+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 30 Maret 2024 Sabtu Sunyi

Kidung Pangadhuh 3:1-9, 19-24; Jabur 31:2-5, 16-17; I Petrus 4:1-8;
Mateus 27:57-66

NYINGKUR PEPENGINANING DAGING

“Dadi sarehne Gusti Yesus Kristus wis nglampahi sangsara kadagingan,

mulane kowe iya sikepa gegaman pikiran mangkono, amarga sapa kang

wis nandhang sangsara kadagingan iku wis mareni anggone ngalakoni dosa, supaya wektu kang isih ana, aja kokanggo nuruti kepencuting manungsa, nanging mituhu marang ing karsaning Allah” (I Petrus 4:1-2)

Ngendhaleni dhiri punika langkung angel tinimbang ngendhaleni lembu punapa jaran. Awit ngendhaleni dhiri punika kedah mepes hawa nepsuning dhiri. Pepenginan daging punika saged bekta manungsa dhateng kalepatan lan karusakan, ingkang ndadosaken asoring budi.

Rasul Petrus paring pepenget supados para pitados kedah asikep gegamaning kautamaning gesang. Gesanging pamblasar ingkang kawengku ing dosa kedah katilar, abota kados pundi estu kedah katilar. Jumbuh kaliyan pakaryanipun Sang Kristus ingkang sampun paring kasucening gesang dhateng manungsa. Sampun ngantos kapencut malih dhateng pepenginaning daging. Sabab tiyang ingkang sampun nampi sih-rahmatipun Gusti punika kedah njagi berkah punika. Gesangipun kedah kajumbuhaken kaliyan karsanipun Gusti. Pambirat pambesoting Allah dhateng para kagunganipun katampia lan karegema minangka piandeling gesang. Piandeling gesang punika saged kangge mbengkas pepenginan daging lan migunakaken wekdal punika kangge ngluhuraken Gusti.

Praharaning gesang ingkang tinempuh ndadosna sansaya kekah lan kiyat. Pamepering dhiri saking pamblunthahing gesanging kadagingan lan kaunggulaning gesang saking hawa nepsu kaunjukna ing ngarsa Dalem Gusti minangka wujud pangibadah ingkang sejati. Dadosa tuladha mring sesami bilih gesangipun tansah wonten ing salebeting kasucening Allah. Gesangipun namung midherek karsa lan panuntunipun Gusti Allah ing Sang Kristus Yesus. Ugi kanthi pitados bilih wonten ing Panjenenganipun badhe tansah kaparingan kaunggulan sarta berkah tentrem rahayu ingkang langgeng sampurna. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ