+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 8 April 2024 Minggu Paskah II (Pethak)

Dhaniel 3:1-30; Jabur 135; I Yokanan 2:3-11

KAPITADOSAN JATI

“…nanging saupami boten, gusti kawula sami karsaa nguningani,

bilih kawula sami boten badhe memuja dhateng dewanipun

 gusti kawula, saha boten badhe nyembah reca kencana ingkang kaadegaken dening gusti kawula punika” (Dhaniel 3: 18)

Pawon murub! Sinten ingkang boten purun memuja dhateng dewaning Prabu Nebukadnezar saha boten nyembah reca kencananipun, badhe kacemplungaken dhateng pawon murub! Wondene Sadrakh, Mesakh, lan Abednego, boten purun nindakaken sedaya wau! Tetiganipun lajeng kalebetaken ing pawon murub! Elokipun, Sadrakh, Mesakh, lan Abednego boten ngraosaken benter lan ugi boten ketaton! Puji Gusti, Panjenenganipun kepareng mitulungi tetiganipun satemah uwal saking cilaka awit kacemplungaken pawon murub wau!

Ingkang narik manah, Sadrakh, Mesakh saha Abednego negesaken kapitadosanipun dhumateng Gusti kanthi pangucap ingkang elok! Sinaosa Gusti boten mitulungi, tetiganipun tetep boten badhe memuja dewanipun sang Prabu saha boten badhe nyembah reca kencananipun. Punika minangka wujuding kapitadosan jati ingkang tulus lan tuhu. Sanes kapitadosan ingkang nggadahi pamrih lan asipat ‘transaksional.’ Dipun tulungi utawi boten, tetiganipun tetep namung badhe atur sembah pangabekti dhumateng Gusti Allah! Mendahnea elokipun!

Pangucapipun tiyang tetiga wau estu ndhodhog manah kita sami minangka tiyang pitados supados nggadahi kapitadosan jati, wonten ing sedaya kawontenan, dalah menawi kita saweg ngadhepi ancamaning bebaya. Punika wujuding raos katresnan ingkang sayektos dhumateng Gusti. Bilih pejah gesang ndherek Gusti Yesus! Raos katresnan ingkang tulus lan boten nggadahi etang-etangan kaliyan Gusti. Boten ‘transaksional!”

Kita lajeng kemutan pangandikanipun Gusti ing Mateus 10: 39: “Sing sapa ngeman nyawane, bakal kelangan nyawane, lan sing sapa kelangan nyawane marga saka Aku, iku bakal nampeni nyawane.” I *OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ