+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 25 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah VI

Yesaya 42:1-9; Jabur 36:5-11; Ibrani 9:11-15; Yokanan 12:1-11

GUSTI NUNGGIL DHATENG KANG REMPU ATI

“Rayung kang pepes tumelung ora bakal kakethok, tuwin uceng-uceng

kang melik-melik ora bakal dipateni, nanging iku bakal ngundhangake kabeneran kalawan setya…” (Yesaya 42:3-4)

Yen gesang ngraosaken sayah, nggih perlu nggaso, lerem sawetawis. Lerem saperlu naliti, nggegalih gesanging diri lan kawontenan gesang sarta lampah ingkang sampun katindakaken. Punika katindakaken supados saged nata diri malih, saged nambah wawasaning gesang punika supados saged lumampah malih salajengipun kanthi panggalihan, pakaryan ingkang saestu tumuju ing kasaenan. Awit kanthi mekaten saged nggayuh gegayuhaning gesang punika. Punapa malih  gesangipun saged kajumbuhaken kaliyan pakaryan, pitedah sarta karsanipun Gusti, ingkang minangka pepajaring gesang ugi tuking berkah sarta kakiyataning gesang. Gesangipun saged ndada bilih badanipun ringkih lan nyawa namung cumadhang dateng berkahipun Gusti. Gesang kedah kakanthenan pandonga lan tansah jumaga supados saged kalis saking goda rencana lan bilahi.

Nabi Yesaya mratelakaken bilih Gusti Allah paring kakiyatan lan pangluwaran. Gusti Allah badhe tansah nyatosakaken. Gusti badhe paring sih pitulung lumantar para ingkang sampun kapiji nindakaken sadaya karsanipun murih karaharjan, lan kasaenan gesang sagung titahipun. Ingkang pinilih, inggih ingkang kaparingan panguwaosipun, piniji ngundhangaken kayekten tentrem rahayunipun Gusti Allah.

Wonten ing Sang Kristus Yesus punika kababar. Saestu Gusti Yesus nyantosakaken tiyang ingkang setya lan pitados dateng Panjeneganipun. Gusti Yesus ingkang kautus nindakaken prasetyaning Allah, ugi ingkang mbirat dosa, nyantosakaken, nentremaken sarta paring pamawasing gesang tumuju dhateng tentrem rahayu. Wonten ing Sang Kristus sadaya sami saged hangraosaken sih-palimirma, sarta kamulyaning gesang ingkang saestu anjog ing kasampunan ingkang sejati, ingkang ngayemaken ing gesang. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ