+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 30 Mei 2024 Minggu Trinitas

I Samuel 1:1-18; Jabur 139:1-6, 13-18; Lelakone Pr. Rasul 25:1-12

KULA NGUCAP SOKUR

“…Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang njajagi lan nguningani kawula!”

(Jabur 139:1)

Kita asring mireng tetembungan: “Gusti sampun mirsa sedaya ingkang dados kabetahan kula, mila kula mboten perlu ndedonga”. Leres, Gusti sampun pirsa kawontenan, kabetahan, perkawis lan punapa ingkang badhe kita adhepi ing gesang. Awit Panjenenganipun punika maha mirsa lan maha kuwaos, mboten badhe wonten ingkang kaaling-alingan saking paningalipun. Namung, punapa kita ugi mangertos kabetahan kita piyambak ingkang perlu kita aturaken ing ngarsanipun Gusti? Punapa kita ugi badhe yakin Gusti ngersakaken punapa lan badhe maringi punapa?

Prabu Dawud ngandika bilih Gusti Allah nguningani kawontenanipun, dadosa nalika lenggah, ngadeg, ing osiking manahipun, mlampah utawi ngaso. Malah kados ingkang kapangandikakaken ing ayat 4 “sabab sakderengipun ilat kawula ngedalaken tetembungan sayektosipun Paduka sampun nguningani sadaya…” Milanipun, Prabu Dawud ngandika: “Kawula ngucap sokur dhumateng Paduka margi elok ngebat-ebati kedadosan kawula…” (ay.14a). Pakaryanipun mboten saged jinajagan dening sedaya tiyang kelebet Prabu Dawud ingkang sampun pinilih dening Gusti Allah piyambak.

Milanipun menawi kita saged ngrumaosi bilih kita punika kagungan Gusti Allah ingkang maha kuwaos lan tansah nguwaosi gesang kita, sumangga kita tansah ngucap sokur dhumateng Panjenenganipun. Pangucap sokur punika minangka tandha atur panuwun kita dhumateng Gusti awit Panjenenganipun tansah migatosaken gesang kita. Pangucap sokur punika ugi minangka tandha bilih kita ngakeni lan ngaosi pangrimatipun Gusti tumrap gesang kita. Pangucap sokur punika ugi tandhaning iman ingkang tansah pitados lan mitadosaken gesang dhateng karsa lan pitulunganipun Allah.

Sumangga kita tansah ngucap sokur dhateng Gusti Allah, awit Panjenenganipun tansah mirsa gesang lan panggesangan kita kanthi sawetahipun.  I *IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ