+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 4 April 2024 Minggu Paskah I

Dhaniel 1:1-21; Jabur 133; Lelakone Para Rasul 2:42-47

SETYA LAN MITUHU

“Dhaniel niyate ora bakal najisake awak nganggo

omben-omben saka kedhaton.” (Dhaniel 1:8a)

Wong wadon jaman saiki akeh sing nglakoni diet, rekane kepengen awake langsing. Ning kasunyatane, akeh sing ngrasakake nek diet kuwe angel dilakoni. Pancen wong sing diet kuwi kudu disiplin njaga pola makan, istirahat karo olah raga. Tumrap wong sing nglakoni diet akeh godhane, panganan utawa omben-omben sing enak.

Tumrap wong Yahudi ana sawetara panganan lan omben-omben sing kudu disirik namung ora amarga diet. Bab kuwi kanggo netepi dhawuhe Gusti supaya njaga kasucening urip minangka umat kagungane Gusti Allah.

Nalika wong Yahudi kabuwang ing negari Babil, Prabu Nebukadnezar paring dhawuh supaya golet nom-noman saka golongan bangsawane bangsa Yahudi, supaya kasiapake dadi para abdine Raja. Ing antarane kuwi nom-noman kang karan Dhanel, Hananya, Misael lan Azarya. Nom-noman sing kapiji kuwi kudu diwulang werna-werna bab pamarentahan lan kawasisan liyane. Kajaba iku, sakabehe kudu diparingi dhaharan lan anggur kayadene unjukane Sang Prabu. Bab kuwi katindakna supaya awake padha sehat bregas.

Tumrap Dhanel, bab kuwi ora trep karo atine. Dhaniel kuwi wong enom sing mituhu marang Allahe, mula ora gelem najisake awake karo panganan lan omben-omben kuwi. Dhaniel lan kanca-kancane nyuwun supaya ulih mung mangan sayur-sayuran lan wedhang putih bae. Gusti Allah mitulungi para abdine kang setya lumantar Aspenas, panggedhene para pagawe, satemah Dhanel lan kanca-kancane ora najisake awake.

Kasetyane Dhaniel marang Gusti Allah kuwi dadi conto tumrape wong pracaya ing jaman saiki. Wong pracaya ora kepareng madha rupa karo jagad utawa kompromi karo jagad. Wong pracaya kudu setya lan mituhu marang Gusti. Sanadyan angel lan akeh pepalange, Gusti Allah mesti mitulungi kayadene Panjenengane mitulungi Dhaniel. |*ER

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ