+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 29 Maret 2024 Jemuwah Adi

Yesaya 52:13-53; Jabur 22; Ibrani 10:16-25; Yokanan 18:1-19

SINERAT ING LOHING MANAH

“Sabab sawuse Panjenengane ngandika: “Iki prajanjian kang bakal Sunanakake karo wong-wong iku, sawuse wektu iku,” Panjenengane banjur ngandika maneh: “Ingsun bakal maringi angger-anggeringSun

ana ing atine, sarta Sunserat ana ing budine,  sarta Ingsun

ora ngenget-enget maneh marang sakehing

dosa lan panerake” (Ibrani 10:16-17)

Tiyang ingkang mangretosi ancas tujuaning lampah badhe ngraosaken tentrem awit mangretosi margi ingkang dipun tuju. Beda kaliyan tiyang ingkang dereng mangertos papan ingkang badhe dipun tuju, wonten raos was sumelang, punapa saged dumugi papan ingkang dipun tuju utawi malah kesasar.

Serat Ibrani 10:16-25 nedahaken sepinten agenging katresnanipun Gusti Allah dhateng sagung tumitah punika. Gusti Allah mboten badhe ngetang malih sadaya dosa kalepatanipun. Pakaryaning pangluwaran saking pamengkuning dosa punika katindakaken sapisan kangge ing salaminipun. Gusti inggih badhe paring prajanjian anyar kangge para pitados. Gesangipun badhe katuntun dening Sang Roh Suci. Gusti paring margi ingkang anyar kangge lumampah ngener ing tentrem rahayu. Margi punika inggih namung wonten ing Sang Kristus ingkang sampun nandhang sangsar, seda lan wungu malih ngawonaken pati. Inggih Panjenenganipun punika ingkang dados marginipun, tan wonten margi sanesipun ingkang tumuju dhateng tentrem rahayu. Awit saking punika kanthia tumemen, katulusaning lampah lan kapitadosan samia kumandel ing panuntunipun Gusti. Paugeranipun Gusti sampun sinerat ing lohing manah para kagunganipun. Lampahing para kagunganipun Gusti badhe tansah lestari awit katuntun ing paugeran sarta sihipun Gusti Allah nyrambahi dhateng sadaya titahipun ingkang nampi prasetyanipun. Iba bingahipun yen punapa ingkang kedah dipun lampahi sampun sinerat ing lohing manah lan budi. Kanthi makaten pangangen-angening gesang lan lampah kita tinunggil ing Gusti Allah. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ