I Samuel 1:19-27; Jabur 139:1-6, 13-18; Rum 8:31-39
NYENYUWUN DHUMATENG GUSTI
“….kula punika tiyang estri iangkang kala rumiyin ngadhep wonten ing ngarsa panjenengan ngriki nyenyuwun dhumateng Sang Yehuwah!”
(1 Samuel 1:26)
Ing salebeting ndedonga, kita tansah nyenyuwun dhumateng Gusti. Wosipun werni-werni, wonten ingkang sesambetan kaliyan kabetahan, padamelan, keluarga, lan perkawis sanesipun. Kalamangsanipun, nalika sesambetan kaliyan perkawis ingkang mirunggan, kita nyeyuwun dhumateng Gusti kanthi patrap ingkang adreng, wekdal ingkang boten sekedhap, kedah mawi luh, kedah mawi pasa lan sapiturutipun.
Semanten ugi ingkang dipuntedahaken dening Hana garwanipun Elkana. Pawestri punika sampun dangu dereng dipun paringi momongan, kamangka garwanipun Elkana sanesipun ingkang nami Penina sampun nggadahi anak. Tumraping Hana, perkawis punika karaos dados momotan ingkang awrat. Punapa malih marunipun ingkang sampun nggadahi lare wau malah nyakiti manahipun. Mila Hana lajeng adreng anggenipun sowan lan nyenyuwun dhumateng Gusti. Hana nyenyuwun dhumateng Gusti kanthi manah ingkang sedhih, sinambi nangis senggrak-senggruk. Panyuwunipun Hana kasembadan, Gusti maringi putra ingkang lajeng dados Nabi Samuel. Nanging ingkang perlu dados kawigatosan kita ing bab panyuwunanipun Hana dhumateng Gusti punika mboten namung winates ing panyuwunan kemawon. Awit nalika kita ndedonga, ugi sami kathah panyuwunan dhumateng Gusti. Lajeng ingkang mbedaaken punapa?
Hana mitadosaken gesang lan pandonganipun dhumateng Gusti. Piyambakipun pitados kanthi estu bilih namung Gusti Allah ingkang saged mitulungi perkawisipun. Piyambakipun mboten preduli kawastanan tiyang mabuk. Hana pitados pandonga punika sarana piyambakipun ngraosaken katentreman, keyakinan lan kekiyatan saking Gusti Allah. Menawi mboten mekaten mboten badhe kita ugi remen dedonga dhumateng Gusti. Sumangga tansah nyenyuwun dhumateng Gusti ing salebeting pandonga kinanthenan raos pasrah lan pitados satuhu, supados kita nampi berkah saking Panjenenganipun, miturut karsa lan wekdalipun Gusti ingkang sae. |*IAS