Yesaya 32:9-20; Jabur 80; Yakobus 3:17-18 NGUDI RASA “Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis” (Yakobus 3: 17) Ing gesang padintenan, tumindakipun manungsa dipun temtokaken dening kalih prekawis, inggih punika pangertosan ingkang sae lan ingkang awon. Wiwit manungsa ingkang sepisan Adam dan Kawa nalika kadunungaken ing taman Eden, Allah sampun paring dhawuh :”Sawarnane wohing wit-witan ing patamanan iki kena sira pangan ing saksenengira, nanging wit pangawruhing becik lan ala iku wohe aja sira pangan. Dene samangsa sira mangan wohe, mesthi sira bakal mati” (Purwaning Dumadi 2:16-17). Amargi nerak angger-anggeripun Allah, wiwit saking ngriku manungsa dhawah ing dosa. Wonten ing gesang padintenan kita ugi tansah kagodha dening dayaning piala, Saben-saben kita badhe tumindak sae dayaning piala tansah ngalang-alangi murih kita mboten siyos tumindak sae. Supados mboten gampil kage’nde’ng dening dayaning piala, kita kedah mbudidaya nata manah lan remen olah rasa murih pikantuk kawicaksanan saking ngaluhur, awit daya ingkang sae punika badhe ndadosaken kita langkung wicaksana lan limpad ing budi. Ingkang punika kita kedah caket kaliyan Gusti, mangertosi lan ngestokaken karsanipun Gusti. Murih saged celak kaliyan Gusti kita kedah remen maos, nuli nggegilut lan ngraos-ngraosaken Sabdanipun Gusti, sanesipun punika saged ugi kanthi meditasi lan sregep dedonga. Dereng cekap punika, saksampunipun kita mangertosi karsanipun Gusti lan kaparingan kanugrahan kawicaksanan saking Gusti kita kedah nyatakaken lumantar pandamel kados ingkang dipun serat dening Rasul Yakobus “… Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis” ingkang sinerat wonten ing Yakobus 3: 13,17). Amin . |*SGH
Pendeta Septin Putri HalawaDitahbiskan di GKJ Jonggrangan
Vik. Septin Putri Halawa S.Th. resmi ditahbiskan sebagai pendeta dalam sebuah ibadah penahbisan di Gereja Kristen Jawa (GKJ) Jonggrangan pada tanggal 24 April 2024. Penahbisan ini menandai bertambahnya jumlah pendeta perempuan dalam jajaran pelayanan sinode GKJ. Ibadah penahbisan dipimpin oleh Pdt. Wiwik Wulandari, S.Si. dan dihadiri oleh berbagai tamu undangan, termasuk perwakilan bupati Klaten, Muspika Katen Utara, Kepala Desa Jonggrangan, pengurus Forum Kerukunan Umat Beragama Kabupaten Klaten, pengurus Forum Kebersamaan Umat Beriman Kabupaten Klaten, Kepala Kantor Kementerian Agama Kabupaten Klaten, Badan Pelaksana Klasis Klaten Tengah, pengurus Forum Kerjasama Gereja-Gereja Kabupaten Klaten, pendeta-pendeta terundang, visitator Sinode GKJ XXIX, serta majelis dan jemaat GKJ Jonggrangan. Setelah penahbisan, Pdt. Septin Putri Halawa menyampaikan kotbah sulungnya dengan tema “Melangkah Merengkuh Asa dalam Kebersamaan”, sebuah perenungan Injil Lukas 8: 43-48 dalam bingkai harapan konteks setempat. (Visitator : Pdt. Andono Pawoko M.Si.)
Senen, 29 APRIL 2024 Minggu Paskah V
Yesaya 5:1-7; Jabur 80; Galati 5:16-26 SANES TINDAK AMBEK SIYA ANANGING KAADILAN SANES KAONARAN ANANGING KABENERAN “… kang diajeng-ajeng kaadilan, nanging kang ana mung tindak ambek siya, kang diantos-antos kabeneran nanging kang ana mung kaonaran” (Yesaya 5:7) Waosan wanci punika arupi kekidungan ingkang kaserat dening Nabi Yesaya ingkang nyariyosaken bab kebon anggur. Temtunipun ingkang kagungan kebon anggur ngajengaken murih saget panen anggur ingkang sae, pramila dipun rimat kanthi tumemen, dipun dangir, dipun resiki saha dipun damelaken gubug kangge njagi kebon anggur punika. Ing tanah jawi limrahipun gubug punika kangge ngaso nalika ngresiki/matun, saged ugi kangge jagi wanci dalu nalika pikantuk giliran ngelebi sabin murih toyanipun mili dheteng sabinipun mboten dipun ilekaken ing sabinipun tiyang sanes, saged ugi kangge jagi nalika parinipun sampun njebul murih mboten dipun telasaken dening peksi. Mekaten ugi sampun dipun cawisaken papan mirunggan kangge nglempakaken asilipun nalika panen mangke, menawi ing cariyos kebon anggur punika kadamelaken jogangan kangge papan pameresan anggur. Lajeng kadospundi nalika panen wohipun anggur punika kecut, punapa mboten kuciwa lan duka ingkang kagungan kebon anggur punika?. Kekidunganipun Nabi Yesaya punika yektosipun ngengetaken kita sedaya minangka kebon anggur kagunganipun Gusti, Gusti sampun paring kacekapan sandang, pangan, panggenan, kabetahaning gesang dipun cekapi, kabetahaning kajasmanen lan karohanen ugi sampun kacawisaken, malah kepara Gusti ugi sampun nyawisaken panggenan ingkang mirunggan ingkang adil, langgeng, sampurna kebaking kaadilan lan tentrem rahayu. Samangke sumangga kita sami mawas dhiri kita piyambak-piyambak, punapa kita taksih remen damel kuciwa lan dukanipun Gusti? Sampun cetho ingkang dipun kersaaken Gusti sanes anggur ingkang kecut, nanging anggur sae ingkang manis. Sanes tumindak ambek siya ananging kaadilan. Sanes kaonaran ananging kabeneran. Amin. |*SGH
Ahad, 28 APRIL 2024 Minggu Paskah V
Lelakone Para Rasul 8:26-40; Jabur 22:26-32; 1 Yohanes 4:7-21;Yokanan 15:1-8 MANUNGGALING KAWULA GUSTI “Kowe tetepa dumunung ing Aku lan Aku ana ing kowe.” (Yokanan 15:4a) Tembung “Manunggaling Kawula Gusti” asring kita pireng ing satengahing kabudayan Jawi, ingkang dipun ginakaken ing sawetawis peranganing gesangipun tiyang Jawi, sae punika kabudayan, kapitadosan punapa dene pawiyatan. Tembung punika ngemu teges nunggilipun manungsa (titah) kaliyan Gusti (ingkang nitahaken). Wonten ing Yokanan 15:1-8, manunggaling manungsa kaliyan Gusti Yesus kagambaraken kados dene wit anggur ingkang sejatos. Kados ingkang kaserat ing ayat 5, ” Aku iki wite anggur lan kowe pang-pange. Sing sapa tetep dumunung ana ing Aku, lan Aku ono ing dheweke, iku kang metu wohe akeh, awit manawa tanpa Aku, kowe padha ora bisa tumindak apa-apa.“ Punika negesaken bilih gesangipun tiyang Kristen, kedah tansah nyawiji/nunggil kaliyan Gusti temahan saged ngedalaken uwoh. Awit menawi mboten saged ngedalaken woh mila badhe dipun pagas lan dipun bucal kacemplungaken ing latu, sarta diobong. Kosokwangsulipun pang ingkang ngedalaken uwoh badhe dipun resiki dipun rukti temah sansaya kathah wohipun. Murih saged ngedalaken woh mila kedah tansah rumaket sumarah sawetahipun nunggil kaliyan Gusti. Kanthi mekaten wohipun saget migunani tumrap sesami . Tegesipun gesang kita minangka pang ingkang nyawiji kaliyan witipun badhe dados margining berkah saking Gusti lumantar pagesasangan kita ingkang ngedalaken woh ingkang saged karaosaken dening tiyang kathah. Kanthi woh ingkang kathah yektosipun kita atur paseksi bilih kita punika dados siswanipun Gusti Yesus. Temah sansaya kathah tiyang ingkang tepang lan ngraosaken sih katresnanipun Gusti lan sansaya kathah ugi tiyang-tiyang ingkang ngluhuraken asmanipun Gusti. Amin. |*SGH
Setu, 27 APRIL 2024 Minggu Paskah IV
Amos 9:7-15; Jabur 22:26-32; Markus 4:30-32 NGRAWUHAKE KRATONING ALLAH “….Pancen wiji iki, padha-padha wiji kang ana ing bumi, cilik dhewe.”(Markus 4: 31) Lumantar pasemon bab wiji sawi Gusti Yesus mucalaken babagan Kratoning Allah. Sawi punika kalebet wit-witan herbal ingkang tuwuh ing tlatah Palestina, mirunggan ing sakpinggiripun seganten Galilea. Wiji Sawi kalebet ingkang paling alit piyambak ing antawisipun wewijen ingkang wonten ing Galilea. Nanging sanadyan namung alit saksampunipun dipun tanem, wiji punika tuwuh dados ageng lan ngrembaka, ngantos dados panggenan kangge ngeyub peksi-peksi lan peksi-peksi punika saestu ngraosaken ayem, temah sami krasan ngayom wonten mriku. Lantaran pasemon punika Gusti Yesus nedahaken bilih rawuhipun Kratoning Allah ing satengahing pagesangan ing donya punika kawiwitan saking prekawis ingkang alit lan prasaja ingkang sinartanan tumindak. Wiji ingkang alit-alit punika kedah dipun tanem supados saged tuwuh lan ngrembaka temahan saget migunani tumrap sakiwa-tengenipun. Tegesipun Gusti Yesus ngersakaken murih kita purun tumindak sanadyan to punika namung kawiwitan saking prekawis ingkang alit lan prasaja mila salajengipun Gusti piyambak ingkang badhe berkahi temah dados ngrembaka lan ngedalaken woh ingkang migunani tumrap sesami. Kita sampun ngantos nyepelekaken prekawis ingkang alit, saha sampun ngantos lingsem kangge nindakaken bab ingkang alit. Amargi sedaya mbetahahen proses ingkang kawiwitan saking perkawis ingkang alit lajeng sansaya dangu dados ngrembaka wonten pangreksanipun Gusti. Samangke punapa kita sampun miwiti tumindak nyata ingkang kawiwitan saking prekawis alit lan prasaja tumrap sedherek-sedherek, tetanggi ing sakiwa-tengen kita, temahan sedaya sami ngraosaken rawuhipun Kratoning Allah inggih punika tentrem rahayu. Amin. |*SGH
Jemuwah, 26 APRIL 2024 Minggu Paskah IV
Amos 8:11-13; Jabur 22:26-32; Lelakone Para Rasul 8:9-25 KASEKTEN KANG YEKTI “Simon dhewe iya manjing pracaya lan sawise dibaptis, tansah ngraketi marang Sang Pilipus sarta sumlengeren nyumurupi pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat linuwih kang tumindak” (Lelakone Pr. Rasul 8: 13) Sakderengipun Filipus rawuh ing Samaria, satunggaling tukang sihir ingkang naminipun Simon sampun asring mameraken kasekten sarta ngaken pinangka tiyang ingkang pinunjul. Tiyang Samaria sami kelu lan kapusan dening kasekten punika lan dipun gathukaken kaliyan panguwaosipun Allah ingkang ageng. Awit tiyang-tiyang Samaria punika pinangkanipun saking keturunan campuran antawising sisanipun bangsa Israel kaliyan bangsa manca ingkang kadunungaken ing Samaria dening bangsa Asyur nalika nelukaken Samaria. Murih mboten tuwuh padudon, Rasul Petrus lan Yohanes kautus dateng Samaria. Sanadyan kathah tiyang ingkang sampun kabaptis, nanging dereng sami katedhakan Roh Suci. Kadosdene Simon ingkang sampun pitados dhumateng Gusti lumantar peladosanipun Filipus, nanging piyambakipun taksih nggadhahi pamawas ingkang klentu, saksampunipun sumerep anggenipun pinaringan Roh Suci amargi katumpangan astanipun para rasul, Simon lajeng ngaturi arta dhateng para rasul, supados kaparingan kasekten. Simon nganggep bilih kasekten saged dipun tumbas saking para Rasul. Piyambakipun mboten mangertos menawi kasekten ingkang yekti punika pakaryanipun Roh Suci lumantar tiyang-tiyang ingkang dipun kersaaken dening Allah, kadosdene rasul Petrus lan Yohanes. Saking lelampahan punika negesaken bilih kasekten ingkang yekti punika saged kelampahan namung amargi panguwaosing Allah lantaran Roh Suci, punika mujudaken kanugrahanipun Allah. Murih mboten nggadahi pangertosan ingkang klentu tiyang ingkang sampun kabaptis kedah nglampahi pamratobat ingkang sawetahipun tegesipun kedah saget nilaraken gesang lami ingkang mboten nyondhongi karsanipun Allah lan ngrasuk gesang anyar wonten pangrehipun Gusti. Kanthi mekaten saestu kita saged ngraosaken kasekten yekti pakaryanipun Roh Suci. Amin. |*SGH
Kemis, 25 April 2024 Minggu Paskah IV
Amos 8:1-7; Jabur 22:26-32; Lelakone Para Rasul 8:1b-8 OJO NDELAH! “Wong andhap asor bakal padha mangan nganti wareg, wong ngupaya Sang Yehuwah bakal ngalembana Panjenengane; atimu cikben urip ing salawase” (Jabur 22:27) Nalika nembe nandhang kaprihatosan amargi mawarni-warni prekawis, kadosdene nalika nembe nandhang sakit ingkang dangu mboten mantun kamangka sampun mbudidaya kanthi maneka warni cara, anggenipun dedonga nggih mboten kirang-kirang, nanging punapa ingkang dipun ajeng-ajeng dereng ugi kasembadan. Wonten ing kawontenan ingkang kados mekaten gesang karaos semplah, cupet nalaripun malah keladukipun saged kecalan kapitadosan dumateng Allah. Awit rumaos mboten dipun gatosaken lan katilar dening Allah. Ing waosan kita dinten punika Juru Mazmur negesaken bilih sayektosipun Allah mboten badhe negakaken gesangipun tiyang-tiyang ingkang sami kumandel dhumateng Panjenenganipun. Pramila tan kendhat Juru Mazmur anggenipun dedonga nyenyuwun dhumateng Gusti lan pitados bilih Gusti punika mboten mastani asor lan jijik kanisthaning tiyang kang katindhes, mboten ngaling-alingi wedananipun lan tansah miyarsakaken saben tiyang ingkang asesambat dhumateng Panjenengane. Pramila sampun ngantos semplah lan ndelah anggen kita ngantu-antu rumentahing sih-palimirmanipun Gusti. Wondene ingkang kedah kita tindakaken salebeting pangantu-antu inggih punika : Pramila menawi kita nembe mrangguli prekawis ingkang awrat ingkang ndadosaken karupekaning gesang sampun ngantos semplah lan ndelah, nanging “…para sedulurku kang kinasih, kowe padha dibakuh, tanpa gingsir, lan tansah disregep anggonmu nglakoni ayahane Gusti! Awit kowe padha sumurup, yen ana ing patunggilaning Gusti, kangelanmu mesthi ora muspra” (1Kor 15:58) Amin. |*SGH
Penandatangan dan Penyerahan SK Emeritasi Pdt. Rusyanto-GKJ Jambeyan, Sabtu, 20 April 2024
Petang itu, di kediaman Pdt. Rusyanto, kedatangan saya, disambut dengan sapaan khas “oke” dan “yes” oleh Pdt. Rusyanto. Majelis GKJ Jambeyan, Perwakilan Panitia Emeritasi, Pendeta Konsulen dan Istri Pdt. Rusyanto juga turut mendampingi Tepat pukul 18.00 WIB, pembawa acara mulai membacakan rangkaian acara Penandatangan dan Penyerahan SK Emeritasi Pdt. Rusyanto dengan pengantar Bahasa Jawa. (Seluruh percakapan dilakukan dengan Bahasa Jawa) Ketua Majelis GKJ Jambeyan menyampaikan sambutannya sekaligus menyerahkan tanda cinta jemaat kepada Pdt. Rusyanto. Demikian pula Visitator Sinode dan perwakilan dari Bapelklas Sragen XVIII, dalam sambutan yang disampaikan, keduanya mendorong Pdt. Rusyanto memasuki masa Emeritus dengan sukacita dan fokus kepada upaya pemulihan kesehatan. Harapannya nanti, pada usia 60 tahun dapat melaksanakan Ibadah Emeritasi, Penahbisan Pendeta sekaligus peresmian gedung gereja. Dengan keyakinan bahwa Tuhan memelihara umat kepunyaan-Nya. Setelah penandatangan SK, yang dilakukan oleh perwakilan Bapelsin XXIX, Bapelklas Sragen XVIII, dan majelis GKJ Jambeyan, lalu dibacakan isi SK tersebut oleh Ketua Majelis. Acara dilanjutkan dengan doa syukur yang dipimpin oleh Pendeta Konsulen dan diakhiri dengan ramah tamah. Selamat memasuki masa emeritasi Pdt. Rusyanto… syukur kepada Allah atas pemeliharaan-Nya hingga saat ini. Pdt. Yemima Widi Nurani-Visitator Sinode
Monica Puspa Nandarista Ditahbiskan Menjadi Pendeta Ke-3 GKJ Karangdawa
Sabtu, 20 April 2024 Pagi itu, sekitar pukul 08.30, diringi tabuhan suara gamelan, satu per satu jemaat GKJ Karangdawa berdatangan menuju Gedung GKJ Karangdawa di Desa Tambak. Mereka datang, memenuhi gedung gereja dengan raut wajah sukacita, untuk mengikuti Ibadah Penahbisan Pendeta yang ke-3 dalam diri Vikaris Oh, Monica Puspa Nandarista. Ibadah ini dihadiri oleh beberapa Pendeta dari Klasis Klaten Timur, dari Klasis Tetangga, perwakilan dari Kampus UKSW, dan Visitator Sinode GKJ. Dalam perarakan menuju ke altar gereja, lima (5) Pendeta Perempuan yang hadir waktu itu, mengiringi Vikaris Oh, Monica Puspa Nandarista yang berjalan tanpa alas kaki, untuk membasuh, membersihkan kakinya sendiri. Hal tersebut, sebagai simbol sosok Perempuan yang siap dipakai untuk melayani Tuhan. Ibadah Penahbisan dipimpin oleh Pdt. Raditya Wishnu dan diiringi dengan ansambel musik yang menarik, diharmonisasikan dengan tabuhan gamelan Jawa. Dalam Khotbah sulungnya, yang bertema: “Cinta yang Melegakan”, Pdt. Oh, Monica mengajak kepada seluruh jemaat dan hadirin, bersinergi mempersembahkan cinta dalam pelayanan kepada Sang Sumber Cinta, Yesus Kristus, karena Dia telah memberikan cinta yang melegakan jiwa bagai air yang menyirnakan dahaga. Selamat berproses bersama dengan Sang Cinta, selamat menjalani masa pelayanan dengan cinta yang melegakan Pdt. Oh, Monica. (Pdt. Yemima Widi Nurani-Visitator Sinode)
Liminalitas danGKJ Bersatu Mengantar Sdr. Danang Kurniawan
Di tengah atmosfer khusyuk, Sidang Istimewa GKJ Klasis Jakarta Timur digelar di GKJ Bekasi pada hari Sabtu, 20 April 2024. Agenda utama sidang tersebut adalah Ujian Calon Pendeta Pelayanan Khusus (PPK) atas diri Sdr. Danang Kurniawan, M.A.R.S yang akan diutus melalui GKJ Bekasi sebagai PPK yang melayani di Universitas Kristen Teknologi Solo (UKTS). Sdr. Danang Kurniawan, M.A.R.S menempuh Ujian Calon Pendeta setelah sebelumnya menjalani masa pembimbingan secara komprehansif bersama Tim Pembimbing dan Penguji yang terdiri dari: Pdt. Aris Widaryanto (PPA GKJ), Pdt. Johan Kristantara (TGTL GKJ), Pdt. Samuel Silo Samekto (Khotbah) dan Pdt. Wisnu Tri Handayani (Sejarah Gereja). Dalam penulisan Karya Tugas Akhir dan Naskah Khotbah Sdr. Danang mengusung tema: ”Liminalitas dan GKJ”. Liminal adalah sebuah istilah antropologis yang menjelaskan situasi ambang atau transisi. Studi Liminalitas dan GKJ dipilih dengan tujuan mendukung komitmen Sinode GKJ untuk menjawab harapan UKTS sebagai penyelenggara pendidikan yang berumur 40 tahun. Pengutusan Sdr. Danang Kurniawan, M.A.R.S sebagai PPK di UKTS merupakan bentuk komitmen bersama antara GKJ Bekasi, GKJ Klasis Jakarta Bagian Timur, Sinode GKJ dan UKTS dalam rangka memajukan Lembaga Pendidikan yang berdasarkan keputusan Sidang Istimewa Sinode GKJ 17-18 November 2021 di Salatiga menjadi lembaga pendidikan yang dimiliki dan dikelola oleh Sinode GKJ.. Diharapkan Sdr. Danang dapat menjalankan tugasnya sebagai PPK dengan penuh dedikasi dan membawa manfaat bagi UKTS dan GKJ. Oleh persidangan, Sdr. Danang Kurniawan dinyatakan layak tahbis sebagai PPK dan akan memasuki masa vikariat. Hadir dalam sidang sebagai Visitator Sinode GKJ adalah Pdt. Anugrah Kristian dan Pdt. Bernadus M. Eksilimawan.




