+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 6 April 2024 Minggu Paskah I (Pethak)

Dhaniel 2:24-49; Jabur 133; Yokanan 12:44-50

BERKAH TUMRAP ING PASEDHEREKAN

“Awit iya ana ing kono Pangeran Yehuwah anggone

ndhawuhake berkah lan urip nganti ing salawase.”

(Jabur 133: 3b)

Wonten satunggal prekawis ingkang ngeramaken ing waosan kita. Gusti Allah remen nalika mirsani kita sami saestu rumaket ing pasedherekan, wonten ing satengahing brayat mekaten ugi ing satengah pasamuwan. Mendahnea menawi ing antawisipun bapa, biyung, lare dalah sedaya peranganing brayat mujudaken gesang bebrayatan ingkang rukun lan guyub. Pasedherekan punika estu endah lan elok sarta nengsemaken penggalihipun Gusti Allah. Pramila Gusti badhe mbabar berkah lumintu ing satengahing brayat. Punapa punika awujud berkah sacara karohanen, mekaten ugi berkah sacara kajasmanen.

Pasedherekan ingkang rumaket ing satengahing pasamuwan kawujudaken kanthi sesambetan ingkang semanak, ingkang boten mbedak-mbedakaken suku, umur dalah status sosial. Punika minangka pasedherekan sejati ingkang tanpa mbeda-mbedakaken. Kanthi mekaten, Gusti Allah badhe ndhawuhaken berkah kangge warganing pasamuwan. Punapa punika berkah awujud kapitadosan ingkang sangsaya kandel, sesambetaning umat ingkang sangsaya raket, mekaten ugi berkah mirunggan miturut kabetahanipun piyambak-piyambak.

Boten namung ing satengahing gesang bebrayan saha ing pasamuwan kemawon. Kita sami ugi kadhawuhan mujudaken pasedherekan ing satengahing masyarakat. Kita sami kabereg supados manjing ajur ajer ing satengahing masyarakat kanthi tetembungan, sikep saha tumindak ingkang prayogi. Kasagedna kita sami grapyak lan semanak dhateng sesami ing lingkungan kita. Gusti Allah badhe ngrumentahaken berkah tentrem rahayu ing satengahing gesang bebrayan ageng ing masyarakat.

Sedaya punika minangka timbalan kangge kita sami, dados pelopor anggen kita sami badhe mujudaken pasedherekan ingkang elok lan endah ing papan pundi kemawon. Gusti mberkahi! I *OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ