+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 1 April 2024 Minggu Paskah I

Purwaning Dumadi 1:1-19; Jabur 118:1-2, 14-24; I Korinta 15:35-49

KAWUNGOKAKE ING KAMULYAN

“Mangkono uga mungguh bakal tangine wong mati. Kang kasebar

iku nandhang karusakan, kang katangekake iku sinandhangan kalanggengan”  (I Korinta 15:10)

Sepira ta suwene urip neng donya iki? Jarene mung kaya mampir ngombe. Urip neng donya iki mung sawetara bae. Sanadyan mung sawetara ora ateges ora ana ajine. Mula, sanadyan sawetara mesthine tetep dilampahi kanthi prayoga, kanthi tanggung jawab awit urip sing sawetara iki uga peparinge Gusti Allah. Purwaning Dumadi 1:1-19 nelakake Gusti Allah nitahake donya lan saisine. Apa kang dititahake dening Gusti kuwi apik lan prayoga, sanadyan sipate ora langgeng. Apa kang dititahake dening Gusti iku sejatine dadya paseksi bab panguwaos lan sih kadarmane Gusti.

Kajaba alam donya lan urip kang ora langgeng iki, Gusti Allah uga nyawisake alam kalanggengan. Apa kang ana ing donya iki bisa rusak lan sirna, ananging apa kang ana ing alam kalanggengan kuwi asipat langgeng. Rasul Paulus nerangake bab kepriye kahanane wong-wong sing katangikake ing pungkasaning jaman. Bab kuwi wigati katerangna amarga ana wong-wong sing ora ngandel bab tangine wong mati.

Bab tangine wong mati digambarake kayadene wit-witan kang katandur ing lemah. Wujude wit kang thukul kuwi mesthi beda karo wujude winih sing ditandur. Mangkono uga bab tangine wong mati, ora manganggo badan kadonyan maneh ananging badan kaswargan. Kamulyane badan kaswargan iku beda karo kamulyane badan kadonyan. Kayadene Sang Kristus, Panjenengane nglampahi seda ing sajroning kanisthan, ananging kawongakake ing sajroning kamulyan.

Piwucal bab tangine raga lan urip langgeng iku ngatag wong sing urip neng alam donya supaya ora sembrana uripe. Kudu tansah kumandel ing Gusti lan netepi apa kang dikersakake dening Gusti. Sanadyan urip neng donya iki mung sawetara ananging kudu dilampahi kanthi prayoga kagem kaluhurane Gusti. |*ER

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ