Kidung Pangadhuh 3:1-9, 19-24; Jabur 31:2-5, 16-17; I Petrus 4:1-8;Mateus 27:57-66 NYINGKUR PEPENGINANING DAGING “Dadi sarehne Gusti Yesus Kristus wis nglampahi sangsara kadagingan, mulane kowe iya sikepa gegaman pikiran mangkono, amarga sapa kang wis nandhang sangsara kadagingan iku wis mareni anggone ngalakoni dosa, supaya wektu kang isih ana, aja kokanggo nuruti kepencuting manungsa, nanging mituhu marang ing karsaning Allah” (I Petrus 4:1-2) Ngendhaleni dhiri punika langkung angel tinimbang ngendhaleni lembu punapa jaran. Awit ngendhaleni dhiri punika kedah mepes hawa nepsuning dhiri. Pepenginan daging punika saged bekta manungsa dhateng kalepatan lan karusakan, ingkang ndadosaken asoring budi. Rasul Petrus paring pepenget supados para pitados kedah asikep gegamaning kautamaning gesang. Gesanging pamblasar ingkang kawengku ing dosa kedah katilar, abota kados pundi estu kedah katilar. Jumbuh kaliyan pakaryanipun Sang Kristus ingkang sampun paring kasucening gesang dhateng manungsa. Sampun ngantos kapencut malih dhateng pepenginaning daging. Sabab tiyang ingkang sampun nampi sih-rahmatipun Gusti punika kedah njagi berkah punika. Gesangipun kedah kajumbuhaken kaliyan karsanipun Gusti. Pambirat pambesoting Allah dhateng para kagunganipun katampia lan karegema minangka piandeling gesang. Piandeling gesang punika saged kangge mbengkas pepenginan daging lan migunakaken wekdal punika kangge ngluhuraken Gusti. Praharaning gesang ingkang tinempuh ndadosna sansaya kekah lan kiyat. Pamepering dhiri saking pamblunthahing gesanging kadagingan lan kaunggulaning gesang saking hawa nepsu kaunjukna ing ngarsa Dalem Gusti minangka wujud pangibadah ingkang sejati. Dadosa tuladha mring sesami bilih gesangipun tansah wonten ing salebeting kasucening Allah. Gesangipun namung midherek karsa lan panuntunipun Gusti Allah ing Sang Kristus Yesus. Ugi kanthi pitados bilih wonten ing Panjenenganipun badhe tansah kaparingan kaunggulan sarta berkah tentrem rahayu ingkang langgeng sampurna. Amin. |*AK
Jemuwah, 29 Maret 2024 Jemuwah Adi
Yesaya 52:13-53; Jabur 22; Ibrani 10:16-25; Yokanan 18:1-19 SINERAT ING LOHING MANAH “Sabab sawuse Panjenengane ngandika: “Iki prajanjian kang bakal Sunanakake karo wong-wong iku, sawuse wektu iku,” Panjenengane banjur ngandika maneh: “Ingsun bakal maringi angger-anggeringSun ana ing atine, sarta Sunserat ana ing budine, sarta Ingsun ora ngenget-enget maneh marang sakehing dosa lan panerake” (Ibrani 10:16-17) Tiyang ingkang mangretosi ancas tujuaning lampah badhe ngraosaken tentrem awit mangretosi margi ingkang dipun tuju. Beda kaliyan tiyang ingkang dereng mangertos papan ingkang badhe dipun tuju, wonten raos was sumelang, punapa saged dumugi papan ingkang dipun tuju utawi malah kesasar. Serat Ibrani 10:16-25 nedahaken sepinten agenging katresnanipun Gusti Allah dhateng sagung tumitah punika. Gusti Allah mboten badhe ngetang malih sadaya dosa kalepatanipun. Pakaryaning pangluwaran saking pamengkuning dosa punika katindakaken sapisan kangge ing salaminipun. Gusti inggih badhe paring prajanjian anyar kangge para pitados. Gesangipun badhe katuntun dening Sang Roh Suci. Gusti paring margi ingkang anyar kangge lumampah ngener ing tentrem rahayu. Margi punika inggih namung wonten ing Sang Kristus ingkang sampun nandhang sangsar, seda lan wungu malih ngawonaken pati. Inggih Panjenenganipun punika ingkang dados marginipun, tan wonten margi sanesipun ingkang tumuju dhateng tentrem rahayu. Awit saking punika kanthia tumemen, katulusaning lampah lan kapitadosan samia kumandel ing panuntunipun Gusti. Paugeranipun Gusti sampun sinerat ing lohing manah para kagunganipun. Lampahing para kagunganipun Gusti badhe tansah lestari awit katuntun ing paugeran sarta sihipun Gusti Allah nyrambahi dhateng sadaya titahipun ingkang nampi prasetyanipun. Iba bingahipun yen punapa ingkang kedah dipun lampahi sampun sinerat ing lohing manah lan budi. Kanthi makaten pangangen-angening gesang lan lampah kita tinunggil ing Gusti Allah. Amin. |*AK
Kemis, 28 Maret 2024 Kamis Pethak
Pangentasan 12:1-14; Jabur 116:1-2, 12-19; I Korinta 11:23-26;Yokanan 13:1-17, 31b-35 KATRESNAN MARANG GUSTI “Aku tresna marang Sang Yehuwah awit miyarsakake swaraku lan panyuwunku, sarta talingane nilingake aku, mulane sajegku urip aku bakal nyebut marang Panjenengane” (Jabur 116:1-2) Tiyang mesthi badhe nindakaken punapa kemawon dhateng ingkang dipun tresnani. Pramila wonten ukara: “Katresnan kuwi abot sanggane.” Inggih awit katresnan punika kababar kanthi pangurbanan. Pangurbanan punika saged awujud bandha, penggalihan, lampah utawi panindak malah kepara nyawa. Dhasaring katresnan kita inggih namung pakaryan katresnanipun Gusti Allah ing Sang Kristus. Inggih ingkang sampun mbirat dosa lan nucekaken kita. Kanthi katresnan pangurbananipun ingkang katindakaken awit katresnanipun dhateng sagung tumitah punika Gusti kepareng manjalma dados manungsa saha tumedhak ing bumi. Thedakipun paring piwucal, inggih paring tuladha, ingkang ngedab-edabi tumrap pamawasing manungsa punika. Panjenenganipun pindha abdi ngladosi manungsa, lan ngetohaken nyawanipun kangge nebus manungsa. Sadaya pakaryanipun punika estu awit sihipun dateng sadaya tumitah punika. Sadaya punika satunggaling kasunyatan ingkang tumrah dhateng manungsa supadosa sami mratobat, malah nampeni warisaning kaswargan inggih gesang langgeng. Nalikaning gesang ingkang kapadhangan lan kebak ing berkah inggih awit Gusti Allah ingkang miyarsakaken pasambat lan panyuwun sarta pamaturnuwun ingkang saestu mbingahaken kados kekidunganipun Juru Masmur punika. Sajegku urip arep tansah memuji asma Dalem Gusti lan babaraken pakaryanipun supados manungsa samia mangertosi lan pitadosa dateng pakaryanipun. Mekatena ugi katresnan kita dhumateng Gusti Allah, inggih katresnan ingkang tulus ing batos. Gesang ingkang tansah nindakaken dhawuh sarta pranatanipun Gusti awit saestu kita sampun nampi kaluberaning berkah lan kawilujengan saking Allah. Amin. |*AK
Rebo, 27 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah VI
Yesaya 50:4-9a; Jabur 70; Ibrani 12:1-3; Yokanan 13:12-32 SAMEKTA GATI NINDAKAKEN DHAWUH ADI “Payo padha kita lakoni kanthi mandeng marang Gusti Yesus, kang nuntun kita ing sajroning pracaya sarta kang ngasta pracaya kita marang kasampurnan, kang ora ngetang kanisthan manggul salib kalayan mantep, sulihing kabungahan kang kacawisake kagem Panjenengane kang samengko lenggah ana ing tengening dhampare Gusti Allah” (Ibrani 12:2) Kita mbetahaken gesang ingkang tansah samekta ing gati, lan estu sadaya kedah samekta gati malah ing sadaya prakawis. Samektaning gati punika kedah kakanthenan tulusing manah lan lampah panindakipun. Boten sangga-runggi, ingkang baken sumadya ing gawe. Ingkang baken ingkang katindakaken namunga awit kagem kaluhuraning Gusti lan kasaenaning sesami. Tan suwala awit punika jumbuh kaliyan karsa lan pitedahipun Gusti Allah agesang. Wonten ing serat Ibrani 12:1-3; kapratelakaken bab pabalapan ing nindakaken punapa ingkang sae tumraping gesang wonten ing Sang Kristus Yesus. Supados sadaya panindak punika katingal ing gesanging para pandherekipun Gusti Yesus. Malah panindak punika minangka paseksi pakaryaning Gusti Yesus Kristus. Inggih pakaryan bab anggenipun ngluwari manungsa saking pamengkuning dosa. Mbok bilih tumraping tiyang sanes punika kanisthan tanpa gina, ananging tumraping para pandherekipun Gusti Yesus punika mujudaken satunggaling kaluhuran ingkang sejati, kepareng ndherek manggul salib ingkang mbekta karahayoning agesang ingkang sampuna ing patunggilanipun Gusti Yesus. Gesang ing Sang Kristus punika langkung utami, awit ing ngarsanipun punika kebak ing sih lan kadarman, kebak ing pangajeng-ajeng. Yen dipun wewada asanes malah sansaya nyantosakna gesang kapitadosan, lan sageda dados margining tiyang sanes punika mangertosi endahing pakaryan ing salebeting Sang Kristus. Tansaha samekta nindakaken sakarsanipun Sang Kristus murih jagad kebak ing tentrem rahayu. Amin. |*AK
Slasa, 26 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah VI
Yesaya 49:1-7; Jabur 71:1-14; I Korinta 1:18-31; Yokanan 12:20-36 GUSTI PEPARANG SANTOSA “Paduka mugi karsaa dados redi parang tumrap kawula, dados papan pangauban kawula, saha beteng ingkang milujengaken kawula, awit inggih Paduka punika ingkang dados redi parang tuwin beteng kawula.” (Jabur 71:3) Gregeding lampah punika betahaken daya linuwih, betahaken tetamenging gesang. Tameng ingkang saged dipun andelaken inggih punika tameng ingkang rosa, ingkang saged dados piandeling gesang. Tameng ingkang saged kajagekaken rikalanipun hangadepi sarupining bebaya lan pepalanging gesang. Juru Masmur mitadosi bilih Gusti Allah punika minangka piandel ing gesangipun. Wiwit taksih alit mila piyambakipun tansah kumandel dhumateng Gusti. Kumandelipun inggih awit mangertosi lan anggenipun tansah ngraosaken sih pitulunganipun Gusti ing gesangipun. Malah awit anggenipun pitados kaaturaken wonten ngarsa Dalem Gusti bilih wiwit ing kandhutan mila anggenipun memuji Gusti awit saking kaelokaning pakaryanipun. Juru Masmur tansah sumendhe ing sauruting gesangipun. Ngantosa sepuh Gusti Allah boten nilaraken piyambakipun. Juru Masmur ngrumaosi bilih ing yuswa sepuh punika badanipun sansaya ringkih, boten saged nindakaken kathah pandamel kados rikala taksih anem. Awit saking punika Juru Masmur mratelakaken panyuwunanipun, supados Gusti boten nilar piyambakipun. Makatena piyambakipun boten badhe nebih punapa malih nilaraken Gusti Allah. Juru Masmur nggadahi sesantining gesang bilih badhe tansah ngantepi ing pangajeng-ajeng saha mindak-mindak anggenipun tansah hangluhuraken Gusti Allah. Mekaten ingkang badhe katindakaken ing sauruting gesangipun. Sumangga tangsah pitados bilih kawilujengan, kasantosan, katentreman punika namung wonten ing Gusti Allah, tetameng ikngkan santosa. Kanthi ndada bilih gesang punika kebak kakirangan lan karingkihan, ndadosna sansaya rumaket sarta kumandel ing ngarsa Dalem Gusti. Amin. |*AK
Senen, 25 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah VI
Yesaya 42:1-9; Jabur 36:5-11; Ibrani 9:11-15; Yokanan 12:1-11 GUSTI NUNGGIL DHATENG KANG REMPU ATI “Rayung kang pepes tumelung ora bakal kakethok, tuwin uceng-uceng kang melik-melik ora bakal dipateni, nanging iku bakal ngundhangake kabeneran kalawan setya…” (Yesaya 42:3-4) Yen gesang ngraosaken sayah, nggih perlu nggaso, lerem sawetawis. Lerem saperlu naliti, nggegalih gesanging diri lan kawontenan gesang sarta lampah ingkang sampun katindakaken. Punika katindakaken supados saged nata diri malih, saged nambah wawasaning gesang punika supados saged lumampah malih salajengipun kanthi panggalihan, pakaryan ingkang saestu tumuju ing kasaenan. Awit kanthi mekaten saged nggayuh gegayuhaning gesang punika. Punapa malih gesangipun saged kajumbuhaken kaliyan pakaryan, pitedah sarta karsanipun Gusti, ingkang minangka pepajaring gesang ugi tuking berkah sarta kakiyataning gesang. Gesangipun saged ndada bilih badanipun ringkih lan nyawa namung cumadhang dateng berkahipun Gusti. Gesang kedah kakanthenan pandonga lan tansah jumaga supados saged kalis saking goda rencana lan bilahi. Nabi Yesaya mratelakaken bilih Gusti Allah paring kakiyatan lan pangluwaran. Gusti Allah badhe tansah nyatosakaken. Gusti badhe paring sih pitulung lumantar para ingkang sampun kapiji nindakaken sadaya karsanipun murih karaharjan, lan kasaenan gesang sagung titahipun. Ingkang pinilih, inggih ingkang kaparingan panguwaosipun, piniji ngundhangaken kayekten tentrem rahayunipun Gusti Allah. Wonten ing Sang Kristus Yesus punika kababar. Saestu Gusti Yesus nyantosakaken tiyang ingkang setya lan pitados dateng Panjeneganipun. Gusti Yesus ingkang kautus nindakaken prasetyaning Allah, ugi ingkang mbirat dosa, nyantosakaken, nentremaken sarta paring pamawasing gesang tumuju dhateng tentrem rahayu. Wonten ing Sang Kristus sadaya sami saged hangraosaken sih-palimirma, sarta kamulyaning gesang ingkang saestu anjog ing kasampunan ingkang sejati, ingkang ngayemaken ing gesang. Amin. |*AK
Setu, 23 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah V
Yeremia 33:10-16; Jabur 118:1-2, 19-29; Markus 10:32-34, 46-52 GUSTI BADHE MULIHAKEN UMATIPUN “He abdiningsun Yakub, sira aja wedi – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – he Israel, sira aja miris! Amarga lah Ingsun ngluwari sira saka ing panggonan adoh, lan turunira saka ing nagaraning pambuwangan. Yakub bakal mulih lan uripe bakal jenjem lan tentrem, ora ana kang ngeget-egeti” (Yeremia 30:10) Tiyang ingkang ngraosaken pepes ing manah saged kecalan arah lan tlanjering gesangipun. Gesangipun sampun kecalan pangajeng-ajeng. Rumaos sampun telas anggenipun budidaya, sampun cunthel kecalan gesang. Perkawis punika asring kadadosan wonten gesang. Ugi tansah ngraosaken sampun abot, rumaos kijenan, boten wonten tiyang ingkang perduli, malah saged ugi ngraosaken bilih Gusti nilaraken piyambakipun. Pangandikanipun Gusti ing wanci punika nedahaken Gusti Allah paring prajanji bilih Panjenenganipun badhe mulihaken gesang umatipun dados kebak ing katentreman lan karaharjan, kumandhanging kutha badhe wonten malih. Nabi Yeremia nedahaken bilih Gusti Allah punika Allah ingkang asih mirrma, sih-susetyanipun langgeng ing salaminipun, boten ewah gingsir dhateng umatipun. Gusti Allah boten nate nilar pakaryanipun, boten nate nilah para titahipun, ananging estu bilih Panjenenganipun tansah njangkung lan mitulungi kados ingkang kaprasetyakaken lumantar para nabinipun Gusti punika. Awit saking punika ugi para umat kedah tansah caos urmat lan pamaturnuwun ing sadaya lampahing gesangipun. Gesang kanthi tansah nuhoni prasetyanipun Gusti Allah. Gusti Allah saestu nuwuhaken kaadilan lan nindakaken kaadilanipun sarta kayekten ing gesanging sagung tumitah punika. Sadaya katindakaken murih kababara tentrem-rahayu ing jagad. Minangka para kagunganipun Gusti Allah lan minangaka para ingkang pitados lan mitadosaken gesangipun ing pamengkuning sihipun Gusti Allah mesti badhe tansah lestari, boten badhe kecalan pangajeng-ajenging gesang. Awit sampun mangertosi sinten ta Gusti Allah punika ingkang kepareng mbabar pakaryanipun wonteng ing Sang Kristus Yesus. Amin, AK
Jemuwah, 22 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah V
Yeremia 33:1-9; Jabur 118:1-2, 19-29; Filipi 2:12-18 GUSTI TANSAH NUNTUN “Padha saosa pamuji sokur marang Pangeran Yehuwah, awitdene Panjenengane iku sae! ujer sih-kadarmane iku langgeng ing salawas-lawase.” (Jabur 118:1) Limrahipun tiyang agesang punika namung bab anggenipun nampi panandhang, pacoben ing gesangipun. Ingkang kathah pinanggih inggih bab pepalang sarta rubeda, panandhanging gesang malah kadang-kala panggresahipun ingkang kaaturaken. Umpami wonten kabingahan utawi kauntunganing gesang dipun dada bilih punika saged kasembadan inggih awit anggenipun mbudidaya ingkang sakalangkung saking tiyang sanes malah kepara bilih punika wujud kaunggulaning gesangipun. Juru Masmur mratelakaken bilih manungsa kedah tansah angluhuraken Gusti Allah ingkang tansah ngluberaken berkahipun malah berkah ingkang langgeng ing salamminipun. Panjenenganipun boten ewah gingsir, tetep ing prasetyanipun anggenipun tresna dhateng sadaya titahipun jumbuh kaliyan pakaryanipun engkang endah. Sadaya tansah sae ing ngarsanipun Sang Yehuwah Allah. Sadaya titah wonten ing paningalipun, kadulu sadaya mboten badhe kasamadan. Kaadilanipun jejeg boten nate ewah. Awit saking punika ing salebeting gesang punika kedah tansah ngupaya karsa lan panuntunipun Gusti Allah. Bilih kayekten ingkang sejati mijilipun namung saking Gusti Allah, inggih Sang Yehuwah ingkang nyipta lan mranata gesang sagung titah punika. Juru Masmur ngatag umat tansah caos sokur awit Gusti Allah punika sae lan sih kadarmanpun langgeng salaminipun. Gusti Allah tansah sumadya nunggil lan mitulungi, awit saking punika samia ngusi ing Panjenenganipun. Gusti badhe ngudaneni pasambat lan panyuwunanipun para kagunganipunIngkang tansah pitados lan mitadosaken gesanganipun wonten Ngarsa Dalem Sang Yehuwah. Payo tumungkul sujud ing ngarsa Dalem Gusti Allah awit dene namung Panjenenganipun ingkang saged paring tentrem rahayu raharjaning gesang ingkang sampurna. Amin. |*AK
Kemis, 21 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah V
Pangandharing Toret 16:1-8; Jabur 118:1-2, 19-29; Filipi 2:1-11 NUNGGIL ING SANG KRISTUS “Ing sajroning Sang Kristus iku ana pepeling, ana panglipuring katresnan, ana patunggilaning Roh, ana sih-katresnan lan piwelas.” (Filipi 2:1) Gesang tetunggilan mbetahaken pamawas ingkang luhur, ingkang dados margining sesambetan ingkang sae. Awit ingkang dipun tengenaken inggih punika kabetahaning sesarengan. Perangan punika kados ingkang dipun ngandikakaken dening Gusti, supados gesang punika migunani mring sesami minangka wujuding katresnan ingkang sejati. Katresnanipun Sang Kristus ingkang sampun katampi kedah maujud ing sawetahing gesang; inggih gesang tata batos utawi karohanen ugi tata badan utawi tata gelar lampahipun gesang punika. Pitados maujud ing tata gelar ingkang jumbuh kaliyan kapitadosanipun. Sang Kristus Yesus ingkang dipun pitadosi ingkang kawarna ing lampahing gesang. Rasul Paul nedahaken bilih gesang ing Sang Kristus punika gesang ingkang manunggil kaliyan Panjenenganipun. Katedahaken bilih ing Sang Kristus wonten pepeling, panglipuran, patunggilaning Roh, sih-katresnan sarta piwelas. Sadaya punika kedah kawarna, katingal ing gesang para pandherekipun. Inggih gesang ingkang cundhuk kaliyan pakaryanipun Gusti Yesus Kristus, inggih minangka Gusti Allah, Guru lan enering lampah punika. Gesang ingkang ngaosi sesami jumbuh kaliyan punapa ingkang katindakaken Sang Kristus ing pakaryaning kawilujengan kanthi nilar kamulyanipun ing swarga, nyamirupi dados manungsa. Inggih murih jagad nampenana sih-rahmat sarta tentrem rahayu. Gesang kita kawengkua ing Gusti Allah ingkang kepareng mbabaraken pakaryanipun lumantar gesang kita. Nunggil ing Sang Kristus inggih punika nampi sih-rahmat lan tentrem rahayunipun nanging ugi nampi tanggel-jawab mbabaraken sih-rahmat lan tentrem-rahayunipun punika ing gesang kita. Punapa ingkang wonten ing Sang Kristus estu kedah kawarna, katindakaken sarta kalampahan ing gesang kita sestu sedaya murih kaluhuranipun Allah. |*AK
RENUNGAN SADHAR – Sabda Winedhar April 2024
RENUNGAN SADHARSabda Winedhar April 2024Mitra Saben Ari Marsudi Ati Tema: Patunggilan Ingkang Gesang Ing Salebeting Katresnan Diterbitkan Oleh:Yayasan Taman Pustaka Kristen Indonesia(Anggota IKAPI)Jl. dr. Wahidin Sudirohusodo No. 38A Yogyakarta 55222Telp./Fax.: (0274) 512449; HP/WA: 087838211445E-mail: penerbit@tamanpustakakristen.comWebsite: www.tamanpustakakristen.com Bekerjasama dengan:Sinode Gereja-gereja Kristen JawaJl. Dr. Sumardi No. 8 & 10 Salatiga 50711Rek: BritAmaBisnis 0081-000589-56-1 a/n Sinode GKJTelp: 0298.326684 Email: sinode@gkj.or.id WA Center: +62 856 4066 6663Website: www.sinodegkj.or.id Klik disini Untuk mengunduh Temukan Pengalaman baru Renugan Harian Sadhar didalam genggaman smartphone.Unduh Aplikasi Renungan Harian Sadhar di Playstore, dan nikmati pembacaan renungan harian di kanal youtube Sinode GKJ Pemesanan dan Informasi dapat menghubungi Sinode Gereja-gereja Kristen JawaJl. Dr. Sumardi No. 8 & 10 Salatiga 50711Telp: 0298.326684 Email: sinode@gkj.or.id WA Center: +62 856 4066 6663

