Yesaya 50:4-9a; Jabur 70; Ibrani 12:1-3; Yokanan 13:12-32
SAMEKTA GATI NINDAKAKEN DHAWUH ADI
“Payo padha kita lakoni kanthi mandeng marang Gusti Yesus,
kang nuntun kita ing sajroning pracaya sarta kang ngasta pracaya kita marang kasampurnan, kang ora ngetang kanisthan manggul salib kalayan mantep, sulihing kabungahan kang kacawisake kagem Panjenengane kang samengko lenggah ana ing tengening dhampare Gusti Allah”
(Ibrani 12:2)
Kita mbetahaken gesang ingkang tansah samekta ing gati, lan estu sadaya kedah samekta gati malah ing sadaya prakawis. Samektaning gati punika kedah kakanthenan tulusing manah lan lampah panindakipun. Boten sangga-runggi, ingkang baken sumadya ing gawe. Ingkang baken ingkang katindakaken namunga awit kagem kaluhuraning Gusti lan kasaenaning sesami. Tan suwala awit punika jumbuh kaliyan karsa lan pitedahipun Gusti Allah agesang.
Wonten ing serat Ibrani 12:1-3; kapratelakaken bab pabalapan ing nindakaken punapa ingkang sae tumraping gesang wonten ing Sang Kristus Yesus. Supados sadaya panindak punika katingal ing gesanging para pandherekipun Gusti Yesus. Malah panindak punika minangka paseksi pakaryaning Gusti Yesus Kristus. Inggih pakaryan bab anggenipun ngluwari manungsa saking pamengkuning dosa. Mbok bilih tumraping tiyang sanes punika kanisthan tanpa gina, ananging tumraping para pandherekipun Gusti Yesus punika mujudaken satunggaling kaluhuran ingkang sejati, kepareng ndherek manggul salib ingkang mbekta karahayoning agesang ingkang sampuna ing patunggilanipun Gusti Yesus.
Gesang ing Sang Kristus punika langkung utami, awit ing ngarsanipun punika kebak ing sih lan kadarman, kebak ing pangajeng-ajeng. Yen dipun wewada asanes malah sansaya nyantosakna gesang kapitadosan, lan sageda dados margining tiyang sanes punika mangertosi endahing pakaryan ing salebeting Sang Kristus. Tansaha samekta nindakaken sakarsanipun Sang Kristus murih jagad kebak ing tentrem rahayu. Amin. |*AK