Yesaya 49:1-7; Jabur 71:1-14; I Korinta 1:18-31; Yokanan 12:20-36
GUSTI PEPARANG SANTOSA
“Paduka mugi karsaa dados redi parang tumrap kawula, dados
papan pangauban kawula, saha beteng ingkang milujengaken kawula, awit inggih Paduka punika ingkang dados redi parang
tuwin beteng kawula.” (Jabur 71:3)
Gregeding lampah punika betahaken daya linuwih, betahaken tetamenging gesang. Tameng ingkang saged dipun andelaken inggih punika tameng ingkang rosa, ingkang saged dados piandeling gesang. Tameng ingkang saged kajagekaken rikalanipun hangadepi sarupining bebaya lan pepalanging gesang.
Juru Masmur mitadosi bilih Gusti Allah punika minangka piandel ing gesangipun. Wiwit taksih alit mila piyambakipun tansah kumandel dhumateng Gusti. Kumandelipun inggih awit mangertosi lan anggenipun tansah ngraosaken sih pitulunganipun Gusti ing gesangipun. Malah awit anggenipun pitados kaaturaken wonten ngarsa Dalem Gusti bilih wiwit ing kandhutan mila anggenipun memuji Gusti awit saking kaelokaning pakaryanipun. Juru Masmur tansah sumendhe ing sauruting gesangipun. Ngantosa sepuh Gusti Allah boten nilaraken piyambakipun. Juru Masmur ngrumaosi bilih ing yuswa sepuh punika badanipun sansaya ringkih, boten saged nindakaken kathah pandamel kados rikala taksih anem. Awit saking punika Juru Masmur mratelakaken panyuwunanipun, supados Gusti boten nilar piyambakipun. Makatena piyambakipun boten badhe nebih punapa malih nilaraken Gusti Allah. Juru Masmur nggadahi sesantining gesang bilih badhe tansah ngantepi ing pangajeng-ajeng saha mindak-mindak anggenipun tansah hangluhuraken Gusti Allah. Mekaten ingkang badhe katindakaken ing sauruting gesangipun.
Sumangga tangsah pitados bilih kawilujengan, kasantosan, katentreman punika namung wonten ing Gusti Allah, tetameng ikngkan santosa. Kanthi ndada bilih gesang punika kebak kakirangan lan karingkihan, ndadosna sansaya rumaket sarta kumandel ing ngarsa Dalem Gusti. Amin. |*AK