+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 14  Mei 2024 Minggu Paskah VII

Wilangan 8:5-22; Jabur 115; Titus 1: Titus 1:1-9

DIBERKAHI

“Allah ènget marang kita, kersa paring berkah, bakal mberkahi turuné Israèl, bakal mberkahi turuné Harun.” ( Jabur 115 :12 )

Tiyang Jawi punika kados pundia kawontenanipun, badhea nembe ngraosaken sedhih, sisah lan bingah mesthi ngwontenaken ingkang ujubipun slametan utawi kendurinan saubarampenipun. Kenduri punika kangge nyuwun berkah supados gesangipun ing mangajeng punika sami pinanggih wilujeng. Lan sasampunipun sembahyangan miturut keyakinanipun ingkang kagungan dalem lan dipun sengkuyung dening sadherek lan tanggi, wangsulipun sami mbekta berkah arupi dhaharan. Berkah dados bebingahipun sae punika ingkang kagungan dalem tuwin sagung para rawuh. Lelampahan punika mratelakaken bilih sadaya tiyang ngajengaken berkah ingkang saking Gusti. Dipunberkahi sadaya punapa ingkang dados ancas lan tujuwanipun supados manggih gangsar, prayogi sarta wilujeng.

Juru Masmur mratelakaken bilih berkahing Allah punika kaparingaken dhateng umat ingkang manahipun tansah ngabekti. Ngabekti dhateng Gusti kanthi manah ingkang ering lan pitados. Sadaya tiyang ingkang manut mituhu dhateng Gusti, badhe dipunberkahi. Sanadyan wonten ing pagesangan tiyang ingkang ngabekti taksih kedah mrangguli sakathahing karibedan lan masalah; boten ateges ugi ing ngajeng gesangipun boten wonten pepalang; boten ateges langiting gesang mesthi padhang boten nate mendhung; nanging Gusti tansah ngengeti gesangipun para umatipun. Umatipun boten badhe dipun tilar lan dipun tegakaken ngalami kathahing panandhang. Berkahipun Gusti ndadosaken umat pinanggih wilujeng nir ing sambekala.

Tiyang ingkang ngabekti kanthi manah ingkang eklas lan pitados boten badhe lola lan kapiran gesangipun. Kados paribasan jawi “berkah iku tumumpang ing gawe”, ingkang estu-estu mbangun turut mesthi dipunberkahi. Ing sadhengah kawontenan, dadosa punika sisah menapa dene bingah, sakit lan dhangan, kirang lan luber, tiyang ingkang ngabekti tansah muji sokur lan bingah awit gesangipun tansah dipunberkahi dening Gusti.  |*DAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ