piyambak ingkang makarya mitulungi kita satemah kasagedna ndandosi sedaya prekawis wau. Gusti piyambak ingkang ngrengkuh kita supados kasagedna alon-alon ngapunten dhateng tiyang ingkang sampun natoni manah kita. Sumangga kita sami tansah nyadhong sih kadarmanipun Gusti satemah nggadahi roh, pikiran saha manah ingkang wicaksana, ingkang diwasa. Tentrem rahayu saking kaswargan badhe sumrambah, nglangkungi sedaya mosiking manah saha pikiran kira sami. Amin. I *OHPN
KHOTBAH JANGKEP MEI 2024
KHOTBAH JANGKEP 2024 – IPanduan Merayakan Liturgi GerejaTema tahun 2024:MEWUJUDKAN PEMBARUAN DAN PEMULIHAN KEUTUHAN CIPTAAN Klik disini untuk mengunduh Kata Pengantar Puji Syukur kepada Tuhan karena Bahan Kotbah Jangkep tahun 2024, telah terbit. Tema HIDUP BERSAMA DALAM KELUARGA ALLAH dijabarkan dalam tema tahunan yang berbeda, dan tahun 2024 bertemakan: “Mewujudkan Pembaruan dan Pemulihan Keutuhan Ciptaan” (Yesaya 65:17) Kotbah Jangkep ini dibuat dengan mengacu kepada tema besar dan subtema diatas, dengan harapan dapat menjadi motivasi bagi semua jemaat dalam mewujudkan pembaruan dan pemulihan keutuhan ciptaan seperti yang pernah dilakukan oleh Allah ketika dunia jatuh dalam dosa dan tindakan Allah melalui Yesus Kristus untuk menyelamatkan manusia. Tindakan mewujudkan pembaruan dan pemulihan keutuhan ciptaan perlu terus ditumbuhkan agar kita semakin dimampukan untuk ambil bagian dalam pekerjaan Allah. Tulisan kotbah Jangkep 2024 ini telah melibatkan para pendeta yang bersedia meluangkan waktu untuk menuangkan ide dan tulisan. Sekalipun tidak mudah menemukan penulis yang konsisten dan setia bekerjasama, namun demikian PWG tetap berupaya agar melalui Kotbah Jangkep ini potensi para pendeta dapat berkembang dan jemaat terbangun. Oleh karena itu bagi teman-teman pendeta yang telah bersedia menulis dan menyelesaikan kotbah jangkep tahun 2024 dengan penuh tanggung jawab, kami mengucapkan terima kasih. Demikian pula kami berterima kasih kepada tim editor yang telah bekerja merapikan tulisan ini. Selamat menggunakan Kotbah Jangkep 2024, semoga menjadi berkat bagi semua. Bapelsin XXVIII GKJ Bidang PWG Diterbitkan Oleh:Yayasan Taman Pustaka Kristen Indonesia(Anggota IKAPI)Jl. dr. Wahidin Sudirohusodo No. 38A Yogyakarta 55222Telp./Fax.: (0274) 512449; HP/WA: 087838211445E-mail: penerbit@tamanpustakakristen.comWebsite: www.tamanpustakakristen.com Bekerjasama dengan:Sinode Gereja-gereja Kristen JawaJl. Dr. Sumardi No. 8 & 10 Salatiga 50711Rek: BritAmaBisnis 0081-000589-56-1 a/n Sinode GKJTelp: 0298.326684 Email: sinode@gkj.or.id WA Center: +62 856 4066 6663Website: www.sinodegkj.or.id Penanggung Jawab: Bapelsin XXVIII GKJ Bidang PWGPdt. Erni Ratna YunitaPdt. Neny SuprihartatiPdt. Immanuel Adi Saputro Penulis:Pdt. Marya Sri HartatiPdt. Heri WindartaPdt. Rian Pandu BgaswaraPdt. Nicolaus Satriyo NugrohoPdt. Ari KristiantoPdt Agus HendratmoPdt. Hesty MurwasariPdt. Samuel Juta DamarPdt. Imanuel Geovasky Editor :Pdt. Tanto KristionoPdt. Immanuel Adi Saputro Tata letak dan Sampul :Kantor Sinode GKJ Vol. 2 No. 1 Januari-Juni 2024 ISSN 2964-4232
Rebo, 10 April 2024 Minggu Paskah II (Pethak)
Yesaya 26:1-15; Jabur 135; Markus 12:18-27 AJA KAYA BRAHALA “Padha duwe cangkem nanging ora bisa calathu, padha duwe mata, nanging ora bisa ndeleng, kupinge ana nanging ora bisa ngrungokake, dalah cangkeme iya ora ana ambekane” (Jabur 135: 16-17) Juru Mazmur njurung umating Israel supados ngabekti dhumateng Gusti Allah kemawon. Brahalanipun para bangsa punika namun damelanipun manungsa. Nggadahi tutuk nanging boten saged wicantenan. Nggadahi netra nanging boten saged ningali. Nggadhahi talingan nanging boten saged mireng. Brahala wau boten saged dipun andelaken minangka tuking pitulungan. Boten saged punapa-punapa. Tutug, netra saha talingan boten munpangati, boten wonten ginanipun! Kita sami temtu pitados namung dhumateng Gusti Allah kemawon, tuking pitulungan. Pakaryanipun Gusti sampun kabuktekaken ing gesang kita sami. Ananging sumangga kita titipriksa, punapa ingkang dados tanggapan kita dhumateng pakaryanipun Gusti? Punapa kita sami kabereg dados talanging berkah kangge sesami? Punapa malah kita mendel kemawon, kados dene brahalaning bangsa ingkang boten saged tumindak punapa-punapa? Nalika ningali prekawis ing sakiwa tengen kita ingkang nrenyuhaken manah, punapa kita boten gumregah? Kita nggadahi netra, talingan saha tutuk. Ananging kita ginakaken kangge mitulungi punapa boten? Kita sami asring ngraosaken sisah menawi sumerep wonten tiyang Kristen ingkang taksih ngabekti dhateng brahala, punapa punika pados aji kekebalan, aji pengasihan, aji pelarisan, aji pesugihan, aji kawibawan, dalah aji-aji sanesipun. Ananging kita ugi langkung prihatos menawi tumindak kita prasasat brahala, nggadahi netra, talingan saha tutuk ananging namung mendel kemawon. Pramila sumangga kita wujudaken pakaryan jati lumantar sedaya peranganing badan kita kangge mitulungi sesami saha kagem kamulyanipun Sang Kristus. I *OHPN
KURIKULUM REMAJA MEI 2024
KURIKULUM REMAJAAku Tumbuh Bersama Yesus Tema Tahun 2024Mewujudkan Pembaharuan dan Pemulihan Keutuhan Ciptaan Klik disini untuk mengunduh KATA PENGANTAR Banyak orang mengatakan bahwa masa remaja adalah masa yang menyenangkan. Pada usia remaja, seseorang mulai memasuki dunia baru, dunia yang jauh lebih luas dari sebelumnya. Pada masa kanak-kanak, kehidupan dan pergaulan masih sebatas lingkungan keluarga dan orang-orang di sekitar rumah. Tetapi pada masa remaja, seseorang mengenal orang-orang baru dalam lingkup yang lebih luas. Banyak hal baru dijumpai dan dialami remaja. Namun bersamaan dengan itu, remaja juga diperhadapkan dengan berbagai tantangan yang sebelumnya tidak pernah dijumpai. Remaja mulai belajar menghadapi dan menyelesaikan persoalan-persoalan yang dialaminya. Karena itu, selain indah, masa remaja juga menjadi masa yang rentan. Masa remaja menjadi masa transisi sekaligus batu uji bagi seseorang. Bila Seseorang berhasil melalui masa remaja dengan baik, maka ia akan menjadi pribadi yang lebih dewasa dan siap menjalani fase baru hidupnya. Sebaliknya, bila seseorang “gagal” maka ia cenderung menjadi pribadi yang tidak siap menyambut hari depannya. Menilik pentingnya masa remaja, mendorong gereja-gereja khususnya di lingkup Sinode GKJ untuk memberi perhatian khusus kepada para remaja. Mereka bukan lagi kanak-kanak tapi mereka juga bukan orang dewasa. Mereka membutuhkan perhatian dan bimbingan khusus. Buku Kurikulum Remaja 2024 ini dimaksudkan untuk menolong gereja-gereja dalam mendampingi dan memelihara iman pada remajanya. Sebagai sebuah upaya, tentulah masih jauh dari sempurna. Terlebih lagi, konteks gereja-gereja di lingkup Sinode GKJ sangat beragam. Karena itu, kiranya gereja-gereja dapat mengolah kembali bahan-bahan dalam buku Kurikulum Remaja ini agar menjadi materi yang sesuai dan efektif bagi pembinaan remaja. Kiranya Tuhan Yesus, Raja Gereja memberkati upaya dan pelayanan kita bersama. Salatiga, Agustus 2023 BAPELSIN XXVIII GKJ Bidang Pembinaan Warga Gereja Diterbitkan Oleh:Yayasan Taman Pustaka Kristen Indonesia(Anggota IKAPI)Jl. dr. Wahidin Sudirohusodo No. 38A Yogyakarta 55222Telp./Fax.: (0274) 512449; HP/WA: 087838211445E-mail: penerbit@tamanpustakakristen.comWebsite: www.tamanpustakakristen.com Bekerjasama dengan:Sinode Gereja-gereja Kristen JawaJl. Dr. Sumardi No. 8 & 10 Salatiga 50711Rek: BritAmaBisnis 0081-000589-56-1 a/n Sinode GKJTelp: 0298.326684 Email: sinode@gkj.or.id WA Center: +62 856 4066 6663Website: www.sinodegkj.or.id Penanggung Jawab :Bapelsin XXVIII GKJ Bidang PWGPdt. Erni Ratna YunitaPdt. Neny SuprihartatiPdt. Imanuel Adi Saputro Penulis :Pdt. Adhika Tri SubowoPdt. Sih Ell MirmaningrumPdt. Natasha VananiPdt. Elizabet Emilia PutriPdt. Widhewani SuwandiPdt. Iman SetiadiPdt. Dani AriyantoPdt. Geget Elite Sucining HPdt. Julia Indah PramudiyantiPdt. Rivaldi Angga KurniawanPdt. Kristrian Yudi NugrohoPdt. Eni Wahyuningsih Editor :Pdt Erni Ratna YunitaPdt Elia Dwi Prasetyo Tata letak & sampul:Kantor Sinode GKJVolume 2 Tahun 2024 ISSN 2964-4976
Bahan Kurikulum Anak Mei 2024
KURIKULUM ANAK 2024 – IAKU IKUT YESUS “Mewujudkan Pembaruan dan Pemulihan Keutuhan Ciptaan” Klik disini untuk mengunduh KATA PENGANTAR Puji dan syukur patut kita panjatkan kepada Tuhan Allah, Sang Raja Gereja, hanya karena kekuatan dan hikmat dari Tuhan Allah saja, maka Buku Kurikulum Anak Tahun 2024 Semester pertama ini dapat hadir. Tuhan Allah yang telah menuntun para penulis, illustrator dan editor serta Bidang PWG, juga para pekerja di PDILM Sinode GKJ, dalam pekerjaan di bagiannya masing-masing. Kami juga bersyukur karena Buku Kurikulum Anak Sinode GKJ dapat dipakai oleh Tuhan untuk menghadirkan berkat bagi banyak gereja, dalam kegiatan Sekolah Minggu di gereja masing-masing. Kita juga patut bersyukur karena masa pendemi sudah berlalu. Dengan demikian gereja-gereja sudah dapat kembali mengadakan Sekolah Minggu secara tatap muka, tanpa pembatasan usia atau pun pembatasan-pembatasan lainnya. Tentu akan lebih menyenangkan bagi Anak-anak Sekolah Minggu jika dapat kembali mengikuti Sekolah Minggu di gereja. Demikian juga untuk Guru Sekolah Minggu akan lebih mudah untuk menyiapkan dan menerapkan bahan Kurikulum Anak ini. Untuk Bahan Kurikulum Anak Tahun 2024 ini, bacaan Alkitab yang disajikan dalam Ayat Indah, sudah menggunakan Alkitab Terbitan Baru Edisi kedua. Jika gereja-gereja belum menggunakannya, maka bagian Ayat Indah dapat disesuaikan dengan kondisi gereja masing-masing. Bahan Kurikulum Anak ini dapat diunggah juga di website Sinode GKJ. Sekalipun mengunggah bahan ini di website Sinode GKJ dapat dilakukan secara gratis, namun demikian, kami berharap gereja-gereja menggunakan bahan ini dengan cara membeli Buku Kurikulum Anak. Kami tetap menghadirkan dalam bentuk Buku, untuk membantu gereja-gereja yang membutuhkan dalam bentuk buku. Juga untuk gereja-gereja yang justru mengalami kesulitan untuk mengunggah dari website Sinode GKJ. Bahan Kurikulum Anak ini bukan merupakan materi siap saji. Persiapan dan kreativitas Guru Sekolah Minggu tetap diperlukan dalam mengolah dan menyajikan materi Kurikulum Anak ini dalam merealisasikan di Sekolah Minggu masing-masing. Bahan Kurikulum Anak ini berusaha untuk dapat membantu Guru Sekolah Minggu memberikan inspirasi dalam menyampaikan Firman Tuhan kepada anak-anak dan mengajak anak-anak melakukan berbagai aktivitas. Kami sangat memahami adanya keragaman situasi dan kondisi masing-masing gereja. Untuk itu kami menyadari belum dapat sepenuhnya menyajikan Bahan Kurikulum Anak ini tepat guna dan tepat sasaran dalam menjawab tantangan dan kebutuhan para Guru Sekolah Minggu, sesuai dengan konteks gereja setempat. Kami tetap membuka diri menerima kritik dan saran untuk perbaikan ke depan. Ucapan terima kasih kami sampaikan kepada para penulis, illustrator dan editor serta PDILM Sinode yang telah berupaya untuk menyajikan Bahan Kurikulum Anak ini. Ucapan terima kasih juga kami sampaikan kepada gereja-gereja yang sudah membeli dan menggunakan Buku Bahan Kurikulum Anak ini. Selamat melayani. Tuhan memberkati kita semua. Bapelsin XXVIII GKJ Bidang PWG Pdt. Neny Suprihartati Diterbitkan Oleh:Yayasan Taman Pustaka Kristen Indonesia(Anggota IKAPI)Jl. dr. Wahidin Sudirohusodo No. 38A Yogyakarta 55222Telp./Fax.: (0274) 512449; HP/WA: 087838211445E-mail: penerbit@tamanpustakakristen.comWebsite: www.tamanpustakakristen.com Bekerjasama dengan:Sinode Gereja-gereja Kristen JawaJl. Dr. Sumardi No. 8 & 10 Salatiga 50711Rek: BritAmaBisnis 0081-000589-56-1 a/n Sinode GKJTelp: 0298.326684 Email: sinode@gkj.or.id WA Center: +62 856 4066 6663Website: www.sinodegkj.or.id Penanggung Jawab : Bapelsin XXVIII GKJ Bidang PWGPdt. Erni Ratna YunitaPdt. Neny SuprihartatiPdt. Imanuel Adi Saputro Penulis :Ibu Tri PrasetyaningsihPdt. Lusya SefrisaR. Santoso Sri BuwonoIbu Helmi YustinPdt. Erni Ratna YunitaPdt. Ivan Gilang Kristian Editor:Pdt. Neny SuprihartatiPdt. Wisnu Tri Handayani Ilustrator:Supriatmo Tata letak:Kantor Sinode GKJVol. 2 No.1 Januari-Juni 2024ISSN 2964-1020
Slasa, 9 April 2024 Minggu Paskah II (Pethak)
Dhaniel 6:1-8; Jabur 135; I Yokanan 2:12-17 ROH KANG PINUNJUL “Sarehne Sang Dhaniel ngluwihi para priyagung lan para wakil raja, marga kadunungan roh kang pinunjul, Sang Prabu kagungan kersa arep misudha dadi tetindhihaning wewengkon karajan kabeh” (Dhaniel 6: 4) Nabi Dhaniel kawentar minangka nabi ingkang wasis saha prigel anggenipun nata prajaning karajan Medhia. Piyambakipun langkung wasis, prigel saha wicaksana tinimbang para pamonging praja sanesipun. Pramila, sang Prabu Dharius badhe misudha piyambakipun minangka pucukipun manggalaning praja, ingkang nggadahi wewengkon ing karajan sedayanipun. Punapa ingkang ndadosaken Dhaniel langkung onjo? Piyambakipun estu ngabekti dhumateng Gusti. Piyambakipun tansah nindakaken olah karohanen ingkang tumemen. Piyambakipun ndedonga saha memuji asmanipun Gusti kaping tiga saben dintenipun (ay. 11). Dhaniel saestu nresnani Gusti Allah saha tansah manekung sumarah ing ngarsanipun. Punika ingkang ndadosaken roh-ipun tansah cumadhang, ngorong dhumateng Gusti lan Gusti mbabar sih rahmat ing rohipun. Pramila, rohipun sangsaya dangu sangsaya onjo lan ageng. Ing salajengipun, roh punika ingkang nuntun pikiran lan manahipun satemah sangsaya kebak ing wawasan, prigel ing pakaryan saha wicaksana ing pangucap lan tumindak. Pancen menawi nyambut damel punika mbetahaken wawasan saha ketrampilan. Pramila kathah kursus saha pelatihan kangge calon pegawai ing kantor saha perusahaan. Punika pancen sae. Ananging samangke kita sami sinau bilih utaminipun inggih punika sesambetan kita sami kaliyan Gusti. Wondene sedaya kursus dalah pelatihan wau minangka piranti ingkang Gusti agem kangge njangkepi kita sami. Roh ingkang pinunjul nuntun pikiran saha manah kita satemah kasagedna sinau bab punapa kemawon ingkang kita betahaken ing pakaryaning gesang. Sumangga kita sami ngudi agening roh kita sami kanthi sesambatan raket kaliyan Sang Ilahi. I *OHPN



