+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 29 Mei 2024 Minggu Trinitas

Wilangan 6:22-27, Jabur 20, Markus 4:21-25

AJA DIKUREBI TOMPO

“Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Wong

nggawa damar iku ora banjur dikurebi tompo utawa didokok ing longan, nanging banjut ditumpangake ing jodhog” (Markus 4:21)

Tompo punika tenggok alit ingkang biasanipun dipun angge takeran beras, kacang lan sanesipun. Ukuran tompo werni-werni ingkang alit piyambak watawis wiyar 6cm inggilipun 10 cm. Menawi tompo punika kakurebaken ing sakinggilipun damar, cahyaning damaripun dados peteng utawi malah kepara pejah. Mila temtu mboten wonten ginanipun menawi nyumet damar lajeng dipuntutupi tompo, kamangka kita mbetahaken cahyanipun kangge madhangi kiwa tengen.

Gusti Yesus ngginakaken damar minangka lambang tumrap gesanging para pendherekipun Gusti, kalebet kula lan panjenengan. Gusti Yesus ngengetaken jejering tiyang pitados minangka pepadhang ing gesang padintenan. Panjenenganipun ngersakaken supados kita tansah nyunaraken cahyaning kamulyanipun Gusti lan dados dilah dhateng sesami. Kadospundi caranipun, supados tetep nyunaraken cahya kamulyanipun Gusti? Kawiwitan saking pribadi, kedah saged ngolah kapribaden kita kanthi sakmesthipun, purun ngendhaleni diri lan sinau gesang miturut karsanipun Gusti. Nalika nindakaken gesang ing tengahing sesami, kita kedah saged nedahaken sikap, tetembungan lan tumindak ingkang nuwuhaken katentreman, pirukun lan kabingahan dhateng masyarakat.

Sampun ngantos kosok wangsulipun, tumindak kita malah ndhatengaken kuceming asmanipun Gusti ing gesanging masyarakat. Tumindak sawenang-wenang dhateng sesami, lan gesang saksekecanipun piyambak, punika sanes tumindak ingkang ndhatengaken pepadhang. Gatosna ayat 24: “…Ematna apa kang kokrungokake. Ukuran kang kanggo ngukur, iku uga bakal kanggo ngukur kowe, sarta kajaba iku tumrap kowe bakal diwuwuhi.”

Sumangga kita sami tansah dados damar ingkang tiningalan cahyanipun ing kiwa tengen lan dhateng sesami. Sampun ngantos malah ndhelik lan dipunkurebi tompo. I *IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ