+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 7 April 2024 Minggu Paskah II (Pethak)

Lelakone Para Rasul 4:32-35; Jabur 133; 1 Yokanan 1:1-2:2;
Yokanan 20:19-31

SANGKUL SINANGKUL

“…Sabab ora ana wong siji-sijia ing panunggalane kang kekurangan, amarga kabeh wong kang duwe palemahan utawa omah,

 iku padha diedol, pepayone digawa diladekake marang ing ngarsane

para rasul, banjur diedum-edum marang saben wong,

 manut kabutuhane.” (Lelakone Para Rasul 4: 34-35)

Gesangipun pasamuwan ingkang wiwitan punika saestu endah lan elok. Pasamuwan wiwitan punika tansah nindakan “3B“ inggih punika ‘belajar’, ‘bersekutu’ saha ‘berbagi.’ Pasamuwan nggadahi adreng anggenipun sami sinau babagan sabdanipun Gusti lumantar piwulangipun para rasul. Pasamuwan ugi sengkut anggenipun sami manunggal kanthi guyub ing kempalan pangibadah sesarengan. Lan pasamuwan ugi remen andum katresnan satunggal lan satunggalipun satemah sedaya sami kacekapan sacara kajasmanen. Kanthi mekaten, pasamuwan boten namung nggayuh indhaking kapitadosan ananging ugi sami ngrengkuh ing pasedherekan.

Tuladha saking pasamuwan wiwitan punika njurung kita sami supados mujudaken gesang sangkul-sinangkul, boten namung ing tata lair lan ing pangucap kemawon. Sumangga kita titipriksa kanthi wening. Asring sanget ing satengahing pangibadah, tiyang sugih jejeran lenggahipun kaliyan tiyang ingkang kesrakat. Tiyang sugih wau nggadahi raja brana saha kathah akses informasi dalah ekonomi. Wondene jejeripun wau kosokwangsulipun. Tiyang kekalih wau ngidung sesarengan ananging cengkah kawontenanipun ing gesang. Pramila, mendah elokipun menawi kita sami mbudidaya supados wonten program ingkang munpangati, ingkang mujudaken sesambetaning antar warganing pasamuwan (channeling). Tiyang sugih saged mbabar katresnan, wondene tiyang ingkang kirang mampu saged ngraosaken berkah lumantar paringanipun akses saking sedherek sapatunggilan wau. Sumangga kita sami gumregah mujudaken pasedherekan jati ingkang sangkul-sinangkul ing satengahing pasamuwan. Gusti mberkahi! I *OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ