+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 20 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah V

Hagai 2:1-9, 20-23; Jabur 119:9-16; Yokanan 12:34-50

KUMANDEL ING SIHING PANGERAN

“Gusti Yesus tumuli ngandika: “Pepadhang iku ana ing kowe

mung  kari sagebyaran bae. Sasuwene pepadhang iku ana ing kowe, pracayaa marang dheweke, supaya kowe aja nganti kesaput

ing pepeteng, sing sapa lumaku ana ing pepeteng, iku ora weruh menyang ngendi parane.” (Yokanan 12:35)

Nalikanipun lampu dumadakan mati, saged ndadosaken bingung, semplah, mangkel, ngundamana, lan sapiturutipun. Sadaya punika kalampahan awit mripat mboten saged ningali punapa kemawon. Sadaya namung katingal cemeng, yen badhe lumampah raos ajrih sabab mangke malah nabrak barang utawi kejeglong ing margi ingkang mboten rata.

Ing Yokanan 12:34-50 Gusti Yesus paring pitedah dhateng para pandherekipun sarta tiyang kathah, lan ugi para tiyang Farisi supados sami pitados dateng Sang Pepajaring gesang. Pepajar peparingipun Gusti Allah ingkang sampun sesarengan kaliyan para tiyang wau lan sejatinipun Pepajar punika inggih Gusti Yesus piyambak kados ingkang sampun wineca dening para nabining Allah. Wonten saperangan ingkang kumandel nanging kanthi sesideman. Makaten angelipun sami nampi Sang Pepajar punika. Kados ingkang sampun wineca dening nabi Yesaya, bilih badhe kalampahan kathah tiyang ingkang mangkotaken manahipun mboten pitados dhateng pakaryanipun Allah. Batosipun sampun katutup awit taksih nengenaken badanipun lan kalenggahan tata kamanungsanipun. Gusti Yesus nandhesaken bab kalenggahanipun minangka Sang Pepajar. Sok sintena ingkang pitados dhateng Panjenenganipun punika tegesipun pitados dhateng Gusti Allah lan badhe kaparingan Pepajaring gesang lan uwal saking pamengkuning pepeteng.

Mekatena gesang kita punika, namung awit Pepajaring gesang inggih punika Gusti Yesus Kristus, kita saged uwal saking pepeteng. Inggih awit kita sampun kapajaran lan katuntun ing karahayon peparingipun punika. Kanthi kumandel ingkang ngeblak lan sanyata ing gesang. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ