+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 15  Mei 2024 Minggu Paskah VII

Ezra 9: 9-15; Jabur 115; Yokanan 16 :16-24

KENDEL TAHAN SUSAH

“Tekan sepréné kowé durung tau nyuwun apa-apa atas saka jeneng-Ku.Tansah nyenyuwuna, kowé mesthi bakal kaparingan, supaya kowé bisa bungah temenan.” (Yokanan 16 : 16-24)

Wonten kekidungan makaten: “Gusti Yesus kula badhe ndherek Tuwan slaminya. Ndherek manggul salib Tuwan, sajeg kula neng donya. Kula Tuwan kiyataken sageda tahan susah. Sampun ngantos kemuriden, sampun cuwa ing manah.” Kidung punika mratelakaken tekading manah dherek Gusti sanadyan ngadhepi sisah lan sangsara. Mirengaken kekidungan punika pancen ndadosaken tentreming manah, punapa malih menawi kita nembe ngraosaken kasisahan lan momotaning gesang, kadosipun pas sanget kangge nglipur lan ngiyataken. Kidung punika gampil dipun apalaken lan dipun kidungaken, nanging ngecakaken ing pagesangan punika ingkang angel. Tetela kathah tiyang Kristen ingkang sami boten kiyat lan mlajar saking Gusti awit nandhang kasisahan ing donya.

Gusti Yesus paring pangandika dhateng para sakabat bilih wekdalipun sampun celak lan Gusti badhe nilar para sakabat. Gesang myambak ing donya boten wonten Gusti ingkang nyarengi sacara wadag manungsa. Para sakabat boten perlu ajrih lan kuwatos sanadyan donya badhe damel gesangipun sami pinanggih sisah lan sedhih. Kados wanita ingkang badhe babaran, manahipun ajrih nanging tetep dipun adhepi, lan sasampunipun babaran sadaya raos ajrih, sakit badhe sinalin kabungahan. Kamanungsan kita ngraosaken ajrih, nanging kekendelan kangge ngadhepi kasisahan ingkang badhe manggihaken kabingahan ingkang saestu, mboten semu lan sawatara. Kendel tahan susah sarta tetep setya dherek manggul salibipun Gusti, ing wusananipun nampi bingah ingkang sejati.

Sanadyan donya nawekaken kabingahan, nanging punika sipatipun semu lan sawetawis. Bingah ingkang dipun gawe-gawe sanes bingah ing sanyatanipun. Bingah amargi arta, bandha lan sanesipun namung sawatewais. Namung wonten satunggal kabingahan ingkang sejati lan saestu, inggih punika kabingahan ingkang saking Gusti. Tansaha kendel tahan sisah anggen kita ndherek Gusti, awit kita badhe nampi lan ngraosaken kabingahan sejati. |*DAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ