+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 22 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah V

Yeremia 33:1-9; Jabur 118:1-2, 19-29; Filipi 2:12-18

GUSTI TANSAH NUNTUN

“Padha saosa pamuji sokur marang Pangeran Yehuwah,

awitdene Panjenengane iku sae! ujer sih-kadarmane iku

langgeng ing salawas-lawase.” (Jabur 118:1)

Limrahipun tiyang agesang punika namung bab anggenipun nampi panandhang, pacoben ing gesangipun. Ingkang kathah pinanggih inggih bab pepalang sarta rubeda, panandhanging gesang malah kadang-kala panggresahipun ingkang kaaturaken. Umpami  wonten kabingahan utawi kauntunganing gesang dipun dada bilih punika saged kasembadan inggih awit anggenipun mbudidaya ingkang sakalangkung saking tiyang sanes malah kepara bilih punika wujud kaunggulaning gesangipun.

Juru Masmur mratelakaken bilih manungsa kedah tansah angluhuraken Gusti Allah ingkang tansah ngluberaken berkahipun malah berkah ingkang langgeng ing salamminipun. Panjenenganipun boten ewah gingsir, tetep ing prasetyanipun anggenipun tresna dhateng sadaya titahipun jumbuh kaliyan pakaryanipun engkang endah. Sadaya tansah sae ing ngarsanipun Sang Yehuwah Allah. Sadaya titah wonten ing paningalipun, kadulu sadaya mboten badhe kasamadan. Kaadilanipun jejeg boten nate ewah. Awit saking punika ing salebeting gesang punika kedah tansah ngupaya karsa lan panuntunipun Gusti Allah. Bilih kayekten ingkang sejati mijilipun namung saking Gusti Allah, inggih Sang Yehuwah ingkang nyipta lan mranata gesang sagung titah punika. Juru Masmur ngatag umat tansah caos sokur awit Gusti Allah punika sae lan sih kadarmanpun langgeng salaminipun.

Gusti Allah tansah sumadya nunggil lan mitulungi, awit saking punika samia ngusi ing Panjenenganipun. Gusti badhe ngudaneni pasambat lan panyuwunanipun para kagunganipunIngkang tansah pitados lan mitadosaken gesanganipun wonten Ngarsa Dalem Sang Yehuwah. Payo tumungkul sujud ing ngarsa Dalem Gusti Allah awit dene namung Panjenenganipun ingkang saged paring tentrem rahayu raharjaning gesang ingkang sampurna. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ