+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 2 April 2024 Minggu Paskah I

Purwaning Dumadi 1:20-2:4a; Jabur 118:1-2, 14-24; I Korinta 15:50-58

KANGELANMU MESTHI ORA MUSPRA

“Mulane para sadulurku kang kinasih, kowe padha dibakuh,

ditanpa gingsir, lan tansah disregep anggonmu nglakoni ayahane Gusti!

Awit kowe paha sumurup, yen ana ing patunggilaning Gusti,

Kangelanmu mesthi ora muspra” (I Korinta 15:58)

Tembung muspra kuwi tegese tanpa guna utawa tanpa tanja. Iba gelane manawa wis nyambut gawe kanthi temen ananging ora ana kasile. Kangelan lan pambudidaya mau dadine bisa kaanggep muspra. Contone, neng pekarangane tanggaku ana wit nangka sabrang utawa sirsak. Nganthi suwe anggone tanggaku kuwi ngenteni kapanane bisa metik kasile, nanging anane mung gela awit saben-saben kembang ora bisa dadi woh. Sidane, wit nangka sabrang kuwi ditegor amarga kaanggep tanpa guna.

Mangkono uga bab urip kita. Urip iku ora gampang, nanging butuhake pambudidaya. Wiwit lair nganthi diwasa kepara tuwa, mbutuhake perjuangan. Urip iku akeh rekasane. Mulane eman-eman manawa urip sing wis direwangi rekasa kuwi orang bisa ngasilake apa-apa. Gusti Allah anggone nitahake manungsa kuwi supaya bisa netepi timbalane, yaiku ngupadi urip sing apik, ora mung kanggo awake dhewe ananging uga kanggo titah liyane.

Ing babagan urip karohanen, manungsa uga ngarep-arep kasile, yaiku kaslametan lan urip kang langgeng. Rasul Paulus nandesake, piandel lan pangarep-arep ing Sang Kristus Yesus iku yekti ora muspra. Awit Gusti Allah kepareng maringi kaunggulan saka ing pati dhateng para kagungane.  Mulane, anggone kita pracaya ing Gusti Yesus iku kudu bakuh, ditanpa gingsir, lan sregep nglakoni ayahan saka ing Gusti.

Bab nglakoni ayahan saka ing Gusti kuwi mesthine ya ora gampang, akeh pepalange. Namung bae, tetep kudu dilakoni kanthi tumemen, aja gampang bosen, aja gampang mutung, aja gampang semplah. Rasul Paulus dhewe wis mbuktekake sejatine, ana ing patunggilane Gusti iku kangelan kita mesthi ora muspra. |*ER

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ