+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 5 April 2024 Minggu Paskah I

Daniel 2:1-23; Jabur 133; Lelakone Para Rasul 4:23-31

DAYANING PANDONGA

“Nalika padha ndedonga iku, panggonane kumpulan banjur horeg,

sarta kabeh kapenuhan ing Roh Suci, tuwin tumuli padha

martakake pangandikaning Allah kalawan kendel”

(Lelakone Para Rasul 4:31)

Minangka tiyang Kristen, panjenengan punapa ngraosaken ajinipun pandonga? Pandonga punika nelakaken kapitadosan lan sesambetan kita kaliyan Gusti Allah. Pandonga punika kedah kaunjukaken kanthi saestu. Ndedonga punika sampun ngantos namung katindakaken minangka rutinitas utawi formalitas kemawon. Awit punika nedahaken bilih pandonga kita namung lamis. Pandonga ingkang lamis punika temtunipun badhe muspra, boten wonten ginanipun.

Sumangga sinau ndedonga kadosdene para rasulipun Gusti ing waosan dinten punika. Nalika ngadhepi pepalang lan kaprihatosan, para pitados punika sami sesambat dhumateng Gusti. Sadaya ndedonga sesarengan kanthi manah ingkang tulus lan ngener dhumateng Gusti. Pandonga punika dipun unjukaken kanthi saestu, mila Sang Roh Suci kepareng makarya ing satengahing para pitados. Pakaryanipun Sang Roh Suci punika sanes namung ndadosaken papan anggenipun sami kempalan punika horeg. Sang Roh Suci makarya paring kakendelan ing manahipun para rasul lan para pitados. Kanthi mekaten, sadaya tansah martosaken Injil kanthi kendel, boten giris dhateng ancaman lan pepalang.

Pandonga ingkang dipun unjukaken kanthi saestu punika dados daya kekiyataning para pitados anggenipun ngadhepi rupi-rupi pepalang ing gesang. Pandonga punika boten ngrampungaken prekawis ing gesang. Ananging kanthi ndedonga, Sang Roh Suci makarya ing manah lan gesang kita, mitulungi kita satemah saged ngadhepi lan ngrampungaken prekawis-prekawis punika. Pramila para sadherek, sumanga tansah ndedonga kanthi tulus lan gumolonging manah supados saged ngraosaken lan mbuktekaken dayaning pandonga punika. |*ER

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ