+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 1 Juni 2024 Minggu Trinitas

1 Samuel 2:1-10; Jabur 139:1-6, 13-18; Yokanan 7:19-24

AJA GAMPANG NJEKSANI

“Anggonmu ngukumi aja manut apa kang katon,

nanging ngukumana kanthi adil.”  (Yokanan 7:24)

Mbah Minah ora nggraita babar pisan anggone methik woh kakao cacah 3 kanggo winih, dadi ngambra-ambra.   Mula bukane  mbah Minah ndeleng anane uwoh kakao kang wis mateng, ing pategalane andinge. Pategalan iku duweke PT  Rumpun Sari Antan. Uwoh kakao kang uwis kapethik mau mung digletakake ana ing sak ngisore wit kakao. Wis bene bosok njur bisa dienggo winih. Sinambi angon wektu anggone arep matur “nyuwun” karo petugas.

Urung nganti matur, lurahe pakebonan  kakao mau banjur liwat lan pitakon: “Sapa sing methik woh kakao iki?” Mbah Minah blaka yen dheweke sing methik. Sajak ora rena, lurahe pakebonan banjur ujar lan dakwa yen tumindak methik ora kandha dhisik iku klebu nyolong.  Ndhadha kaluputane, mbah Minah age-age njaluk ngapura banjur ngaturake  woh kakao sing wis kebacut dipethik, lan nganggep yen prakarane wis rampung. Ora nyana babar pisan prakarane kedawa-dawa nganti tekan Pangadilan Negeri Purwokerta. Wusana mbah Minah nampa putusan kinunjara suwene sesasi luwih 15 dina.  Putusan pengadilan kang ora adil babar pisan.

Mangkono uga patrape wong Yahudi anggone arep mbendoni Gusti Yesus jalaran dianggep nerak wewalere sabat nalika nyarasake wong kang lara ing dina sabat. Kamangka nalikane wong Yahudi padha nindakake tetak miturut adat tradisi, dianggep becik ora nerak wewalere Sabat.  Sajak  ana standart ganda. Kanggo wong liya kleru; luput. Kanggo awake dhewe bener lan becik. Tundhane ndadekake wong gampang olehe njeksani lan ngukum, tanpa nggatekake perangan ingkang adil.  Umpama kang methik iku mandore, ora bakal kedawa-dawa.  Gandheng sing methik iku mbah Minah, wong bodho lan prasaja banjur gampang olehe njeksani lan ngukum. Bener pangandikane Gusti Yesus: “Anggonmu ngukumi aja manut apa kang katon, nanging ngukumana kanthi adil”. Aja gampang njeksani!|*AJ

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ