+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 23 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah V

Yeremia 33:10-16; Jabur 118:1-2, 19-29; Markus 10:32-34, 46-52

GUSTI BADHE MULIHAKEN UMATIPUN

“He abdiningsun Yakub, sira aja wedi – mangkono pangandikane

Sang Yehuwah – he Israel, sira aja miris! Amarga lah Ingsun

ngluwari sira saka ing panggonan adoh, lan turunira saka ing

nagaraning pambuwangan. Yakub bakal mulih lan uripe

bakal jenjem lan tentrem, ora ana kang ngeget-egeti”

(Yeremia 30:10)

Tiyang ingkang ngraosaken pepes ing manah saged kecalan arah lan tlanjering gesangipun. Gesangipun sampun kecalan pangajeng-ajeng. Rumaos sampun telas anggenipun budidaya, sampun cunthel kecalan gesang. Perkawis punika asring kadadosan wonten gesang. Ugi tansah ngraosaken sampun abot, rumaos kijenan, boten wonten tiyang ingkang perduli, malah saged ugi ngraosaken bilih Gusti nilaraken piyambakipun.

Pangandikanipun Gusti ing wanci punika nedahaken Gusti Allah paring prajanji bilih Panjenenganipun badhe mulihaken gesang umatipun dados kebak ing katentreman lan karaharjan, kumandhanging kutha badhe wonten malih. Nabi Yeremia nedahaken bilih Gusti Allah punika Allah ingkang asih mirrma, sih-susetyanipun langgeng ing salaminipun, boten ewah gingsir dhateng umatipun.

Gusti Allah boten nate nilar pakaryanipun, boten nate nilah para titahipun, ananging estu bilih Panjenenganipun tansah njangkung lan mitulungi kados ingkang kaprasetyakaken lumantar para nabinipun Gusti punika. Awit saking punika ugi para umat kedah tansah caos urmat lan pamaturnuwun ing sadaya lampahing gesangipun. Gesang kanthi tansah nuhoni prasetyanipun Gusti Allah. Gusti Allah saestu nuwuhaken kaadilan lan nindakaken kaadilanipun sarta kayekten ing gesanging sagung tumitah punika. Sadaya katindakaken murih kababara tentrem-rahayu ing jagad.

Minangka para kagunganipun Gusti Allah lan minangaka para ingkang pitados lan mitadosaken gesangipun ing pamengkuning sihipun Gusti Allah mesti badhe tansah lestari, boten badhe kecalan pangajeng-ajenging gesang. Awit sampun mangertosi sinten ta Gusti Allah punika ingkang kepareng mbabar pakaryanipun wonteng ing Sang Kristus Yesus. Amin, AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ