+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 9 April 2024 Minggu Paskah II (Pethak)

Dhaniel 6:1-8; Jabur 135; I Yokanan 2:12-17

ROH KANG PINUNJUL

“Sarehne Sang Dhaniel ngluwihi para priyagung lan para wakil raja,

 marga kadunungan roh kang pinunjul, Sang Prabu kagungan kersa

arep misudha dadi tetindhihaning wewengkon karajan kabeh”

 (Dhaniel 6: 4)

Nabi Dhaniel kawentar minangka nabi ingkang wasis saha prigel anggenipun nata prajaning karajan Medhia. Piyambakipun langkung wasis, prigel saha wicaksana tinimbang para pamonging praja sanesipun. Pramila, sang Prabu Dharius badhe misudha piyambakipun minangka pucukipun manggalaning praja, ingkang nggadahi wewengkon ing karajan sedayanipun.

Punapa ingkang ndadosaken Dhaniel langkung onjo? Piyambakipun estu ngabekti dhumateng Gusti. Piyambakipun tansah nindakaken olah karohanen ingkang tumemen. Piyambakipun ndedonga saha memuji asmanipun Gusti kaping tiga saben dintenipun (ay. 11). Dhaniel saestu nresnani Gusti Allah saha tansah manekung sumarah ing ngarsanipun. Punika ingkang ndadosaken roh-ipun tansah cumadhang, ngorong dhumateng Gusti lan Gusti mbabar sih rahmat ing rohipun. Pramila,  rohipun sangsaya dangu sangsaya onjo lan ageng. Ing salajengipun, roh punika ingkang nuntun pikiran lan manahipun satemah sangsaya kebak ing wawasan, prigel ing pakaryan saha wicaksana ing pangucap lan tumindak.

Pancen menawi nyambut damel punika mbetahaken wawasan saha ketrampilan. Pramila kathah kursus saha pelatihan kangge calon pegawai ing kantor saha perusahaan. Punika pancen sae. Ananging samangke kita sami sinau bilih utaminipun inggih punika sesambetan kita sami kaliyan Gusti. Wondene sedaya kursus dalah pelatihan wau minangka piranti ingkang Gusti agem kangge njangkepi kita sami. Roh ingkang pinunjul nuntun pikiran saha manah kita satemah kasagedna sinau bab punapa kemawon ingkang kita betahaken ing  pakaryaning gesang. Sumangga kita sami ngudi agening roh kita sami kanthi sesambatan raket kaliyan Sang Ilahi. I *OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ