Mustikaning Kidung 3:1-11; Jabur 118:1-2, 14-24; Markus 16:1-8
LUMANTAR PARA SAKABAT
“…Sawuse iku Yesus piyambak lumantar para sakabat martakake saka wetan nganti tekan kulon pawarta kang suci lan kang ora bakal kena kasirnakake, bab pawartaning karahayo kang langgeng” (Markus 16:8)
Kidung Pasamuwan Jawi angka 439, kapratelakaken kekidungan ingkang endah, suraosipun:
Ing jagad kang peteng krana dosa, kathah tyang kang nggresula
Karana panandhang samya nggresah miwah semplah ing manah
Sumangga Gusti, ngagem kawula …
Nalika kita ngrepekaken kekidungn punika, lajeng matur “Sumangga Gusti, ngagem kawula”, punapa saestu kita sumadya dipun agem dening Gusti?
Lumantar waosan Injil dinen punika, mliginipun aya 8, kita kaengeaken malih dhateng timbalan minangka para pendherekipun Gusti. Gusti Yesus nimbali para sakabatipun lan para pitados ndherek makarya mbabaraken kawilujengan. Pranyata ing waosan kita, Gusti Yesus lumantar para sakabatipun mbabarken saking wetan dumugi kilen pawartos ingkang suci bab karahayon ingkang langgeng.
Ing jaman samangke, ayahan martosaken kawilujengan punika dados tanggel jawab kita sami minangka para pendherekipun Gusti Yesus. Mila, boten cekap manawi kita namung ngrepekaken kekidungan ingkang endah kados ing nginggi punika. Punapa ingkang kita kidungaken punika kedah kita cakaken ing gesang padintenan. Kadospundi kita sami purun nyaosaken gesang sawetahipun dipu agem dening Gusti kangge nindakaken punapa ingkang dados karsanipun. Dados pirantos punika tegesipun purun manut, mbangun turut sakarsane Gusti Allah. Manawi kita taksih nengenaken pamanggih lan pepenginan piyambak, ateges dereng saestu sumadya dipun agem dados pirantosipun Gusti. Sumangga sami martosaken Injil Suci. Kanthi mekaten, Gusti Yesus piyambak lumantar kita martosaken karahayon ingkang langgeng amrih kawilujenganing jagad. |*ER