+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 28 Maret 2024 Kamis Pethak

Pangentasan 12:1-14; Jabur 116:1-2, 12-19; I Korinta 11:23-26;
Yokanan 13:1-17, 31b-35

KATRESNAN MARANG GUSTI

“Aku tresna marang Sang Yehuwah awit miyarsakake swaraku lan panyuwunku,  sarta talingane nilingake aku, mulane sajegku urip aku bakal nyebut marang Panjenengane” (Jabur 116:1-2)

Tiyang mesthi badhe nindakaken punapa kemawon dhateng ingkang dipun tresnani. Pramila wonten ukara: Katresnan kuwi abot sanggane. Inggih awit katresnan punika kababar kanthi pangurbanan. Pangurbanan punika saged awujud bandha, penggalihan, lampah utawi panindak malah kepara nyawa.

Dhasaring katresnan kita inggih namung pakaryan katresnanipun Gusti Allah ing Sang Kristus. Inggih ingkang sampun mbirat dosa lan nucekaken kita. Kanthi katresnan pangurbananipun ingkang katindakaken awit katresnanipun dhateng sagung tumitah punika Gusti kepareng manjalma dados manungsa saha tumedhak ing bumi. Thedakipun paring piwucal, inggih paring tuladha, ingkang ngedab-edabi tumrap pamawasing manungsa punika. Panjenenganipun pindha abdi ngladosi manungsa, lan ngetohaken nyawanipun kangge nebus manungsa. Sadaya pakaryanipun punika estu awit sihipun dateng sadaya tumitah punika. Sadaya punika satunggaling kasunyatan ingkang tumrah dhateng manungsa supadosa sami mratobat, malah nampeni warisaning kaswargan inggih gesang langgeng. Nalikaning gesang ingkang kapadhangan lan kebak ing berkah inggih awit Gusti Allah ingkang miyarsakaken pasambat lan panyuwun sarta pamaturnuwun ingkang saestu mbingahaken kados kekidunganipun Juru Masmur punika. Sajegku urip arep tansah memuji asma Dalem Gusti lan babaraken pakaryanipun supados manungsa samia mangertosi lan pitadosa dateng pakaryanipun.

Mekatena ugi katresnan kita dhumateng Gusti Allah, inggih katresnan ingkang tulus ing batos. Gesang ingkang tansah nindakaken dhawuh sarta pranatanipun Gusti awit saestu kita sampun nampi kaluberaning berkah lan kawilujengan saking Allah. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ