L. Para Rasul 10:34-43; Jabur 118:1-2, 14-24; I Korinta 15:1-11;
Yokanan 20:1-18
GESANG ING SIH RAHMATING ALLAH
“Nanging marga saka sih-rahmate Gusti Allah, aku dadi kaya ing
sadadiku saiki iki, lan sih-rahmat kang kaparingake marang aku iku
ora muspra. Sabab, aku wus nglakoni pagawean luwih akeh katimbang karo kancaku kabeh; mung bae dudu aku, nanging sih-rahmate
Gusti Allah kang nunggil kalawan aku” (I Korinta 15:10)
Endahing gesang punika yen sadaya tiyang sami ngupados lan pitados ing pakaryan Dalem Gusti. Sadaya sami nindakaken kasaenan midherek panuntunipun Allah. Gesangipun sansaya wuwuh ing seserepan lan sarupining panindak becik, ngupadi kasaenan lan karaharjaning gesang sesarengan. Sadaya sami misungsungaken gesangipun kagem kaluhuranipun Gusti.
Rasul Paul paring paseksi bilih anggenipun nampeni lan nuhoni karsanipun Gusti punika jumbuh kaliyan sih-rahmat ingkang katampi saking Gusti. Awit mungguh ingkang dipun tindakaken jumbuh kaliyan sih rahmat ingkang tinampi ing gesangipun. Awit saking punika gesangipun namung kagem Gusti. Rasul Paul ngraosaken bilih ajining gesangipun inggih kawiwitan nalikanipun katimbalan Gusti minangka panderekipun, kangge nindakaken babaring tentrem rahayu dhateng sagunging titah. Anggenipun nimbali piyambakipun kadosdene lare ingkang kalairaken dereng wancinipun lair, inggih supados nindakaken jejibahaning sih-rahmatipun Sang Kristus. Sadaya ayahaning tentrem rahayu katampi kanthi sawetahing gesangipun.
Punapa ta sebabipun punika katindakaken? Awit sih-rahmatipun Gusti Yesus Kristus. Sesakit, pepalang lan panandhang ing gesang mboten dipun galih. Was sumelanging batos lan karingkihan ingkang wonten badhe kagantosan raosing manunggil, raosing ayem tentrem. Sadaya mboten saged kagambaraken kathi gegambaraning kamanungsan punika. Ingkang saged ngraosaken inggih dhiri ingkang pitados ing pakaryanipun lan panuntunipun Sang Kristus. Amin. |*AK