Pangentasan 25:1-22; Jabur 20; I Korinta 2:1-10
KAWICAKSANAN SEJATI
“Nanging kang daklairake iku kawicaksanane Gusti Allah kang kineker sarta winadi, kang wus kacawisake dening Gusti Allah ing sadurunge jagad dumadi, kanggo kamulyan kita” (I Korinta 2:7)
Ing Pasamuwan Korinta wonten saperangan tiyang Yahudi ingkang ngersakaken tandha mujizat lan saperangan tiyang Yunani ingkang mbudidaya nampi kawicaksan. Rasul Paulus mboten kepingin mbekta perkawis punika ing satengahing pasamuwan, mila pangandikanipun: “tekaku ora kanthi pitembungan kang dakik-dakik utawa kanthi kawasisan anggonku nglantarake paseksen kang saka Gusti Allah marang kowe.” (ay.1). Rasul Paulus rawuh ing satengahing pasamuwan mboten badhe ngaturaken paseksen bab dhirinipun utawi nedahaken kaunggulaning manungsa, nanging badhe nglairaken paseksi bab agenging sih lan pakaryanipun Gusti Yesus ingkang sampun sinalib.
Kanthi mekaten Rasul Paulus paring tuladha dhateng pasamuwan ing Korinta. Saben tiyang ingkang sampun ndherek Panjenenganipun, kedah saged nelakaken sih piwelas, pakaryan lan kamulyanipun Gusti,ing solah tingkah, tindak tanduk punapa dene pitembunganipun. Mila aturipun Rasul Paulus, “nanging kang daklairake iku kawicaksanane Gusti Allah kangge kamulyanipun titah sedaya”.
Kawicaksanan ingkang sejati punika cakrikipun pancen kedah mekaten, saben tiyang ingkang sampun nampi Gusti Yesus, lan gesang miturut kersanipun, sedaya ingkang katindakaken, dadosa ing gesang padintenan punapadene nalika leladi ing ngarsanipun Gusti mboten perlu malih nedahaken kawasisanipun piyambak. Sampun ngantos malih, kanthi ancas tujuwan “supaya aku di deleng lan disubya-subya uwong, rumangsa paling pinter lan wicaksana”, nanging ingkang katindakaken supados namunga ngluhuraken Asmanipun Gusti.
Mila kita perlu sinau ngudi andhap asoring manah, wantun ngakeni bilih dhiri kita punika winates lan ugi tiyang ingkang apes. Kanthi mekaten kita badhe tansah ngendelaken kekiyataning Roh ingkang mitulungi kita nglairaken kawicaksananipun Allah. I *IAS