+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 21 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah V

Pangandharing Toret 16:1-8; Jabur 118:1-2, 19-29; Filipi 2:1-11

NUNGGIL ING SANG KRISTUS

“Ing sajroning Sang Kristus iku ana pepeling, ana panglipuring katresnan,

ana patunggilaning Roh, ana sih-katresnan lan piwelas.”

(Filipi 2:1)

Gesang tetunggilan mbetahaken pamawas ingkang luhur, ingkang dados margining sesambetan ingkang sae. Awit ingkang dipun tengenaken inggih punika kabetahaning sesarengan. Perangan punika kados ingkang dipun ngandikakaken dening Gusti, supados gesang punika migunani mring sesami minangka wujuding katresnan ingkang sejati.

Katresnanipun Sang Kristus ingkang sampun katampi kedah maujud ing sawetahing gesang; inggih gesang tata batos utawi karohanen ugi tata badan utawi tata gelar lampahipun gesang punika. Pitados maujud ing tata gelar ingkang jumbuh kaliyan kapitadosanipun. Sang Kristus Yesus ingkang dipun pitadosi ingkang kawarna ing lampahing gesang.

Rasul Paul nedahaken bilih gesang ing Sang Kristus punika gesang ingkang manunggil kaliyan Panjenenganipun. Katedahaken bilih ing Sang Kristus wonten pepeling, panglipuran, patunggilaning Roh, sih-katresnan sarta piwelas. Sadaya punika kedah kawarna, katingal ing gesang para pandherekipun. Inggih gesang ingkang cundhuk kaliyan pakaryanipun Gusti Yesus Kristus, inggih minangka Gusti Allah, Guru lan enering lampah punika. Gesang ingkang ngaosi sesami jumbuh kaliyan punapa ingkang katindakaken Sang Kristus ing pakaryaning kawilujengan kanthi nilar kamulyanipun ing swarga, nyamirupi dados manungsa. Inggih murih jagad nampenana sih-rahmat sarta tentrem rahayu.

Gesang kita kawengkua ing Gusti Allah ingkang kepareng mbabaraken pakaryanipun lumantar gesang kita. Nunggil ing Sang Kristus inggih punika nampi sih-rahmat lan tentrem rahayunipun nanging ugi nampi tanggel-jawab mbabaraken sih-rahmat lan tentrem-rahayunipun punika ing gesang kita. Punapa ingkang wonten ing Sang Kristus estu kedah kawarna, katindakaken sarta kalampahan ing gesang kita sestu sedaya murih kaluhuranipun Allah. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ